Ki Narto Sabdo
Ki Narto Sabdo yaiku salah sawijiné maestro Kesenian tradisional Jawa
kang ana ing Indonésia. Asma kondhang Ki Narto Sabdo wus cinathet minangka
“empu” kesenian tradisional Jawa. Panjenengané kondhang minangka seniman
karawitan lan dhalang
wayang
kulit
kang mumpuni.
Sejatiné
Ki Narto Sabdo
Ki Narto Sabdo (lair ing Klathèn, 25 Agustus
1925 – tilar
donya ing Semarang, 7 Oktober
1985 kanthi umur60 taun)
ing yuswa 60 taun,Ki
Narto Sabdo menika seniman musik lan dalang wayang kulit
legendaris saking Jawa Tengah, Indonesia.Ki
Narto Sabdo lair ing Dusun Krangkungan, Désa Pandes, Kecamatan Wedhi,
Kabupatèn Klathèn, Jawa Tengah.
Asma aslinipun Ki Narto Sabdo yaiku Sunarto, Putra kakungé Bapak Parta Tanaya
(mranggi/ tukang gawé rangka duwung). Soenarto lan seduluré kang cacah 8 urip
ing kluwarga kang sarwa pas-pasan Mula saka iku, riwayat sekolahé mung tutug SD
(standart school) Muhamadiyah kang ora beda karo sedulur
liyané. Nyawang kahanan kang sarwa kurang iki panjenengané wus kulina urip
prihatin lan duwé tekad bakal ngènthèngaké panandhang ing kluwargané kanthi
cara dodol layah/cowèk kang digambari topèng. Soenarto wiwit cilik wis nuduhaké
bakat seni, mula panjenengané wani ngulandara (mengembara=indonesia) kanthi
tekad kang gumolong. Wiwit umur 15 taun panjenengané wus asring mèlu pakumpulan
wayang wong. Wus ora kaétung pira cacahé pakumpulan wayang wong kang wus
“ditèmplèki” nganti panjenengané srawung karo Ki Sastro Sabdo. Ki Satro
Sabdo mono pimpinan Wayang Orang (WO) Ngesti Pandawa Semarang,
Soenarto wiwit bisa nemokaké papan kang srek kanggo nggayuh pengangené dadi
seniman kondhang. Ki Narto Sabdo dadi dalang, ing
pertengahan 60-an, lan nyoba nerobos donya padhalangan pakeliran biasa nganggo
pakeliran kang uwis dimodhifikasi. Karya-karya seni saking Ki Narto Sabdo wus
kawentar ing Nuswantara mliginipun ing wewengkon tanah Jawa Tengah.
Kréasi
Sajroné Nyipta Gendhing
Nalika ambyur nyawiji ing WO Ngèsti Pandhawa, Soenarto
wus pinitaya nggarap gendhing-gendhing kanggo péntas. Wiwit saka iku
panjenengané gawé reriptan-reriptan anyar ing bab olah kridhaning gendhing Saka yasan gendhing anyar iki, WO Ngèsti
Pandhawa bisa milut sakèhing kang padha nonton pergelaran WO iki. Salah sawiji
karya Ki Narto Sabdo kang kondhang yaiku lelagon Swara suling. Lelagon iki
kacipta nalika tresnané Soenarto keplok sisih asta marang sawijining putri kang
ditresnani. Sajroning ngrenungaké rasa kuciwa lan prihatin, lamat-lamat
keprungu swara suling kang ngunèkaké lagu jepang kang
sinebut lagu Miyoto. Saka kahanan iki, Soenarto ngripta
lelagon Swara Suling. Lelagon-lelagon seratan Ki Narto Sabdo cepet kondhang
amarga kapopulèraké lumantar pentas WO Ngesti Pandawa. Saka atusan karya
gendhing Ki Narto Sabdo, manéka warna panyaruwé saka para musisi tradional
Jawa. Para musisi tradisi duwé panganggep menawa karya Narto Sabdo wus mbadal
saka pakem karawitan tradisi kang duwé aturan kang gumathok. Ki Narto Sabdo uga
nglenggana menawa akeh panyendhu ing bab karya-karyané, nanging yèn kabèh gelem
ngrasakaké lakuné gendhing Nartosabdan bisa katitik yèn gendhing-gendhing mau
ora mbadal saka pakem nanging kembangan garap gendhingé waé kang béda. Awit
saka iku, Ki Narto Sabdo dadi ikon kréasi gendhing ing jagad karawitan
lan mopulèraké menawa kesenian tradhisi iku kudu “nut jaman kelakoné”. Karya
lelagon anggitané Ki Narto Sabdo kang kondhang kayata Swara Suling, Lesung Jumengglung, Lumbung Desa, Prau Layar, Ketawang Ibu Pretiwi, Rujak Jeruk, lsp.
Musisi
Jawa Tradhisional
Saliyané pinangka pangripta lan pengrawit mumpuni, Ki
Narto Sabdo uga minangka musisi tradhisi. Wiwit isih timur, panjenengané wus kenal jenis
musik
keroncong. Mula unsur musik kasebut dilebokaké ing karya-karyané, tuladhané
nggunakaké intro lan garap irama telungprapat (¾) kang durung umum digunakaké
ing donyaning karawitan. Ana manèh titikan gendhing Nartosabdan yaiku ana
suwara siji loro kaya musik barat, mula ora mokal yèn gendhing
iku dipentasakè pengrawit sanjabaning kelompok Ki Narto Sabdo. Gendhing langgam
kang diadopsi saka keroncong dikembangaké lan
diowahi garapé ndadèkaké rasa keroncongé luluh ing rasa karawitan.[4]
Langgam-langgam anggitané Ki Narto Sabdo kang misuwur tuladhané Nyidam Sari, Impènku, Kadhung Tresna, Klinci Ucul, Mlathi Rinoncé, Setya Tuhu, lsp.
Maestro
ing Pakeliran
Taun 1958, Ki Narto Sabdo wiwit nglirik jagad pakeliran.
panjenengané péngin dadi dhalang kanthi sangu kawasisan ing bab olah gendhing
lan sastra, panjenengané wiwit ngasah kawasisan ing pakeliran Kanthi daya
kreatipitas kang pinunjul, Ki Narto sabdo nggabungaké pakeliran gaya Surakarta,
Banyumas,
lan Yogyakarta
wusanané dadi gagrag anyar ing jagad pedhalanganKanthi kawasisané, ora mokal
yèn gagrag pakeliran Nartosabdan dadi panutan dhalang-dhalang mudhaLakon
andhalané yaiku Sawitri, Somba Juwing, Pendadaran Siswa Sokalima,
Dasa Griwa, Mustakaweni, Ismaya Maneges, Gatutkaca Sungging, Gatutkaca Wisuda, Arjuna Cinoba, Kresna Apus, lan Begawan Sendhang Garba,
lsp.[
Penghargaan
Amarga wus kabukti akèh labuh labeté ing jagad kesenian
Jawa, Ki Nartosabdo wus nampi anugrah
1.
Mandhala Budaya, saka
YABSI Surakarta (tanggal 31 Desember 1971),
2.
Anugrah saka Pangkowilhan II ngenani Ketahanan Budaya/
Kesenian (tanggal 4 April 1974),
3.
Dharma Pewayangan, saka
Pusat Pewayangan Indonesia Jakarta (22 Mei 1976),
4.
lsp.
Sakèhing anugrah kang ora sinebut mratandhani sakèhing labuh
labet kang ora bisa digunggung cacahé nganti puput yuswa duk rikala 7 Oktober 1985 (60 taun).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar