Tradhisi Tingkeban utawa Mitoni
Tembung mitoni tembung lingganipun
pitu, pikantuk ater-ater anuswara m-, panambang –an lan –i. Dene tegesipun
inggih punika nindakaken pakaryan. Tingkeban asalipun saking tembung tingkeb
ingkang tegesipun nutub, mingkub. Mitoni inggih punika upacara adat,
wilujengan tumrap calon Ibu ugi si Jabang bayi ing kandhutan ingkang
sampun ngancik wulan kapitu. Ing bebrayan Jawi kandhutan yuswa pitung wulan
penika kalebet kandhutan sepuh, pramila kedah dipun samaptakaken samudayanipun
murih pinanggih gangsar, wilujeng boten manggih aral satunggal punapa. Kanthi
Tingkeban, sampun nutub, mingkub dedalaning godha- panggodha tumrap calon Ibu
lan jabang bayi, manggiha wilujeng nirkala.
TATACARA TINGKEBAN
“Negara mawa tata, desa mawa cara”,
prasasat saben laladan nggadhahi tatacara piyambak-piyambak. Ing andhap punika
namung salah satunggal tuladha ingkang dipunsumerapi (penulis) kemawon;
1. Sungkeman
Calon Ibu lan Calon Bapak mijil saking
sasana panti busana tumujweng ing ngarsanipun para sesepuh. Kekalihipun lajeng
nindakaken sungkeman. Kapisan dhumateng Rama-Ibu saking calon Bapak,
kalajengaken ing ngarsanipun Rama-Ibu saking calon Ibu. Jroning batos nyuwun
rumentahing pangastawa murih sedaya paran sedya tansah binerkahan awit
donga-pangestunipun tiyang asepuh. Ugi mengku werdi murih si Jabang bayi
tansah anggadhahi watak utama, bekti dhumateng bapak-ibu, saged “mikul dhuwur
mendhem jero”.
Salajengipun kekalihipun kadherekaken
tumuju ing pasiraman.
2. Siraman
Calon Ibu pinaringan donga pangestu,
lumantar peparing siraman toya suci. Wadhahing toya inggih punika genthong toya
ingkang sampun rinengga maneka warna. Toyanipun sinawur ing sesekaran murih
manggih arum mawangi, kongas mrebawani.
Lenggahipun linambaran klasa bangka, ron
gangsal warna ingkang werdinipun sae; ron kluwih, ron alang-alang, ron apa-apa,
ron dhadhap seprapat, ron nanas.
Peparing Siram dipuntindakaken dening
priyantun putri cacah pitu. Kawiwitan Rama-Ibu, eyang putri, budhe,
bulik, lan salajengipun. Jroning batos namung tansah nyenyuwun ridlaning Gusti
Kang Akarya Jagad supados sageda gangsar lancar lairipun si jabang bayi boten
manggih alangan satunggal punapa. Ugi ngemu pangajab murih si jabang bayi ing
tembenipun tansah resik-suci tebih saking godha rencana.
Sasampunipun sedaya paraga sampun peparing
siraman kangge ngicali sukerta, ingkang pungkasan juru panata busana paring
sampurnaning siraman kanthi anyepeng kendhi kagem sesuci (wudlu) calon ibu.
3. Ganti Nyamping
Tata cara punika mangagem nyamping pitung
warni. Nyamping kapisan kaagem lan nyuwun tetimbangan dhateng Ibu-ibu ingkang
sami amirsani. “wis pantes apa durung?”, wangsulanipun “durung!” mekaten
ngantos nyamping kapitu, nembe paring wangsulan “pantes”. Dene nyamping ingkang
kasamaptakaken inggih punika :
a. wahyu tumurun : mugi si calon ibu lan
jabang bayi pikantuk ridlaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos, pikantuk wahyu
sejati, manggih wilujeng widodo nir ing sambekala.
b. Sida Asih : mengku pangajab mugi si
jabang bayi tansah pikantuka raos tresna asih saking tiyang asepuh, sanak
kadang miwah tangga tepalih sami remen amargi bebudenipun si jabang bayi/lare.
c. Sida Mukti : murih tansah nyandhang
drajad pangkat, sekeca gesangipun lair batos.
d. truntum : mugi-mugi si jabang bayi
tansah saged tumaruntun, nurun kesaenan lan kadarmanipun keluwarga.
e. Sida Luhur : gesangipun si jabang
bayi tansah celak ing kamulyan, boten kekirangan satunggal menapa ing
gesangipun. Bapak-Ibunipun tnsah pikantuk rejeki ingkang halal barokah hanyekapi
sedaya kabetahanipun.
f. Semen Rama : tansah pikantuk raos asih
kados asihing tiyang sepuh kekalih nenulad raos tresna asihipun Prabu
Rama dhateng Dewi Shinta mekaten ugi sawangsulipun.
g. Babon Angrem : mugi-mugi anteng jinem
kebak ing raos asih kebak pangayoman, calon Ibu anggenipun njagi lan
nggulawenthah si jabang bayi.
4. Angrem : inggih punika
lenggahipun calon Ibu ing sanginggilipun nyamping pitu ingkang kalawau dipun
agem/dipun coba. Mengku pralampita bilih calon ibu saestu anggenipun mbangun turut
dhateng tiyang sepuh, ngudi murih widada-santosa kandhutanipun. Boten keguh ing
sabarang kewuh, kwagang ngadhepi sakeg godha panggodha. Jroning baton amung
tansah nyenyuwun palimarmaning Gusti Ingkang Maha Welas lan Maha Aih
supados sedaya gegayuhan sageda kasembadan.
5. Nigas Janus utawi benang
lawe ingkang kasabukaken ing wangkinganipun calon ibu dening calon bapak kanthi
migunakaken keris ingkang sampun linambaran kunir utawi benang lawe lajeng
mnir. Mengku teges mugi pinanggih gangsar lancar lairipun si jabang bayi.
Wonten sawenenh panggenan ingkang mekaten; sasampunipun calon bapak nigas janur
lajeng mlajeng kanthi rikat, mengku teges mugi saestu pinaringan gangsar lancar
lairipun si jabang bayi.
6. Brojolan inggih punika tatacara
nalika Ibu saking calon Ibu (pihak putri) mbrojolaken cengkir gadhing ingkang
mawi gambar kamajaya lan ratih. Anggenipun mbrojolaken liwat ing salebeting
nyamping ingkang kasarungaken. Dene ibu saking calon bapak (pihak kakung)
ingkang nadhahi wonten ing sangandhapipun. Anggenipun nampeni/nadhahi kanthi
nyamping ingkang dipun cepengi ing wingking dening paraga sanes. Nalika cengkir
gadhing mbrojol sarwi angucap “ lanang wadon ora dadi apa. Lamun lanang baguse
kaya kamajaya, yen wadon ayune kaya dewi ratih,” salajengipun cengkir gadhing
menika kagendhong manjing ing panti busana sesarengan kaliyan calon ibu.
7. Mecah cengkir gadhing.
Cengkir gadhing kalawau lajeng kasalap ing papan ingkang sampun kasamaptakaken
kanthi kahanan mengkureb, tegesipun boten katingal gambaripun bethara Kamajaya
lan dewi Ratih. Lajeng calon bapak nyigar ing sakala cengkir gadhing kalawau.
8. Sade Rujak. Calon ibu-bapak lajeng
sadeyan dhawet dhateng sanak kadang, para tamu sedaya. Werdinipun ngemu
pangajab mugi-mugi bebrayanipun tansah cekap ing sandhang lan pangan. Tebih
saking saipat kirang, nanging kebak ing raos syukur lan remen tumindak
kebagusan mliginipun kadarman. Suka peparing ingkang nandhang kekiranganan,
mekatena ugi benjang si jabang bayi ing gesang bebrayanipun.
9. Wilujengan. Ubarampenipun, bubur
pitung warni, Tumpeng Kuwat (tumpeng, urab-urap tanpa lombok, tigan godhog lan
lelawuhanipun. Jajan peken, pala pendhem, pala gumandhul, pala kesimpar, sajen
medekingan (sekul kuning, enten-enten, bubur procot).
Wilujengan minagka panutuping upacara Tingkeban. Kanthi pangajab manggih
wilujeng nir ing kala, manggih basuki kang kaudi, sembada kang kinarya,
kaleksanan sedaya gegayuhan, kasembadan lan binerkahan sedaya gegayuhan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar