ASAL-USULE
KUTHA KEPANJEN;
CRITA ASMARANE
PRABARETNA-PANJI PULANGJIWA
Asmaradana
Malangan
Yen ndika ngerteni neki,
Wong urip nok alam donya,
Ora nemen sengsarane,
Lan malih kaweruhana,
Tinggalane tyang kuna,
Iku sejatine ngelmu,
Kang tumrap neng alam donya.
Kacarita kang
ana ing kadhipaten Malang. Adipati Rangga Tohjiwa kagungan putra
putri sing ayu rupane, becik bebudene, kuwat prihatine, grapyak sumanak marang
kabeh kawulane. Sekaring kadhipaten iku asmane dewi Prabaretna. Sang
putri wis ngancik dhiwasa, wis wayahe mangun bale wisma. Ewasemono durung
ana jejaka, pangeran uga raja mudha kang nglamar sang
dewi. Mengkono uga sang dewi Prabaretna, sajak durung ana kekarepane rinengkuh
dening priya. Wektu iku sang dewi gentur mesu budi, ngudi elmu kanuragan ing
padhepokan gunung Kawi.
Wusana sang
dewi katimbalan marak sowan, kinen kondur ing Kadipaten. Adipati Rangga Tohjiwa nganakake
sayembara. Sapa-sapa kang bisa ngasorake kridhaning jurit dewi Prabaretna bakal
dipundhut mantu, kadhaupake karo sang dewi. Dewi Prabaretna ora bisa selak
maneh. Kawicaksanane Ingkang rama mau uga gawe marem penggalihe, sebab calon
garwane kudu bisa ngasorake ulah kridha jurite.
Sayembara iku
enggal kabiwarakake. Ora mung tlatah sakupenge gunung Kawi, gunung Arjuna,
Gunung Anjasmara, lan gunung Semeru bae. Ora mung ing laladan kadipaten brang
wetan, lan Mataram bae. Biwara Sayembara iku sumebar nganti tekan laladan
kadipaten Sumenep ing pulo Medura.
Ana salah
sawiji punggawa kadipaten, asmane Sumalewa. Sumalewa ing sekti mandraguna,
murid kinasihe Ki Ajar Jafar Sodiq. Nalika sowan lan matur krenteg atine marang
sang Ajar, Sumalewa didhawuhi supaya sabar, ora gumampangan. Abot sanggane dadi
mantune Adipati. Kudu nduweni ati sing jembar, lan saguh leladi marang kawula
cilik. Ora mung nuruti hardane nepsu pribadhi bae. Sumalewa matur sendika.
Ki Ajar mesem
banjur ngendika,” Ngger, Sumalewa. Becik tatanen maneh atimu, budi dayaning
manungsa iku rinengkuh dening wasesane Gusti Kang Maha Kawasa,”
“Sing prayitna
angati-ati. Bakal ana wong sabrang kang sekti mandraguna. Titikane pawongane
brengosen tur antingan, rikmane ingumbar dawa. Satriya pilih tandhing ora
gampang dikalahake. Santosa budine, pengkuh kekarepane. Ing ngendi bae tansah
nggawa pusaka piandele. Nduweni daya kekuwatan sasrabau paribasane,”
Sawise nyuwun
idi pangestu, Sumalewa banjur nyuwun pamit. Bali ing kadipaten, banjur aba
prentah marang prajurit andhahane. Sabregada prajurit kinen jaga tapel wates
sisih lor kadipaten Malang. Sapa bae pawongan, lanang lan asal saka
njaban rangkah cinegat wani. Ora mung kuwi banjur kinrocok gaman, dipateni.
“Prajurit kabeh
bae padha estokna! Wiwit dina iki, tlatah kene dadi lelawangane kadipaten
Malang. Sapa bae kang bakal tumuju ing kadipaten Malang kudu liwat gapura, ya
korine kadipaten iki. Mula besuk ing rejane jaman, katelaha tlatah iki dadi
LAWANG!”
“Delengen kali
sing banyune mau bening, saiki dadi abang mbranang dening getih pangrocok
gamanmu, mula dadia arane, kali iki besuk bakal aran KALI GETIH!”
Ana satriya
bagus, putrane adipati Sumenep. Panji Pulangjiwa, asmane. Adreng penggalihe
kepengin mupu sayembara. Supaya ora kadenangan prajurite Sumalewa, mula anggone
tumuju kadipaten Malang ora liwat sisih lor. Panji Pulangjiwa mlaku sesidheman
liwat tritis sisih wetan kadipaten Malang. Nalika arep mlebu kadipaten, lakune
kandheg amarga ganda sengir pesing ing sakiwa tengene. Marang para pandhereke
Panji Pulangjiwa banjur dhawuh,”He bocah prajurit, peteng lelimengan anggone
awake dhewe mlebu ing kadipaten Malang. Ing kana-kene gandane sengir pesing tur
akeh kewan, raja kaya ingopenan ing kandhang. Mula mbesuk rejane jaman,
katelaha tlatah iki kanthi sebutan KEDHUNG KANDHANG,”
Sayembara wis
kawiwitan. Kabeh kang melu sayembara wis kasoran ing yuda dening satriya loro,
yaiku Panji Pulangjiwa lan Sumalewa. Bareng adhep-adhepan, nyata lelorone
timbang bobot kasektene. Perang tandhing mau nganti suwe banget. Sing padha
nonton padha giris miris weruh tandange sing padha adu kandele kulit, landhepe
gegaman. Wusana Sumalewa wiwit entek kekuwatane. Dene Panji Pulangjiwa katon
isih cukat trengginas, tetep trampil ulah yudane. Kabeh mau krana aji-aji akik
Suleman lan kasekten Sambernyawa kagungane.
Wusana Panji
Pulangjiwa kang kudu ingadhepan dening dewi Prabaretna. Mirsani kasulistyane
sang putri, geter ing penggalihe. Saya mramong tekade, bisa dhaup karo sekaring
kadipaten Malang. Dhasar prajurit wanita, tatag teteg tangguh lan tanggoh. Ora
gigrig senajan ngadhepi satriya sekti Panji Pulangjiwa. Wusanane kaya si
Sumalewa, dewi Prabaretna keseser ing jurit. Ing sawijining kalodhangan,
ngrapal aji panglemunan. Panji Pulangjiwa lena, bareng eling jebul mungsuhe wis
ora ana. Dewi Prabaretna lumaris, ngoncati paprangan.
PanjiPulangjiwa
banjur aweh sasmita marang turanggane, Sasrabau. Kanthi kesit enggal numpak
jaran sekti, mbujung playune dewi Prabaretna. Jebulane dewi Prabaretna mlebu ing
benteng petilasane praja Singasari rikalane semana. Sasrabau ngerti
karepe bendarane, enggal mandheg jegreg ing sangarepe gerbang. Sabanjure Panji
Pulangjiwa ngrapal mantra sekti. Sarwi sedhakep saluku tunggal, epek-epeke
ingusap nganti metu keluke. Kanthi ngetog karosan, gerbang benteng iku sinurung
saka kadohan. Jumleger swarane, nganti sing nyumurupi padha alok, BEDHAH,
BEDHAH, KUTHANE BEDHAH. Kang mangkono dadi tetenger jenenge KUTHA BEDHAH.
Wusana dewi
Prabaretna pasrah jiwa raga marang panji Pulangjiwa. Lelorone kadhaupake. Ora
mung kulawarga-santana praja kang bungah, senadyan para kawula melu ngrasakake
kamenangane Panji Pulangjiwa kanggo jaya santosane kadipaten Malang. Dewi
Prabaretna lan Panji Pulangjiwa kagungan putra kakung, asesilih Raden panji
Wulung utawa Raden Panji Saputra. Para kawula melu seneng gumbira sebab
lelorone tansah grapyak sumanak, prasasat antarane kawula lan gusti wis bisa
manunggal kanggo raharjaning praja kadipaten Malang.
***
Kacarita negara
Metaram ngerigake wadya bala prajurite tumuju kadipaten-kadipaten ing Brang
Wetan. Sebabe ora liya akeh para adipati sing ora ngrawuhi pisowanan, ora kirim
glondhong pangareng-areng guru bakal, guru dadi, kangga tandha panungkul maneh.
Nalika semana
alas gedhe ing gunung Kawi lan Anjasmara kebak sato kewan galak. Kondhange
kadipaten Malang nduweni alas gung liwang-liwung, jalma mara jalma mati. Ing
alas gung liwang-liwung tur wingit iku ana sima ngamuk kang ngedab-edabi. Wadya
bala Metaram kandheg awit padha geter gigrig krungu crita galake sima edan mau.
Ora mengkono tumrape sang senapati Metaram. Tanpa gigrig enggal mblanjang
jarane tumujweng alas wingit mau. Saperangan prajurite banjur padha alok AJA
BODHO, AJA BODHO. Mula Senapati mau kaparingan asma JAKA BODHO.
Prajurit
Metaram kang dipandhegani Joko Bodho wis lumebu ing tlatah kadipaten Malang.
Saya ngangseg tumuju kutha praja. Minangka prajurit wanita, dewi Prabaretna
ndherek maju perang. Weruh prajurite kocar-kacir dening Jaka Bodho, duka banget
sang Dewi. Akhire lelorone adhep-ingadhepan. Prang tandhing adu katiyasan. Dewi
Prabaretna ngerti yen wektu iku dudu prang tandhing kaya rikalane sayembara.
Ing sawijining kalodhangan dewi Prabaretna lena. Kerise Jaka Bodho tumancep ing
igane dewi Prabaretna. Kena dayane keris sekti, gya ngalumpruk tanpa daya sang
dewi Prabaretna. Joko Bodho melu kaget, sebab eling dhawuhe gurune. Pusakane
bakal ilang daya ampuhe lamun sinudukake marang wanita.
Prajurit
kadipaten Malang keseser ing yuda. Panji Pulangjiwa kasep rawuhe. Anggane sang
dewi enggal binopong, ginawa ing jero kadipaten. Nanging Gusti Kang Akarya
jagad wus mesthekake. Dewi Prabaretna gugur minangka kusumaning praja kadipaten
Malang. Wusana layone sang dewi sinarekake ing sakupenge pendhapa kadipaten
Malang.
Ngamuk punggung
Mataram Raden Panji Pulangjiwa. Getune kepati-pati awit garwa kinasihe gugur
ing prang. Panji Pulangjiwa satemene ora rila lamun wanita maju ing jurit.
Panji Pulangjiwa ndeleng mungsuh kanthi kabek kamurkan. Sigra matek aji samber
nyawa piyandele. Kanthi nitih Sasrabau ngrabasa wani marang prajurit Mataram.
Bosah-baseh prajurit. Sasrabau gawe kapitunan gedhe, apamaneh kasektene Panji
Pulangjiwa. Bisa ginebug mundur nganti tekan sisih kulon laladan kadipaten
Malang.
“Wis leren
dhisik. Ndhelika ana ing kene. Aku kang bakal ngayoni Panji Pulangjiwa!”
Prajurit
Mataram sawetara wektu banjur padha NGEBRUG ing kono. Jaka Bodho nyekel bakuh
pusakane. Keteg jejantunge nititir aweh sasmita. Krana pusakane wis ilang
yonine, wis ora ana daya ampuhe mula kanthi gampang Panji Pulangjiwa nyedani
Senapati Mataram, Jaka Bodho. Layone Jaka Bodho disarekake ing kono, ing dhusun
MBODHO kalebu tlatah desa NGEBRUK.
Sauntara iku
rasa getun keduwung kang dirasakake Panji Pulangjiwa dadi sanggane penggalih
kang ngregemeng tansah tut wuri sang satriya. Dhahar ora mirasa, sare ora bisa
merem, penggalihe tansah ora jenak. Kang mangkono nganti sauntara wektu. Ora
ana sawiji pawongan kang bisa ngendhakake pangrasa getun keduwung mau. Panji
Pulangjiwa mung kelingan ingkang garwa sang dewi Prabaretna kang wis sowan bali
ing ngarsane Gusti.
Sauntara iku
Kanjeng Sultan ing Mataram pirsa lamun wadya prajurite kalindhih ing prang. Mula
banjur ngerigake bala prajurit maneh. Cacahe luwih akeh saka sadurunge.
Prajurit kang lagi teka Mataram mau wus nyawiji karo wadya bala prajurit kang
padha ngebrug. Sabanjure banjur mangetan, ngarah marang kutha praja kadipaten
Malang. Tekan ing tlatah sisih kidule kutha praja banjur padha leren,
MESANGGRAH sinambi tata baris, pirembugan lan nyamaptakake sakeh ubarampene
prang. Mula saka iku, tlatah ing sakidule kutha praja iku banjur katelah
SANGGRAHAN.
Asil pirembugan
iku tumuju marang upaya ngadhepi pangamuke Raden Panji Pulangjiwa kang nyta
satriya pilih tandhing. Wosing pirembugan, wadya bala Metaram bakal laku karti
sampeka. Paribasan kenaa iwake aja nganti butheg banyune.
Sigra prajurit
Mataram yasa PANGGUNG ing sakidul-wetane kutha raja. Ing sadhuwure panggung
pinasang kenya kang memper dewi Prabaretna. Sang kenya memba Prabaretna iku
ngadeg ing sadhuwure panggung. Sarwi nembang Asmaradana. Sauntara ing burine
panggung wis digawe sumuran kanggo ngroyok Panji Pulangjiwa. Sabanjure
kabiwarakake ing akeh yen dewi Prabaretna nggoleki garwane Raden Panji
Pulangjiwa.
Kabar mau
wusana kapireng dening sang Panji Pulangjiwa. Enggal nyengklak Sasrabau.
Nglunja sru lumumpat ngarah marang PANGGUNGREJA. Ing panyawange katon garwa
kinasihe kang wingi binopong kanthi tatu ing igane. Jebul isih jati waluya,
waluya jati. Nembang Asmaradana ing sadhuwure panggung. Bareng Panji
Pulangjiwa nubruk sang kenya, enggal tinarik sang kenya memba Prabaretna. Panji
Pulangjiwa mung ngrangkul suwung, nanging penggalihe wis kadhung kablebegan
rasa gumbira lan marem. Ilang kaprayitnane, liwung anggane tumiba ing sumuran
ing suwalike panggung.
Senapati
mataram aweh sasmita. Kinrocok sakeh gegaman sang bagu Panji Pulangjiwa. Gugur
ing prang mbelani kadipaten Malang. Kabar lelayu anjrah ing kadipaten Malang.
Layone Panji Pulangjiwa sinarekake jajar sumandhing lawan ingkang garwa, dewi
Prabaretna. Tinunggon Sasarabau kang dadi seksi watak tamtama wirotamane Panji
pulangjiwa-Prabaretna ndhepani bumi pertiwi, netepi darmaning satriya sejati.
Pakurmatan
marang lelorone wujud kasedhihane kawula ing kadipaten Malang. Tuwa mudha,
gedhe cilik, lanang wadon, padha bebarisan tumuju kutha praja kadipaten Malang
kang winisudha aran KEPANJEN saka tembung ka- + panji + -an.
“Ayo padha
LAYAT…LAYAT…LAYAT..”
Saking kehe
bebarisane wong layat mau, nganti ingaran desa KLAYATAN.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar