PARAMASASTRA - WUWUHAN LAN SESELAN
WUWUHAN (AFIKS)
1. ATER-ATER (PREFIKS)
A-, MA-, ANUSWARA, , TRIPURUSA, …lsp
Ater-ater iku wuwuhan kang manggone ing
sangarepe tembung lingga.
Wujude ater-ater : Anuswara, Tripurusa, a-,
ma-, ka-, ke-, sa-, pa-, pi-, pra-, pri-, tar- kuma-, kami-, kapi-
ANUSWARA
Ater-ater Anuswara utawa A- wujude ana papat; m-, n-,
ny-, ng- (alomorf)
Panganggone
a. tembung lingga kang apurwa : p, w, t, th, c, k, s,
konsonan mau bakal luluh.
m- + prabu = mrabu
m- + waca = maca
n- + tembang = nembang
n- + thiwul = niwul
ny- + coba = nyoba
ny- + sawang = nyawang
ng- + kalong = ngalong
salajengipun ......
b. ing ragam susastra sok dadi am-, an-, any-, lan
ang-
m- + purba = (h)amurba
n- + deleng = andeleng
ny- + sapih = anyapih
ng- + gawe = anggawe
c. ing tembung lingga sawanda wujude dadi nge-
A- + cet = ngecet
A- + kum = ngekum
A- + rem = ngerem
d. tembung lingga kang kawiwitan aksara s lan c, ana
kang nggunakake n- ora ny-
A- + cacad = nacad
A- + sembah = nembah
A- + susul = nusul
Gunane
-ngowahi tembung lingga dadi tembung kriya tanduk
m- + pasang = masang
n- + tandur = nandur
ny- + jupuk = njupuk
ng- + umbah = ngumbah
-ngowahi tembung lingga dadi tembung kahanan
m- + banyu = mbanyu
ng- + kebo = ngebo
Arane rimbag :
-rimbag tanduk kriya wantah
anuswara + Tb.
Lingga (ngombe,
mulang, nanting, nyinau)
-rimbag tanduk ikriya
Anuswara + Tb.Lingga +
-i (nuntuni, ngusungi, nyambangi, marani)
-rimbag tanduk kekriya
Anuswara + Tb. Lingga +
-ake (ngusungake,
mblanjakake, nandhingake, nyuwekake)
TRIPURUSA
wujude : dak- kanggo utamapurusa, kok- kanggo madyama
purusa, di- kanggo pratama purusa ; ing tembang (susastra) dadi den-
gunane : ngowahi tembung lingga dadi tembung kriya
tanggap
arane rimbag : rimbag tanggap utamapurusa, tanggap
madyamapurusa, anggap pratamapurusa
dakombe daktulisi dakgawakake kula
…
kokjupuk kokusungi koktembangake
Panjenengan tembangaken
direbut dirasani dienggokake dipunraosi
densebut den…
GEGLADHEN
1) Tembung ing ngisor iki endi kang oleh
ater-ater anuswara? Terangna pandhapuke!
-ngangsu -mangsi -ngunekake
-ngungkung -nyanyi -mireng
2) Tembung-tembung ing ngisor iki gawenen ukara kang
becik !
-dakanggo -kokwenehi -dipuntepangaken
-nacad -mirengaken
ATER-ATER a-
wujude ana telu : a-, mar-, mer-
rimbage : bawa ha-
panganggone :
a- + basa = abasa
a- + klambi = aklambi
a- + gaman = agaman
ma- + guru = maguru
mer- + tapa = mertapa
mer- + tobat = mertobat
mer- + tamba = mertamba
gunane : ngasilake tembung kriya tanduk tanpa lesan
(aktif intransitif)
ATER-ATER maA- UTAWA maN-
man- + tunggal = manunggal
mang- + lor = mangalor
man- + tungkul = manungkul
gunane : ngasilake tembung kriya tanduk tanpa lesan
ATER-ATER ka-
Rimbage aran : rimbag bawa ka
Gunane : ngasilake tembung kriya tanggap,
lan tembung aran
ka- + tampa = katampa
ka- + tempuh = katempuh
ka- + bupati +
-an = kabupaten
ka- + paring +
-an = kaparingan
ka- + pundhut
+
-ake = kapundhutake
ka- + undhuh +
-ake = kaundhuhake
ATER-ATER ke-
Gunane : kriya tanggap, tembung kahanan
ke- + cemplung = kecemplung
ke- + gawa = kegawa
ke- + tinggal +
-an = ketinggalan
ke- + obong = kobong
ke- + adhem +
-en = kadhemen
ke- + udan +
-an = kudanan
tegese : nandhang pakaryan kang ora disengaja, lan
nandhang kahanan
GEGLADHEN
3) Tembung-tembung ing ngisor iki gawenen ukara !
-aklambi -maguru -mertobat
-katempuh -kudanan -kadhemen
ATER-ATER Sa-
Bisa dadi sa-, se-
Gunane : ngasilake tembung wilangan
sa- + dina = sadina
sa- + gelas = sagelas
sa- + yuta = sayuta
sa- + omah = saomah
sak- + kos +
-an = sakosan
ATER-ATER pa-, pi-, pra-, pri-
Ngasilake tembung aran
Ater-ater pa- bisa dadi paA- utawa paN-
pa- + warta = pawarta
pa- + etung = petung
paN- + panggih = pamanggih
paN- + suwun = panyuwun
ATER-ATER pi-
pi- + wulang = piwulang
pi- + tutur = pitutur
pi- + guna = piguna
pi- + andel = piandel
ATER-ATER pra-
pra- + jurit = prajurit
pra- + tingkah = pratingkah
pra- + sangka = prasangka
pra- + lambang = pralambang
ATER-ATER pri-
pri- + bumi = pribumi
pri- + angga = priangga
pri- + kanca = prikanca
GEGLADHEN
4) Tembung-tembung ing ngisor iki gawenen ukara !
-sadina -sakelas -saumur
-prasangka -panganggo -pitutur
ATER-ATER tar-
gunane : tembung katrangan, tembung kriya
tar- + tamtu = tartamtu
tar- + buka = tarbuka
tar- + kadhang = tarkadhang
tar- + waca = tarwaca
ATER-ATER kuma-, kami-, kapi-
gunane : ngasilake tembung kahanan
kuma- + ayu = kumayu
kuma- + wani = kumawani
kami- + gila +
-an = kamigilan
kami- + seseg +
-en = kamisesegen
kapi- + adreng = kapiadreng
kapi- + lare = kapilare
GEGLADHEN
5) Gawenen ukarane !
-tarkadhang -tarwaca
-kumayu -kamigilan
2. SESELAN
Seselan (infiks) iku wuwuhan kang manggone ing
satengahe tembung. Ing basa Jawa seselan iku cacahe ana papat, yaiku –um-,
-in-, -er-, lan –el-.
Seselan –um-
Rimbage diarani rimbag bawa ma, sebabe yen kaseselake
ing tembung lingga kang apurwa aksara menga (vokal) malih dadi m- lan dumunung
ing sangarepe tembung lingga.
Tuladha :
unggah + -um- = umunggah -- munggah
atur + -um- = umatur -- matur
esem + -um- = umesem -- mesem
Tembung lingga kang kawiwitan aksara p menawa oleh
seselan -um-, aksara p malih dadi k. Dene tembung lingga apurwa konsonan b kang
oleh seselan –um-, aksara b mau dadi g.
Tuladha :
pinter + -um- = puminter -- kuminter
panggang + -um- = pumanggang -- kumanggang
bagus + -um- = bumagus -- gumagus
Gunane : ngasilake tembung kriya tanduk tanpa
lesan lan tembung kahanan.
Tuladha :
laku + -um- = lumaku
teka + -um- = tumeka
gagah + -um- = gumagah
bagus + -um- = gumagus
Seselan –in-
Rimbage diarani tanggap na- Tembung kang oleh seselan
–in- tegese padha karo yen oleh ater-ater di-, lan kalebu tembung kriya
tanggap.
Tembung lingga kang apurwa vokal menawa oleh seselan
–in-, seselan –in- owah dadi ing- lan dumunung ing ngarep tembung.
Tuladha :
usung + -in- = inusung -- ingusung
awor + -in- = inawor -- ingawor
ombe + -in- = inombe -- ingombe
Yen tembung lingga apurwa konsonan oleh seselan –in- ,
seselan –in- ora ngalami owah-owahan.
Tuladha :
cangking + -in- = cinangking
jawat + -in- = jinawat
Seselan –er- lan –el-
Seselan –er- sok malih dadi –r-, dene seselan –el-
kadhangkala malih dadi –l-.
Gunane kanggo ngasilake tembung kahanan.
Tuladha :
kelip + -er- = kerelip -- krelip
titi + -el- = teliti -- tliti
GEGLADHEN
6) Tembung-tembung ing ngisor iki udhalen
kepriye mungguh pandhapuke !
-
Dina minggu aku bakal munggah gunung Semeru.
-
Mas Irawan ngunggahake koper-koper mau menyang loteng.
-
Swarane banjir bandhang iku gumuruh nggeterake
ati.
-
Hartati mesem, mengkono uga Astuti.
-
Meru jumangkah, notol atine kepengin nyawang pating krelipekartika.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar