SERAT ANG DOK
Kasekaraken pupuh nganthi gading
Kawula ngrumpaka kidung sinambi tembang
kinanthi.
Wonten koran saking cina, carita lare
linuwih, prawira sik
wecana, titise jalma luwih, Raden Ang
Dok kang jejuluk,
nyata lare pilih tanding.
Wayah pangon dereng mentas, nuju kathah
lare alit,
kumpul geguyon neng ratan, Ang Dok
kumpul sami alit.
Lare guyon ting gadebug, mung Ang Dok
nora nglanggati.
Nadyan kumpul ting gedandap, mung Ang
Dok anteng
kepati, klumpuk-klumpuk gentheng pecah,
rineka beteng
neng margi.
Ganti wau kang winuwus, wonten jalmi
nitih bendhi, Gong
Hu Cu jejulukira, Gong boh namane
pribadi, wonten Lo kok
adek langgar, netepi muja semedi.
Kinasiyan mring yang agung, Gong Hu Cu
besus ngliwati,
pakaryane mulang jalma, kathah putra-putra
ngaji. Nadyan
bangsa alit rucah, yen sumungkem genya
ngaji.
Yen madhep genya meguru, datan beda
anggep neki.
Anenggih wau kocapa, Gong Hu Cu arsa
cangkrami,
nganthi sekabat lumampah, mung sang wiku
nitih bendhi.
Lintang radinan Gong Hu Cu, lare angon
jejel maregi,
samya guyon kebo rikel. Wonten guyon
jumprit, amung Ang
Dok anteng panggah, ngreka-ngreka beteng
alit.
Kandhek bendhine Gong Hu Cu, dulu lare
obak jumprit,
Gong Hu Cu aris ngandika, heh, bocah
anteng kepati,
kancamu padha merusal, sira anteng pijer
linggih.
Kreweng sira tumpuk-tumpuk, teka aneh
nora nglenyit.
Ang Dok sumaur wecana, wong guyon angsal
punapa?
Busananing suweka, sinten ingkang
ngrumat malih?
Ngisinaken rama ibu, ngisinaken sanak
batih, suka-suka
nemu duka. Wong guyon rebutan julik,
datan wande yen
tukaran, mundhak sayah angsal napi.
Angur minggu mundhak lemu, melu guyon
tanpa kardi.
Gong Hu Cu sareng miyarsa, ngandikane
semu runtuk,
gunemmu crewet kewala, nora kena den
selani.
Yingkira bendhiku mlaku, pijer crewet
anyeriwis. Ang Dok
mengsem sarwi mujar, panembahan ingkang
sisip. Nadyan
mangke nadyan kina, napa wonten beteng
nyingkir.
Nadyan kula lare timur, kula tumon
bendhi nyingkir,
dereng tumon beteng nyimpang, punika
pamanggih mami.
Paduka deksura menang, akeng nyingkir
beteng mami.
Gong Hu Cu miyarsa catur, sigra mudhun
saking bendhi,
ngandika ing parimona, nora talah bocah
iki, gedhemu
amung sakmrica, dene bisa langguk lirih.
Gong Hu Cu nglingira arum, heh, kacung,
ingsun takoni,
bisamu pasang jurjana, teka banjur
langguk lirih? Umurmu
durung sepira, dene mejanani mami.
Ang Dok sumaur gumuyu, pundi wonten
mejanani? Jalma
lair tigang dina, mubeng-mubeng wona
adri. Mina lair
tigang dina, ngideri kedhung benawi.
Tibahe bethara gung, kareja tan wus
pinesthi. Gong Hu Cu
sareng miyarsa, ngandikane pait gendhis,
nora talah sira,
bocah, pintermu kepati-pati.
Nyata sira bisa catur. Sapa, kacung,
araneki? Lawan ngendi
wismanira? Apa wis duwe sesilih? Ang Dok
nauri wecana,
amung Ang Dok aran mami.
Pan dereng silih jejuluk, dhusun dhukuh
wisma mami,
Gong Hu Cu aris ngandika, adhuh, nyata
bocah lantip.
Ingsun arsa nganthi sira cangkrama
ngelaya bumi.
Raden Ang Dok aris matur, kula gadhah
rama bibi, mesthi
lumados ing ngarsa, kados pundi tumut
reki? Wisma kula
gadhah raka, pesthi tumut kakang mami.
Wisma wonten dulur timur, pesthi mulang
adhik mami.
Wisma wonten guru wiknya, injing sonten
kula ngaji, napa
kober yen cangkrama?
Gong Hu Cu ngandika aris, cobi, sira,
bocah besus, payo
macanan lan mami. Ang Dok matur sarwi
mojar, yen
ngrengkel dolanan cuki, niku dede wong
utama.
Yen prabu kasengsen cuki, siniwaka tan
keplaur, ngapiri
karya negari. Yen bopati kerep dolan,
ngapiri pranata adil.
Wadya santri karem dolanan, supe ngaji
kitap lali.
Bongsa alit keplék dhadhu, butuh wisma
pesthi lali. Céthi
emban karem dolan, datan wande tampi
gitik. Bongsa tani
karem dolan, pesthi lali mluku dhangir.
Milané kula tan purun, yen kinen dolanan
cuki. Gong Hu
Cu méngsem ngandika, nyata lantip bocah
iki. Kacung,
payo mider ing rat, ing rat jagat ing abumi.
Raden Angdok sigra matur, ing rat jagat
kadi pundi? Jagat
tan kena rinata. Wonten labak wonten
wukir, wonten
semodra begawan, wonten céthi myang
bopati.
Yen angrata punang gunung, sarta peksi
manggon pundi ?
yen ngerata nginggil toya, yen nun pesa
pra bopatya, wadya
alit rebut bumi.
Gong Hu Cu ngandika arum, iya menang
ujar reki. Sira
wruh isine ngalam ? tanpa kukus geni
napi ? banyu apa
tanpa mina ? gunung apa tanpa krikil?
Kebo apa tanpa sungu ? wadon apa tanpa
laki ? uwong apa
tanpa wisma ? lanang apa tanpa rabi ?
wite kayu tanpa
epang, inggih niku kayu napi?
Apa kang aran priyagung ? apa kang aran
wadyalit ? nora
cukup kadya paran, bisa luwih kaya napi
? béténg apa
tanpa pasar ? wong apa tan silih nami.
Kuda tanpa tracak suku, badhenen kabeh
puniki. Raden
Ang Dok méngsem mojar, inggih kula kang
jarwani. Tanpa
kukus geni konang. Tanpa mina sumur
belik.
Gunung lempung tanpa watu. Yen wonten
wit kayu garing,
wus kari progok brundhulan, napa wonten
pange nenggih ?
Inggih malih wite klapa, napa wonten
epang néki?
Kebo dhungkul tanpa sungu. Yen pawestri
tanpa laki,
wodon rondha tanpa priya. Kakung dudha
tanpa rabi. Kuda
kayu tanpa tlacak. Wong binto dadi
wadyalit.
Wong pinter dadi wadyagung. Yen redhi
paceklik pari, nora
cukup yen pinangan. Yen panen luwih
binukti. Yen béténg
sakjroning pura, napa wonten pasar néki.
Wadya rucah tan dumunung, napa gadhah
silih nami ?
Gong Hu Cu sareng miyarsa, neges-neges
tanya malih, iya
menang ujarira. Rat jagat sira udani.
Bumi langit lungguhipun, rina wengi
dunung néki, endi jero
ngendi jaba ? endi kanan endi kéri ?
ngendi bapa ngendi
biyung ? ngendi laki ngendi rabi?
Batangen ingkang dumunung, nyata bocah
pilih tanding.
Sangkane ingkang maruta, saking pundi
wite néki lan
malih sangkane udan, mega mendhung
saking pundi?
Apa maneh ana pedhut, ngendi wijile kang
yekti ? Ing rat
jagat pramuditya, pirang epal adok néki
? jarwakna ingkang
truwela, yen nyata bocah linuwih.
Raden Ang Dok lon sumaur, iya wolung
puluh siji,
lungguhe ing rat buwona. Wit rina
wekasan wengi. Pitung
puluh loro gangsal, dununge raina wengi.
Yen jaba prakara padu. Anggitan
sakjroning ati. Kulon
tengen wetan kiwa. Rama langit Ibu bumi.
Yen laki
pengawak surya, yen rabi pengawak sasi.
Sangkane maruta lesus, sangking dhongka
atas angin.
Sangkane udan yen prapta, sangka ing
jabal katsuji.
Sangkane mega ketingal, sangking wukir
wijil néki.
Dene sangkane kang pedhut, kumutuk
sangking jro bumi.
Doh parake ing rat jagat, sewu-sewu
leksa kethi, punika
cacahe epal. Cubi panduka ngijir.
Wetan kulon elor kidul, wonten watesipun
bumi.
Cengkalipun ing rat jagat, ing ijir
wonten punika. Gong Hu
Cu sareng miyarsa, kasmaran sajroning
ati.
Gong Hu Cu micoreng kalbu, dhasar wasisi
bocah prawira.
Yen ingsun nora madhani. Nulya malih
alon mujar, iya,
raden, sun takoni.
Ingkang manungsa punika, ruket endi rama
bibi ? lawan
sikep garwanira, iku, raden , ruket endi
? Ang Dok sumaur
wecana, inggih ruket rama bibi.
Lawan sikep garwanira, sikep garwanira,
iku raden, ruket
endi ? Ang Dok sumaur wecana, inggih
ruket rama bibi.
Gong Hu Cu nauri mojar, iku geseh ujar
réki.
Garwa tunggal dhadar nendra, yen mati
awor sakcandhi.
Rama Ibu datan kumpul. Yen garwa awor
sakpati. Priye
ruket ibu-rama ? pesthi ruket laki-rabi.
Ang Dok nauri wecana, manungsa kwpaten
rabi, Rabi malih
inggih antuk, wuwuh batih anyar malih.
Sak upami rodha
cikar, lamun bejat yasa malih, malah
dadi rodha anyar.
Punika ewet punapi, yen kaijir
ruketipun, kang madhani
rama bibi, satriya jodho wanudya, yen
putra jodhone putri,
kaijir ruket punapa ? pandu mane ing
Yang Widi?
Yen yasa dalem winangun, dados blandar
saka mesthi,
mangsa dadak kurang blandar ? nadyan
jendhelane mrapit,
napa ngungkuli gapura, margi manjing
margi mijil?
Gong Hu Cu ngandika arum, angesah
ngendika ririh, nora
talah, bocah, sira, wong tuwa nora
ngungkuli. Nyata bocah
besus wiknya. Lantipe ngungkuli jalmi.
Raden Ang Dok sigra matur, panembahan
tanya mami, kula
inggih tumut jarwa, sakwiji-wiji
dumeling. Mangke kula
nuwun wulang, panembahan mugi paring.
Bébék banyak waget timbul, punika sawap
punapi ? cangak
sandhang lawe munya, ungele banter
ngliwati, punika
sawap punapa?
Yen kayu kayu weringin, dene langgeng ijo
muput, tiga
rendheng apan sami, punika sawap punapa
? nuwun
panduka jarwani. Gong Hu Cu sigra
ngandika, bébék
ngambang warih.
Mulane ya bisa timbul, cakare omba
melahi, cangak
sandhang lawe munya, gulune dawa
ngluwihi, mulane
banter yen munya. Sira tanya wite
ringin.
Langgeng genya ijo subur, ketiga
rendheng pan sami, wit
buntet gedhe ngepal, mulane tan owah
gingsir, ijone
rendheng ketiga, iku, raden sawap néki.
Raden Ang Dok gya sumaur, niku geseh
ujar néki. Mina
uling ngambah toya, napa ngangge welah
sikil ? kodhok
kongkang munya ngangkang, bantere inggih
ngliwati,
Napa inggih nyambung gulu ? wonten malih
epring ori,
ijone rendheng ketiga, napa buntet wite
epring ? punika
geseh paduka, kula nuwun wulang malih.
Ing langit lintang supenuh, wonten
pinten cacah néki ?
Gong Hu Cu nauri mojar, aja sira nyatur
langit, mung
nyatur langit, mung nyatur
ngisor-ngisoran.
Ang Dok sigra takon malih, Panembahan,
kula matur, bumi
rat jagat puniki, wonten griya pinten
somah ? Gong Hu Cu
aris nauri, aja nyatur rat buwana, aja
nyatur bumi langit,
mung nyatur sira lan ingsun.
Anggere parek pribadi, iku patut
dipunjarwa. Ang Dok
lajeng mojar malih, yen jarwa badan
piyambak, alis
panduka puniki,
Sepinten kathahing wulu ? cobi paduka
jarwani. Gong Hu
Cu sareng miyarsa, gumuyu datan nauri,
ngendika mring
sabatira, heh, kabeh sekabat mami,
Nadyan iki lare timur, aja wani
mejanani. Nadyan ingsun
kaungkulan, mangke patut denajeni, tan
mirsa besuk
dadinya, maknane ingsun kejothi.
Anenggih wau Gong Hu Cu, nitih bendhi
mundur aglis,
tanpa pamit kesahira. Lare angon
anyuraki, ana guyu
latah-latah, ana ingkang banting topi.
Nuju lare kang merusul, sangking bungahe
kang ati, mirsa
panembahan kalah, bantah marang
kancaneki,
panembahan banjur lunga, nunggang bendhi
tanpa pamit.
Rerasan sedina nutuk, sapi kebo wayah
giring. Sedaya wus
sami bubar, lare angon padha giring, ana
ngulon ana
ngetan. Wus cuthel carita néki.
Tobil, getun aku, getun, cacate kok
banjur mari. Layang iki
yen tutuka, kena dentiru sethithik,
sebab kena
denrungokna, dene caritane becik.
Cobak iki bisa nutuk, pesthi akeh wong
kang melik. Owel
temen atining wang, durung genah banjur
mari. Tobil, tobil,
dadak lebar, getunku lir brangta kinkin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar