Tradhisi Begalan
Begalan kuwe pacakan seni tutur tradisi sing diramu seni tari, pigunane
nggo srana nyumponi urut-urutan upacara Pengantenan. Di gelar sejrone acara
tekane rombongan penganten lanang mlebu maring plataran (latar) penganten
wadon. Uba rampene wujud alat-alat dapur sing diarani "Brenong
Kepang". Kuwe jan-jane salah sijine gawan penganten lanang, go nyumponi
syarat adat mBanyumas sing tegese (makna simbolis)gathuk karo falsafah Jawa
khususe wewengkon mBanyumas. Contone: ilir, iyan, cething, kusan, kalo
(saringan ampas), tampah (nyiru), sorokan, centhong, siwur, irus, kendhil karo
wangkring lan wlira. Egin ditambah maning karo ubarampe sajen, yakuwe pala
pendhem, pala gantung, pala kesimpar, kembang pitung rupa/werna, beras kuning,
sewernane gegodhongan,gedhang raja lan gedhang emas, endhog ayam,lan
liya-liyane egin akeh maning. Sandhangane wong sing kedhapuk upacara begalan
kiye kudu nganggo klambi kampret srawa ireng, bebed lancingan bathik
Banyumasan,ikete wulung jeblagan, lan sikile kudu nyeker ora kena nganggo
trumpah.
Upacara
Begalan kiye isine pitutur nggo penganten sakloron gole arep mbangun somah.
Sejrone catur-gunem upacara, kuwe diwedharaken pitutur becik nggo penganten lan
tamu sing pada teka ngrubung, kadhang-kadhang dibumboni glewehan-glewehan
kepriwe carane wong urip omah-omah lanang-wadon. Pagelaran seni kiye diiring
gendhing Jawa Banyumasan [Ricik-ricik, crebonan, gunung sari, gudril lan
eling-eling ].
Maksud
lan prelambang dibegal: "sing dibegal, kuwe dudu dunyane, tapi Bajang Sawane kaki penganten lan nini
penganten".
Upacara
kiye di wakilaken tukang njoged sing wis biasa (dhukun begalan), gunggunge ana
wong loro; sing siji dadi wakile penganten wadon gawane "Wlira"
ruyung jambe (sigaran wit jambe), dene wakil penganten/besan lanang nggawa
"Brenong Kepang" kuwe isen-isene prabot dapur.
Biasane
bar gelaran, "Brenong kepang" (alat dapur) sing digawa kuwe
dibalangaken kanggo rebutan/rayahan penonton.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar