Minggu, 04 Januari 2015

TEMBANG DOLANAN


    
    MANGGA DIPUN-UNDHUH RUMIYIN TEMBANG DOLANANIPUN ING MRIKI !  



A.     Tembang Dolanan
Tembang dolanan yaiku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paugeran gatra gatra,  guru wilangan, lan dhong dhing. Nanging, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané.

Tembang dolanan ing ngisor iki semaken !

(1)   “ NGUDI GENDHING JAWA “
Ayo para kanca bebarengan suka-suka
Ngudi gendhing Jawa panuthuking gangsa
Ben bisa sampurna yen nabuh manut wirama
Ro nem ro ma ro nem ro ma
Pokok aja nganti bubrah
Yen bubrah ora genah sayekti tanpa paedah

a.       Golekana dasanamane
Ngudi                         = …………………………………
Gangsa                       = …………………………………
Sayekti                       = …………………………………
Suka-suka                  = …………………………………
Paedah                       = …………………………………
b.       Tembang ing dhuwur nyritakna apa ?
………………………………………………………………………………………
c.       Ya’apa wong nabuh gamelan iku yen nganti bubrah?
…………………………………………………………………………………………
d.   Piwulang apa sing ana ing tembang ?
…………………………………………………………………………………………… 

Tembang dolanan ing ngisor iki jangkepana !
(1)   “NGUDI KAPINTERAN”
Ayo kanca mumpung isih enom
Ngudi kapinteran …………………………………..
Aja nganti ……………….. lan keduwung
Yen …………………………………….
……………………….sarwa kidhung
…………………………………… dadi wurung
………………………………   batine nelangsa
Aja dadi gawe ………………………………….

Prayogane ………………………………..
Urip ing bebrayan ……………………………..
…………………………….. ketrampilan
Aja ………………………….. 
blayangan ………………
Becik wigatekna ………………………….
Ing tembe burine ………………………………
…………………………….. lair batin .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar