Tembung Tanggap
Tembung tanggap yaiku tembung lingga
sing oleh ater-ater tripurasa ( ka, dak, di) lan seselan –in. Tembung tanggap
bisa kaperang dadi patang warna :
a) Tanggap tripurasa
yaiku tembung
lingga sing oleh ater-ater tripurasa
Tuladha :
kojupuk, dakpangan, dibalangi
b) Tanggap na
yaiku tembung
lingga sing oleh seselan –in
Tuladha :
Sinengkakake, tinulis, tinubruk, tinemu
c) Tanggap tarung
yaiku tembung
dwilingga sing oleh seselan –in tripurasa
Tuladha :
sera-sinerat, cokot-cinokot, sawang-sinawang, tulung-tinulung
d) Tanggap ka
yaiku tembung
lingga sing oleh ater-ater ka-kanthi teges dijarak
Tuladha :
kaobong, kapangan, kagendhong, katulis
Tidak ada komentar:
Posting Komentar