WANGSALAN
Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhèk)
dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik,
bisa uga awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:
- Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
- Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).
Tuladha
sing wujud tembang:
- Jirak pindha munggwing wana
- Sayeng kaga we rekta
- Sinambi kalaning nganggur
- Wastra tumrap mustaka
- Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
- Kinarya langen pribadi
Batangane:
- Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
- Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
- We rekta kang muroni = iket.
- Baon sabin = karya.
Jenisé Wangsalan
- Wangsalan lamba yaiku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra. Gatra kang ngarep isi wangsalan, gatra sing isi batangané.
Tuladha:
Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)
- Wangsalan rangkep (camboran) yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Unen-unene wangsalan rangkep kadadeané saka rong ukara, siji-sijine ukara kadadean saka rong gatra.Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi batangane.
Tuladha:
Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat
kawula
- Wangsalan memet yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.
Tuladha:
Uler kambang, yen trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude
lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane
tembung kang surasane alon-alonan, yaiku tembung satitahe. Tembung satitahe
ateges ora ngaya, mung tumindk sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
- Wangsalan padinan yaiku ana sing nganggo nyebutake batangane, la nana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing pandha krungu (maca) dianggep wis ngerti maksude (batangane).
Tuladha:
Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke
digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude wangsalan njagan gori yaiku mbudheg,
api-api ora krungu.
- Wangsalan mawa paungeran tartamtu
Wangsalan
mawa paungeran tartamtu kena kaperang dadi loro, yaiku:
Mawa
paungeran 4 wanda + 8 wanda Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba
(mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra
ngarep 4 wanda, isi wangsalan : gatra buri 8, isi batangane. Tuladha: Reca
kayu, golek kawruh rahayu.(reca kayu = golek)
Mawa
paungeran (4 wanda + 8 wanda ) X 2 = 24 wanda Kang mawa paungeran (4 wanda + 8
wanda) x 2 = 24 wanda yaiku wangsalan rangkep (isi batangan luwih saka siji).
Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kapisan
(rong gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane. Tuladha:
Sayuk
rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda
Sayektine,
wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda
Sayuk
rukun = saiyeg, saeka praya
Wulang
wido mangsa rowang = bido
- Wangsalan edi-peni yaiku wangsalan sing mawa paungeran .
- Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
- Saben saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda )
- Ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.
Tuladha:
Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung mudha,
nggegulanga ngiket basa.
- Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cacahé wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paungeraning tembang.
Tuladha:
Sinom
Edane wong
keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam wuntah balabaran, geni mati
muring-muring, prembenahan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta
si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.
Petis
manis = kecap
- Wangsalan kang sinawung ing tembang yaiku cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo wangsalan (dilagokake dening pesindhen, niyaga utawa bocah-bocah sing padha manembrama).
Tuladha:
Pangkur
Lamba (slendro Pantet 9)
Purwaka
(buka,Basa)
Kembang
adas sumebar neng tengah alas
Tuwas
tiwas anglabuhi wong ora waras
Alah
bapak, balung jagung saguhku isih janggelan
Wiwit
gerong sing baku
Lagu
gendhing pangkur lamba
Maweh
gumirah wardaya
Tur mathuk
kinarya aba
Mlaku
bareng ulah raga
Balung
jagung:maksude janggel
Janggelan
= during tetep, isih kudu janji maneh, sendhe, bisa uga wurung.
Tuladha
wangsalan ing tembang campursari kangen
Kangen Pitung sasi lawase nggonku ngenteni, mung sliramu wong
bagus kang dadi ati, rina wengi mung tansah takimpi-impi, jroning ati kangenku
setengah mati, jenang gula ya mas ya mbok aja lali, ngelingana rikala jaman
semana, sliramu janji aku setya ngenteni, lair batin tresnaku terusing ati,
kangen wong kangen ngene-ngene rasane, rindhu-rindhu tambane kudu ketemu, klapa
mudha enake kanggo rujakan, leganana aku kang nandhang kasmaran, mbalung janur
wong bagus takanti-anti, ngusadani wong kangen kang antuk jampi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar