Tayangan Mahabharata ing salah siji stasiun TV nasional pancen bisa narik
kawigatene pamirsa. Ora amarga kok ndilalah stasiun TV mau duwe hak resmi
nyiarake pista bal-balan internasional, world cup 2014 ing Brasil. Ora mung
kuwi sebabe.
Nalika wiwitan ditayangake, bocah-bocah isih padha mlebu sekolah. Ing
kelas, ing kantor ana wae pitakon ditujokake marang Guru Seni, Guru Muatan
Lokal Basa Jawa. Sapa ta Sengkuni iku. Drestajumena iku apa pancen anak pujan?
Bhisma iku sapa ta? lan akeh maneh pitakon liyane sing mbuktekake yen
masyarakat Jawa -khususe- isih ora kelangan Jawane. Isih nduweni rasa Jawa lan
kawigaten kang gedhe marang kabudayane.
Bocah-bocah sekolah uga mengkono. Pranyata tayangan Mahabharata iki bisa
narik kawigatene. Nalika ndeleng Arjuna, mbenerake kabar sing ditampa yen
Arjuna iku pancen satriya bagus tur seneng tetulung. Nalika ndeleng Bima lan
Nakula padha guyon, bocah-bocah mau uga melu ngguyu kemekelen. ah, endah
banget.
Saben ngarepake jam tayang, akeh sing sakulawarga banjur bisa ngumpul.
Padha kompromi lan sarujuk nonton acara kang padha. Kamangka biyasane sok nduwe
jadwal dhewe-dhewe. Yen jadwale bentrok karo anggota keluwarga liyane njur dadi
padu rame!
Yen ngono tontonan Mahabharata iku bisa nyukupi kebutuhan batin wong Jawa.
apa iya mangkono? Saperangan mbokmenawa iya. Sawise bosen lan jeleh karo
sinetro "ireng-putih" sing mung muruki carane mitenah, carane gawe
kapitunan, carane ngundhat-undhat malah nganti tekan carane nyingkirake mungsuh
kanthi cara apa bae; ora perduli endi sing bener lan endi sing luput, pamirsa
kaya oleh tontonan anyar. Pilihan anyar mau jebul Mahabharata, sing ngemu
piwulang lan tali batin kang kuat banget karo getihe wong Jawa.
Ipin Upin lan Mahabharata
Pilih ngendi antarane Ipin-Upin lan Mahabharata? Akeh sing pilih
loro-lorone. Kabeh nyukupi kebutuhane tontonan. Lucu, prasaja lan ora
neka-neka, nduweni kealusan watak/karakter kang disuguhake kanthi cara kang
alus lan alon-alon banget, isine piwulang becik lan pitutur luhur, basane luwih
santun tinimbang sinetron sing asli Indonesia liyane, ngandhut nilai-nilai
moral lan kearifan lokal kang tinemu ing Indonesia.
Ipin Upin jelas prodhukdine negara Malaysia. Mahabharata diprodhuksi ing
negarane Eyang Walmiki kana. Lha ndilalah maneh, unsur crita, setting, lan
swasana kang disuguhake iku bisa 'nyambung' karo alam pamikiran Jawa.
Yen wis ngene becike kita ngoreksi kawicaksanan pemerintah bab
kesenian-kabudayan. Uga perlu dielingake maneh para putra wayah marang agunge
filosofi ketimuran,nilai-nilai moral kang ana ing kabudayan nasional. Ora-ora
yen kalah karo duweke bangsa manca. Sing luwih penting mesthine kanggo para
seniman, produsen film, sinetron, lan sapa bae kang ana sambung rapete karo
jagading tontonan lumantar layar kaya. Kudu pinter milih lan milah. aja mung
waton payu.
Jagad Multimedia
Sauntara iku saiki akeh wong pinter ing Indonesia. Akeh nom-noman kang
lulus sekolah lan pawiyatan agung kang kiprah ing jagading multimedia.
Nanging endi asile kanggo bangsa Indonesia? Mligine ing bab kaya sing diaturake
ing dhuwur. Aja-aja sing diwulangake mung teori-teori lan tehnik multimedia,
nanging essensi bahan lan piwulang bab kabudayane ora ana??
Apik banget samangsa para-para sing wasis lan baut bab multimedia mengkono
iku ngecakake elmune kanthi lelandhesan luhuring kabudayane bangsa. Bukti
nyata, isih durung akeh bahan piwulang berbasis multimedia tumrap kesenian,
basa Jawa/daerah.
Durung akeh tinemu crita rakyat, keunggulan lokal, basa, aksara kang wis
digawe kanthi apik lan maton kanggo piwulangan.
Pancen wis sawetara ana komputerisasi aksara Jawa, film kartun si Kancil
lsp, pembelajaran interaktif basa Jawa, lan sapanunggalane. Nanging iku kabeh
dadi cilik artine samangsa katandhingake karo sugih mbrewune kabudayan Jawa lan
akehe penduduk utawa wong Jawa iku dhewe.
Nanging kudu ati-ati. Nggarap tema-tema duweke wong akeh, kaya ta crita
rakyat, srita wayang lan sapanunggalane iku ora kena sembarangan lan sakarepe
dhewe. Wis akeh contone amarga nguber episode crita baku dadi ngambra-ambra lan
dadi dipeksakake. Penulis nate ditakoni karo si mbarep sing cilikane nate maca
bab Damarwulan. Lho, Damarwulan iku apa sajaman karo si Kebo Mercuwet? Sebab
pitakon mengkono mau ora liya amarga katon sapejagong antarane Kebo Marcuwet,
Damarwulan lan Menakjingga. Akhire bocah utawa sing nonton dadi bingung, endi
sing bener lan endi sing luput. Luwih cotho maneh si bocah dadi ora percaya
kabeh, ya karo tontonan TV ya karo crita rakyat. Yen wis mengkono kepriye
nilai-nilai moral bakal bisa diwarisake marang generasi mudha kita?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar