KIDUNG KUSUMAWICRITRA
Hong wilaheng sekaring bawana
langgeng
1. Menawi dumugi ing jaman Kaliyoga, mboten wonten ingkang
ngelangkungi tiyang sugih, boten kocap
tiyang ingkang guna,
ingkang prawira, utawi pandita putus,
sadaya sami marek
anembah dhateng tiyang sugih.
2. Ing jaman ngriku bangsaning Pendita sirna, lawan
bangsaning ratu melarat kawelasasih,
anak sampun purun di
pitenah, para pandita sami ngelampahi
dados nakoda.
3. Bumi tansah gonjing, jagad tansah dahuru, Ratu keringan
arta tansah pinisungsungan ing tiyang
sugih, sagung ingkang
ulah padamelan sami nurut ingepahan,
seganten mili dateng
lepen.
4. Tiyang beber (darah) asor wangsul dados tiyang luhur,
kamurkanipun tiyang saya anglangkungi,
Sang Ratu
kalumuhan dhateng sang Pandhita, mboten
woten kang
anglampahi panembah.
5. Kaliyan wedalanipun kaluhuran saking dipun saranani arta,
karanten Sang Ratu kawisesa dhateng
tiyang sugih, tiyang
salah dados awet ing damel, tiyang leres
dados ketiwar tiwar,
awit saking melarat.
6. Tiyang murka sangsaya andadra dados angsal pengenan,
tiyang sabar wekasane dados kirang
paramarta, tiyang dursila
durjana sami adamel cilakanipun tiyang
sepuhipun.
7. Sang Ratu sasat suwita dating sang Pepatih, sagung ingkang
andum sami milih, pratingkahipun
sawenang wenang, ical
berkating bumi, sami kasrakat, kadosto :
oyod oyotan,
gegodhongan, woh wohan sami tanpo guna.
8. Ingkang saged, ingkang kewasa, boteng angresepi ing jagad,
bangsa Pandita, Satriya, Waisya miwah
bangsa Sudra sami
tunggal padamelan, karanten sajagat sami
angaken saged, sami
angegung aken diri, mboten wonten
ingkang purun kasoran.
9. Tiyang ulah sastra tuwin ulah puja Samadhi boten wonteng
ingkang anut ing pamardining Panditha,
tanpa damel , sagung
japamatra mboten wonten ingkang
katarimah, adil khukum
mboten anglabeti, temah dados durgama.
10. Sami rebah ing sekar cepaka, hangsoka, hangsana,
candhana wungu, kenanga, surastri,
nagasarai, sadaya witipun
sirna sami winandungan, tinegoran,
tinutuhan, kaparapalan
erining pung secang lawan pilang.
11. Sakatahing peksi : merak, banyak, dhangdhang, bango
sapanungalanipun sami lebur pinasangan
pikat lajeng
sinengkeran, ingkang suko bingah namung
: segawon, babi,
sami ing openan, panilala tinuwukan erah
kalian daging.
12. Salebeting jaman Kaliyoga sakatahing tiyang sami langkung
amurka, tansah tukar arebat kaluhuran,
tiyang sajagat
sampun mboten uningo dating sanak
sadherek, mengsah
ingkang sampun kathah cacatipun
rinangkul minangka kanthi.
13. Wewalering Dewa tinarajang, sakatahing candhi
rinisakaken, kabuyutan mboten wonten
damelipun, sami
sumun, sagung sami carios pepakem,
kagunan, kasantikan,
sami linebur dening tiyang bodho ingkang
murka ing jagad.
14. Kacarios ing jaman punika saestunipun sakawan, ingkang
wiwitan nama jaman Kretayuga, Sang Hyang
Premana ingkang
dados witing agesang, punika wonteng
pulunging galih, saweg
tasih siniwi ing Swarga.
15. Kaping kalih jaman Tirtayuga, prenah ipun Sang Hyang
Premana wonten samdyaning paningal.
Kaping tiga jaman
Dwaparayoga prenahipun Sang Hyang
Premana wonten daging
kalawan erah.
16. Kaping sekawan jaman Kaliyoga, Sang Hyang Premana
manggia ing kulit lawan ulu puhung. Dene
yen Jaman
Kretayuga yuswa ning Sang Hyang Premana
saketi taun.
17. Ing Jaman Tirtayuga punika gesangipun Sang Hyang
Premana dumugi saleksa taun, Ing Jaman
Dwaparayoga yuswa
sewu taun langkung satus taun kalian
satuh wulan.
18. Yen Jaman Kaliyoga punika yuswanipun enggal enggal,
kados upaminipun gebyaring kilat wonten
ing mendhung, Kala
ing Jaman Kretayuga, wiwitipun ingkang
dados perang
putranipun pandita nama Dewi Nuruki.
19. Ing Jaman Tirtayoga, jalarananipun ingkang dados perang
ageng nama Dewi Sinta, ing Jaman
Dwaparayoga ingkang
dados wiwitaning perang Drupadi, kocap
putri linuwih.
20. Ing Jaman Kaliyoga kathah ingkang dados sababing perang
ageng, inggih punika pawestri, siti,
miwah rajabrana. Mila
kaenget engetan. Sang Sujana sampun
pijer olah arta, amrih
dhateng tiyang estri.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar