Gurit Kagem Para
Guru
uripe
mung tansah dioyak-oyak jaman
kabungahan
saclegukan asine samudra
wekasan ngiket rasaning gorokan
durung paja-paja bisane nenulis
wis kudu wasis cara etungan
durung karuwan bener panggarape soal
wis kudu melu ndhelik jethungan
uripe
mung tansah dioyak jaman
lamun cinitra
dadi roman critane pahlawan
seragam iki dudu duwekku
jeneng, atribut kang cumanthel
ora menehi papan palungguhan
malah kumawani mrentah
mendelik-mendelik kathik malangkerik
ngisis siyung ing walik topeng ireng
uripe mung ginawe dolanan
ing wengise tumbak
ing mandine dhawuh
adoh enere karo ancase kawruh
piwulang memulang den wewulang
pranatan wis kasil ngobrak-abrik tatanan
uripe
mung tansah dioyak-oyak jaman
kabungahan
saclegukan asine samudra
wekasan ngiket rasaning gorokan
durung paja-paja bisane nenulis
wis kudu wasis cara etungan
durung karuwan bener panggarape soal
wis kudu melu ndhelik jethungan
uripe
mung tansah dioyak jaman
lamun cinitra
dadi roman critane pahlawan
seragam iki dudu duwekku
jeneng, atribut kang cumanthel
ora menehi papan palungguhan
malah kumawani mrentah
mendelik-mendelik kathik malangkerik
ngisis siyung ing walik topeng ireng
uripe mung ginawe dolanan
ing wengise tumbak
ing mandine dhawuh
adoh enere karo ancase kawruh
piwulang memulang den wewulang
pranatan wis kasil ngobrak-abrik tatanan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar