NINTHINGI CRITA CEKAK
"DASAMUKA"NE DJAJUS PETE
Ninthingi karya
sastra kanthi obyektif iku ninthingi karya saka samubarang kang ana ing
sajroning karya sastra kang dimaksud. Kaya apa dayaning karya kasebut lumantar
unsur-unsur pambangune utawa unsur instrinsik-e. Kepriye tema minangka gagasan
kang ndhasari crita cekak iku kalairake, kaya apa kekuwatane
wewatakan/penokohan ing crita cekak dadi srana nransfer idene sang Djajus Pete.
Sapa satemene paraga utama ing cerkak iki? Uga kanthi setting/latar kahanan,
wektu lan papan kang kepriye kang dianggo medharake manunggale gagasan kasebut.
Kabeh prastawa mau
kagandhengake kanthi cara kepriye ing cerita cekak "Dasamuka" iki,
bisa dideleng saka alur utawa runtute kedadeyan. Sawise kabeh diwaos lan
dirasakake, mesthi bae ana piweling/amanat kang sumimpen ing walik crita
Dasamuka iki. Saben pamaos mesthi kagungan rasa seneng, gething, esem, guyu
apamalah nyengir dhewe-dhewe sawise maos "Dasamuka" iki. Yen ngono
ayo enggal binuka penggalihe, nglaras alam kasusastran jawa modern lumantar
Dasamuka-ne Djajus Pete pengarang sastra Jawa saking Bojonegoro iki.
DASAMUKA
Djajus Pete
Anila
mati
Anggada
mati
Anoman
klenger ketiban bindhi
Sugriwa
ambruk glangsaran
Ramawijaya
kendhang saka pabaratan
……………………………………………………………………….
……………………………………………………………………….
Mengkono
lakon pakelirane Ki Bilung Sarawita kang gawe muntape penonton jalaran dianggep
nyimpang saka kalumrahan. Penonton pating braok misuh-misuh, ngundamana Ki
Bilung sauni-unine. Ana sing muni dhalang mendem ora ngerti pakem. Ana sing
muni dhalang dhegleng, dhalang edan njaluk disawat tlethong kebo.
“Wis!
Wis!”
“Ngawur!
Ngawur!”
“Kukut,
Lung!”
“Kukut,
Lung!”
“Orat-arit
kono gonge! Karuwan olehe kukut! Kemropok aku! Ndeleng wayang ora marem malah
kudu nothok dhalange!” guneme Dul Sabrang getem-getem.
Penonton
maju ngangseg, nyuraki dhalang saka cedhakan. Nanging Ki Bilung kaya wis tahan
bantingan, kaya wis kuwat mentale ngadhepi gunem braokan kebak pamisuh lan
poyokan.
Ki
Bilung ucap-ucap, nyaritakake lelakone Sinta nalika kadhustha dening Dasamuka
ing alas Dandaka. Sinta kepranan sumurup kidang kencana akulit emas. Kidang
kencana iku panjelmane Kala Marica, abdi kinasihe Dasamuka kang nindakake karti
sampeka supaya Ramawijaya pethal saka garwane. Adreng pamintane SInta marang
garwane supaya nyekel kidang kencana iku kanggo klangenan awit warnaning kulite
banget endah.
Ramawijaya
mbujung playune kidang kang sedhela ngilang, sedhela ngaton ing kadohan. Saka
akal julige Kala Marica mengkono mau, njalari Ramawijaya saya adoh saka
garwane. Dasamuka kang wis sesingidan ana ing grumbul sacedhake Sinta wekasan
bisa dhusta Sinta.
“Gampilipun
Sinta kepranan dhateng kidang akulit emas suka pralambang bilih kodrating Sinta
punika boten benten kaliyan wanita sanesipun, inggih wanita ingkang gampil
kepranan dhateng gebyar isen-isening jagad. Mila nami boten mokal sasampunipun
Sinta dhawah dhateng wonten ing panguwaosing Dasamuka ingkang abandha bandhu,
saya dangu saya wudhar singseting kembenipun. Malah ing wekdal samangke, Sinta
sampun anggarbini,”
Krungu
antawecanane Ki Bilung sing kaya mengkono, Dul Sabrang mbengok sora,”Rusaakkk…!
Rusak! Huu..! Sinta kok ngono! Sinta kok geleman! Kuwi Sinta endi….,
kuwi!”
“Dhalang
njaluk disawat tlethong tenan kok!” Jan Kempul petota-petoto.
Lha
hiya, apa wong-wong kene ki dianggep ora juntrut crita wayang kok didoli lakon
nggedabyah kaya ngono??!” Min Kombor kresah-kresuh.
“Sing
nde omah dikandhani. Omongi. Dhalang ora waras kok ditanggap. Pilih ngebari
Bilung apa njaluk dikrutugi bata omahe ?!”
“Sore-sore
mau critane ya kaya juntrut. Buri-buri kok ngloyor kaya dhalang teler. Aja-aja
Bilung kuwi gek doyan ngombe?” grenenge bakul bakso karo nyerbeti mangkok.
........salajengipun....
Dul
Sabrang, Jan Kempul, lan Min Kombor ita-itu nemoni Sura Melik sing duwe gawe
sunatan iku. Nanging Sura Melik emoh disalahake.
“Kleru
yen kowe nutuh aku. Aku dhewe malah ora ngerti lakon-lakon wayang. Lakone wis
takbodhokake dhalange. Terserah, pokoke rame, ngono lehku njaluk sore mau”
“Ya,
ramene lakon mblangkrah. Rame meneh nek omahmu dibandhemi bata wong akeh,”
semaute Jan Kempul ing buri kelir panggonane Sura Melik nampa tamu.
“Ah,
ya aja kaya ngono. Ngono kuwi rak jenenge arep ngrusak aku.”
“Mulane,
dhalang Bilung kuwi konen leren yen ora bisa ndhalang sing bener,” guneme Dul
Sabrang.
“Sik
ta, aku tak melu omong. Sarehna atimu, aja padha kemrungsung,” wong tuwa aran
Sura Dipa kumecap nengahi.
Ing
sisihe swara gamelan ngungkung, swara penonton isih pating brengok. Mbilung…!
Mbilung…! Mbilung…! Sarawito! Mbilung…! Mbilung…! Mbilung…! Sarawito! Saben jeneng
Bilung diucap kaping telu sarana bebarengan, banjur diselani jeneng Sarawito
kang uga diucapake bareng-bareng. Mengkono diucapake marambah-rambah njalari
penonton ngguyu ger-geran.
Sura
Melik njawil nom-noman supaya ngladekake wedang telung gelas. Dul Sabrang
sakanca gelem dilungguhake. Darmo Dipa nerusake rembuge,” Kowe kabeh ki, semono
uga aku, mung wong nonton. Bedane, olehku nonton ing jero karo jagong. Wong
nonton iku yen seneng marang tontonan sing lagi ditonton, enggone nonton bisa
diterusake. Nanging yen ora seneng, tinggalen mulih wae supaya gelamu ilang.”
“Wong
mpun kadhung sumerep lakon mblangkrah, dugia griya nggih tetep mangkel, Mbah,”
wangsulane Dyl Sabrang nglungane, ora kena dicandhet supaya ngenteni metune
wedang.
Jan
Kempul lan Min Kombor nututi Dul Sabrang kang wis lungguh jengkeng ing ngarepe
panjak kenong. Pitakone Dul Sabrang marang panjak kenong, lakon kok
dijereng dhalang mengkono iku nganggo dhasar saka ngendi?
Merga
Dul Sabrang lan kancane kresah-kresuh terus, panjak kenong kang mapan ana ing
sacedhake kothak wayang iku akhire wangsulan, ”Ah, niku sanes karepe pak
dhalang piyambak, kok Mas. Niku rak mergi Dasamuka sing mbrengkele. Boten purun
dikawonaken,”
Cckk..
kok modhel. Dhalang kok kawon kalih wayang. Kula taken saestu,” pandhesege Dul
Sabrang adreng.
Panjak
kenong banjur ngandhakake yen wayang Dasamuka iku digawe saka kulite bromocorah
sing mati dikroyok massa ing pinggir kali Lawas. Saka bangeting kemropoke sing
padha ngroyok, kaya durung lega mateni, kulite dibeset pisan. Kulite ditemu
wong sing gawene yasa wayang kulit, banjur ditatah dadi wayang Dasamuka iku.
Sing
dikandhani kaget pating dengongong, banjur padha nyawangi saparipolahe dhalang.
Panjak kenong nindakake pakaryane nabuh. Sasuwene gendhing, Min Kombor kumecap,
“Eh, malati napa wayang ngoten niku?”
“Pripun
angsale mastani, wong nyatane saged mengaruhi dhalang.”
“Mengaruhi
pripun, ta?”
“Wayahe
Dasamuka kawon, pak dhalang kados kesurupan ngantos lakune crita kwalik-kwalik
kados ngoten niku,”
“Wayang
saged mbentokaken dhalang ngoten kok taksih dingge ta? Kok boten diselehke
mawon?” grenenge Dul Sabrang.
“Niku
wau sedaya pengrawit nggih kaget. Nanging pak dhalang mpun kebacut mbandhang,
boten kenging dielikaken. Mpun boten karepe piyambak. Akhire sedaya pengrawit
nggih sami mendel, butuhe terus nabuhi ngoten mawon,”
“Niku
wayang pundi ta? Napa betane dhalang?”
“Niku
napa sing gadhah. Rasukan lorek niku,” wangsulane panjak karo nudingake tabuh
kenong menyang arahing klambi lorek kang lungguh sacedhake panjak gender.
Dul
Sabrang sakancane ibut ngandhakake critane panjak kenong marang penonton. Saka
cepete rembug gethok tular, penonton dadi ngerti yen lakon kang dianggep
nyimpang saka kalumrahan pakem iku ora saka lupute dhalang. Swara braokane
penonton dadi sirep. Ombyake penonton saya ngangseg maju bareng wayang Dasamuka
diwetokake maneh. Penonton butuh nyawangi Dasamuka mau saka cedhakan.
Dasamuka
ngguyu ngakak karo nebah dhadha, “Ha ha ha ha …! Ya bandhaku…! Ya donyaku..!
Marem atiku…Mann…! Lega penggalihe pun Rama, ..Jiitt… Ramawijaya modar! Anoman
bangka!”
“Sinaosa
Ramawijaya saha Anoman taksih gesang keplajeng wonten ing wana.. nanging sampun
pepes, sampun risak kekiyatanipun. Kasembadaning anak Prabu angrengkuh dhateng
dewi Sinta minangka tandha yekti bilih boten wonten sedya ingkang nglengkara
kagayuh menggahing anak Prabu..,” wuwuse Patih Prahastha kang kapernah bapa
pamane.
“Nggih..leres
andika..Maannn..sareng Sinta kelampahan dados bojo kula, hmm… jagad iki katone
saya padhang gumrining kebak kanikmatane urip. Rak, ya ngono ta, Ndhuk Sinta ?”
“kasinggihan,
kula namung ndherek sakersa, Paduka.”
“Rama
Dewaji malah saged nyuwak cariyos lami ingkang nyariyosaken bilih negari
Alengka rebah risak. Mangka nyatanipun boten. Tembok Alengka boten gempal boten
gempil. Rama Dewaji taksih meger-meger ngembat pusaraning praja, boten gugur
kasambuting jurit kados ungelipun pustaka seratanipun pujangga Walmiki,”
panyelane Indrajit.
“Iku
rak dongeng saka mblakraking pangangen-angene Walmiki. Mula sengitku marang
Walmiki kepati-pati. Walmiki pancen bangsa keparat, banget anggone ngasorake
kawibawaningsun. Umpama menus Walmiki isih urip, oo.. mesthi tak tugel gulune.
Mula Jit..rungok-rungokna..tiling-tilingana..!”
“nggih
kadospundi..?”
“Sapa
wae…ora preduli mantri bupati..manggalaning praja, yen ana sing ngurip-urip
dongenge Walmiki, patenana!” sumambunge Dasamuka sereng sora mamerake
panguwasane.
“Nggih.”
“Majalah-majalah,
yen ana sing ngemot kaya dongenge Walmiki..rangketen redakture!”
“Boten
dipun pejahi..?!”
“Pateni..!!”
Wataking
Dasamuka kang brangasan sawenang-wenang mengkono iku gawe sengite penonton.
Satemah ana kang nylemong kebak pangigit-igit, yen wayang Dasamuka iku antuk
dituku, arep diremuk nganti ajur. Rembug mengkono iku cepet ditanggapi gethok
rambat satemah kabeh penonton lan bakul-bakul padha sayuk nyawiji, gelem urunan
wragad yen wayang siji kuwi oleh dilironi dhuwit.
Dul
sabrang dietutake sawetara penonton banjur nyaketi panjak kenong. Kajat niyate
masyarakat penonton dikandhakake supaya diterusake mnyang sing duwe wayang.
Sing
duwe wayang ora kabotan wayange dituku. “Kula culke janji puruh kalih atus ewu
rupiyah.”
“Pinten-pinten
purun. Nanging anu, menawi sampun tancep kayon, kula sedaya niki mpun boten
butuh,” guneme Dul Sabrang
“Nggih,
gampil,”
Wayahe
wis nyedhaki gagat rahina, tandhange sawetara uwong sing makili penonton dadi
sarwa cepet. Gage anggone ngubengake baskom, lengser, panci utawa apa wae sing
kena kanggo wadhah nampani dhuwit. Akeh sing mung urun Rp. 25,- utawa Rp. 50,-
Mbah Grontol, bakul grontol sing anggone dodol direwangi kadhemen sendhen pager
mung antuk bathi Rp. 450,-, eklas urun Rp. 75,-
“Aku
ya mangkel, Le. Satriya apik-apik nglabuhi bebener kok padha kalah,” guneme
Mbah Grontol.
“Eh,
thik Mbah Grontol ngerti satriya,” trumanggape sing ngethungake baskom, nampani
dhuwit lawen telung iji.
“Lho
ngerti, Le. Saka kulinaku dodol ing pewayangan njalari aku apal lakon-lakon
wayang. Sing ora ngerti lhak bocah-bocah enom saiki, senengane dhangdhut.”
“Eh,
Mbah Grontol thik isa ngritik.”
Merga
ki Bilung wis dirembugi sing duwe wayang, Ki Bilung api-api ora weruh kalane
tangane Dul Sabrang njabut Dasamuka iku. Penonton keplok mawurahan, banjur
gemrudug suk-sukan ngetutake Dul Sabrang menyang tengah latar wayah srengenge
rantak-rantak.
Dening
Dul Sabrang, Dasamuka iku terus disawatake mendhuwur. Kabeh penonton padha
ndhangak patring braok, tangane padha ngracung. Tibane Dasamuka tinampan rasa
pangigit-igit. Dasamuka kang ngudi kamelikan, pekareman, kanikmatan, kamukten,
lan kawibawan, ajur dirusak rame-rame. Dieneng-eneng, ditarik ngiwa-nengen.
Diuntir-untir, diprekes, dikeplek-keplekake, ditekuk-tekuk nganti tangane padha
putung kabeh. Senajan rupane wis ora rupa wayang, ewasemono isih digejugi,
banjur dipetelake ing ndhut-ndhutan gupakan kebo.
Swara
gumerahe penonton ngalahake ramene gendhingayak-ayak pamungkas, tandha tancep
kayon. Darmo Dipa kang jagong ngebyar lagi metu saka omahe Sura Melik sawuse
nyeselake amplop buwuhan menyang esake sing duwe gawe.
Weruh
Dul Sabrang isih kinupeng sawetara penonton ing ratan ngarepan, Darma Dipa
kumecap, “Piye? Wis padha marem?”
“Plong!”
**
Ki
Bilung Sarawita dhalang nylelek saka tlatah Bojonegoro ndhalang maneh ing
wewengkon kono. Lakone padha persis kaya nalika mayang ing omahe Sura Melik.
Penonton akeh sing ambrol mulih, wegah ndeleng lakon kang dianggep mblangkrah.
Dul Sabrang unak-unuk nglabrak panjak kenong.
“Niki
mesthi mpun kethikan kalih sing gadhah wayang kajenge Dasamuka niku ditumbas
melih. Nggih ta?”
“Lho..Lho…Sampeyan
niku dados tiyang kok boten sabaran. Kulite bromocorah sing kula kandhakaken
nika dados Dasamuka Kalih.”
“Ahh…Sampeyan
mpun ngarang crita!”
“Sing
Sampeyan jabut nika rak Dasamuka wanda begal. Sing niku senes. Wandane wayang
niku rupi-rupi. Mang setitekaken, wandane rak benten.”
“Wong
kok arep diapusi melek-melekan. Cekake kula boten ngandel!”
Merga
dianggep ngganggu pakaryane pengrawit, ana Hansip sing terus nggeret Dul
Sabrang diajak nyingkrih. Sing digeret mogok karo isih ngempo-ngempo. Dul
Sabrang lagi gelem mundur sawise dijawil darma Dipa, tokoh masyarakat sing
banget disungkani dening wong desa kono.
Dul
Sabrang diajak menyang panggonane bakul wedang, banjur digunemi,”Marem iku
pancen larang regane. Regane sok ora kubuk karo pikolehe kemareman sing ora
langgeng. Marem, bungah, susah, lan mangkel, cuwa lan muring iku wis dadi
pirantining urip. Maremmu ilang, saiki kowe mangkel maneh, muring maneh bareng
weruh Dasamuka isih ana.”
“Nanging
niku genah akal-akalan.”
“Embuh
mung saka akale dhalang njarag gawe lakon kaya ngono, embuh pancen dhalange
kesurupan tenan, aku ora bisa ngarani. Sing genah, kowe sakancamu ora bisa
ngilangi Dasamuka jalaran dasamuka iku wis dadi isen-isene wayang. Wayang
sakothak yen ora ana Dasamukane, jenenge ora komplit.”
“Lho
inggih, kula ngertos. Ning Dasamuka iku kudune rak kawon nek nurut pakem. Pakem
wis apik-apik kok dirusak,” wangsulane Dul Sabrang karo ngiling wedang panas
ing lepek.
“Pakeme
ora apa-apa. Ora rusak, ora suwek. Kowe weruh ngono wae wis kemrungsung, nganti
Sura Melik sing ora weruh jawane arep kok amuk. Mangka ing urip saben dina iki,
apa ya wis apik nurut pakem? Nyatane pakem disampar, disandhung, diteraki
ngalor ngidul.”
Dul
Sabrang ora wangsulan. Sing keprungu swara banter guyu ngakake Dasamuka ing
pakeliran kang mung diadhep indrajit.
“Ha
ha ha ha ha…! Ya bandhaku..! Ya donyaku..! Jit, anakku naanggg….”
“Nggih,
kados pundi rama dewaji?”
“Kowe
warisku ya, naanng. Kowe sing takgadhang nglintir keprabone pun rama. Nanging
kowe aja kesusu jalaran manut petungku, isih perlu ngenteni mangsakala kang
becik.”
Indrajit
sumanggem. Saka bungahe, Indrajit banjut ngambung dlamakane ramane kaping pitu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar