Minggu, 04 Januari 2015

Cerita Rakyat "ASAL MULANIPUN DESA LOSARI"


Cerita Rakyat
ASAL MULANIPUN DESA LOSARI

        Rumiyin ning kecamatan rembang tepatipun ning Bodas Karangjati wonten satunggal pedukuhan utawanipun dusun ingkang dereng wonten tiyang kendel ingkang mlampah ing pedukuhan niku, amargi daerah niku wonten penjagane yaiku ula gedhe.Ula niki umpetan ning sedawan gua watu teng dusun niku,sinten ingkang mlampah teng ngriku langsung dipun pangan dening ula gedhe wau niku.

        Ing sawijining dinten wonten tiyang ingkang kepengin mateni ula gedheingkang sering gawe resah warga sekitar dusun niki. Asmanipun kisawunggalih banjur dheweke tapa ing gunung wadas putih ingkang jarake mboten tebih saking pedukuhan niku. Ki Sawunggalih tapa ning pinggir watu gede. Ki Sawunggalih niki sampun tapa 30 dinten 30 wengi nanging mboten olih wangsit, ing dinten ke 31 malemipun deweke ngimpi dipun tekani penunggu gunung wadas putih papan Ki Sawunggalih tapa, banjur ngendika kalih Ki Sawunggalih “ gaweo tentrem desa niki kalih keris wadas putih” banjur mbah weling nyerahaken keris niku. Enjangipun KiSawunggalih tangi saking tapanipun lan deweke kaget amargi ning pangkuane wonten keris.

        Sesampunipun, Ki Sawunggalih melbu maring gua ingkang dados umpetanipun ula gedhe mau, lan Ki Sawunggalih tarung kalih ula kue,deweke menang lan nugel endase ula kue mau, banjur Ki Sawunggalihmendem endasipun ula teng ngisor lemah. Tambah dinten, tambah taun ning tempat ingkang endasipun ula dipun pendem tikil wit jenenge wit“Loh”, witenipun gede ingkang kathah buahe lan kayunipun wonten sari madune.
Padukuhan niki tambah taun tambah gede lan amba, tiyang ngriku gadhah rencana ndamel kelurahan kiyambek lan tiyang-tiyang nyebut desa niku”losari” saking tembung “loh” lan “sari” “loh” dipun pendet saking nami wit loh ingkang gede,lan tembung“sari”.

Dados wonten panyuwunan supados desa niki dados desa ingkang ageng lan gawe sari utawanipun damelaken sejahtera kalih masyarakatipun sedoyo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar