Sabtu, 03 Januari 2015

PARIKAN



PARIKAN

Parikan iku unèn-unèn kang dumadi seka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunaake purwakanthi swara.

Kang diarani parikan
Yaiku unèn-unèn mawa paugeran telung warna yaiku :
·         kadédan saka rong ukara kang dhapukaké nganggo purwakanthi guru swara
·         saben saukara kadedan saka rong gatra
·         ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha:
Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra).
Calon Guru, kudu sabar (ukuran Kapindho, 2 gatra).
 Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatené wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perluné, supaya ing sadurungé ukara kang isi utawa “wosé” dikandhakaké, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atiné, satemah banjur nggatekaké, bisa ngerti temenan marang maksudé ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).

Tuladha parikan

Dondong apa salak, duku cilik-cilik
Gendong apa mbecak, mlaku timik-timik.

Teklek kecemplung kalen
Timbang golek aluwung balen.

Wajik Kletik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja.

Manu ( cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku:

Parikan kang kadadéan saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2

Tuladha
Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda)
Priya nggantheng, sugih ngelmu (4 wanda + 4 Wanda
Tuku manggis, karo tapé ( 4 wanda + 4 wanda )
Aku nangis, mikkir kowé ( 4 wanda + 4 wanda )
Wèdang bubuk gula jawa ( 4 wanda + 4 wanda )
Yèn kepethuk ati lega ( 4 wanda + 4 wanda )

Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2

Tuladha
Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda).
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda).

Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2

Tuladha
Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga
Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah basa.

Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2

Parikan sing kadadéan saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, sawéneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumrap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Déné yén tembung “pada” iku sing dikarepaké kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadéan saka 2 gatra: dadi kabéh ana 4 gatra Wondené carané nulis 4 gatra iku, kena baé didadékake 4 larik.
Tuladha kasebut kena katulis mangkene
Enting-enting gula jawa
Sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa
Wajib seneng nggubah basa
Wetan kali kulon kali Arep nyabrang gak onok uwote Wetan gati kulon yo gati Yen ditimbang pada abote
Ali-ali temunpang kasur Aku lali pira regane Aja lali pahlawan sing jujur Ngelingana jasa2ne
Esuk nyuling sore nyuling Sulingane arek Suroboyo Esuk eling sore eling Sing di eling ora rumongsa

Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing

Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha
  • Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)
Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
Katrangan Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
  • Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur
Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.

Carane ngarang parikan

Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.
 (Sumber: http://jv.wikipedia.org/wiki/Parikan)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar