Asal usul Pring Amba
Ing jaman biyen wonten tiyang sepuh sepuh
asmanipun Utheng. Utheng punika sewektu enom ngaos ilmu awet muda, sebab teng
pikirane Utheng punika yen awet muda gesangipun bakal kepenak. Nanging
nyatanipun gesang dangu menika mboten sedaya kepenak mesti wonten bungah lan
susahe.
Sesampunipun gesang dangu, Utheng ngrasa
mboten kepenak, Utheng kepengin pejah kemawon nanging amargi tau ngaos ilmu
awet muda, Utheng mboten pejah-pejah. Sedaya cara sampun dilakokake nanging
mboten wonten kasile.
Banjur Utheng badhe ngelakokake tapa,
tujuanipun supados angsal petunjuk saking gusti alloh ingkang maha kuwasa.
Saderengipun tapa Utheng mados papan kangge tapa
Sesampunipun mados papan ngantos langkung
saking sedinten, akhiripun Utheng ninggali papan ingkang cocok kangge tapa,
inggih punika kapanipun khatah wit pring banjur Utheng tapa ing papan punika.
Taun-taunan Utheng tapa ing papan punika
nanging mboten angsal petunjuk apa sing dikarepake Utheng. Utheng malah angsal
petunjuk supados mboten nyia-nyiaake uripe kangge tapa kemawon. Supados
migunakake kangge kegiatan ingkang enten manfaatipun. Wangsitipun supados
mbangun desa.
Sesampunipun Utheng angsal petunjuk,
Utheng langsung ngelaksanakake petunjuk kasebut, banjur Utheng mbangun desa ing
papan kangge tapa wau, amargi papan kangge tapa wau kathah papringan mula papan
kasebut diasmani Pringamba.
Utheng sampun saged mbangun desa, Utheng
dados tiyang ingkang kunurmatan ing desa punika.
Pungkasanipun Utheng saged pejah. Lan
kangge ngurmati jasaniupun Utheng masyarakat Pringamba punika saben sasi saban
kuburane Utheng dibersihi. Ngantos saniki tradisi bersih kuburan Utheng saben
sasi sa’ban taksih dilakokake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar