Asal-usul Gapura lan masjid wali ing
desa Loram Kulon kec. Jati kabupaten kudus
Miturut crita
kang ana ing masyarakat kana, Gapura lan masjid wali kang ana ing desa Loram
Kulon, yaiku critane saka Ratu Kalinyamat lan Sultan Hadirin. Miturut critane Putri
Trenggono kang nduweni asma Ratu Kalinyamat kang manggon ana ing Jepara lan wis
nguwasani daerah-daerah Pati, Rembang, lan Blora. Ratu kalinyamat kuwi putri
Sultan kang ayune ngedap-ngedapi lan awake kang apik. Mulane akeh wong lanang
kang pada naksir lan pada ngrebutke dheweke. Wektu nggolek jodho, Ratu
Kalinyamat nurut banget marang wong tuane. Sak durunge Bapake seda, Bapake nate
pesen jodone kuwi Pangeran kang nduweni watak satriya saka luar pulau Jawa.
Mula kuwi Ratu Kalinyamat nganaake sayembara. Para Pangeran saka Jawa lan luar
jawa akeh banget kang melu sayembarane Ratu Kalinyamat. Nanging ora ana sing
kasil, amarga niate mung pengen dadi bojone Ratu Kalinyamat kang ayune
ngedap-ngedapi kuwi.
Ing
liya dina ana nom-noman kang prasaja, nom-noman kuwi pengen ngabdi karo Ratu
Kalinyamat. Ratu Kalinyamat ngolehi nom-noman kuwi ngabdi karo Dheweke. Bocah
kuwi di dadeake tukang ngurus taman kerajaane.wis suwe Ratu Kalinyamat namatke
bocah kuwi. Suwe-suwe Dheweke penasaran karo bocah kuwi. Sawise ngabdi suwe,
bocah kuwi diangkat dadi Patih, ing liya dina bocah mau di tes karo Ratu
Kalinyamat, di jak ning kamare Ratu Kalinyamat dirayu, nanging bocah mau ora
gelem nanging malah mlayu. Trus digudak dikon nyekel lan dikon mateni. Sak
durunge dipateni bocah mau dikon ngaku sapa sejatine dheweke. Bocah mau crita
nak dheweke kuwi putrane Sultan Mukhayat Syah saka Aceh kanthi asma Raden
Toyib. Raden Toyib crita yen to jabatan bapake kang diwenehke dheweke direbut
kang mase. Nak kana ana perang sedulur, sing adine Raden Toyib ngalah lan
minggat. Mula kuwi Raden Toyib lunga ngulandara nganti tekan negri Cempa. Ning
kana Dheweke dirumat karo Sultan kang nduweni asma Tji Wie Gwan lan diakoni
dadi anak angkate. Trus nak kana dheweke ganti asma dadi Sultan Hadirin. Nalika
wis suwe ing negri Cempa dheweke kangen karo negrine dhewe. Sultan Hadirin
njaluk ijin marang bapake, akhire diijini. Nak perjalanan ora disengaja malah
tekan Jepara, kabeh sandangane diwenehke wong Jepara dheweke malah nganggo
klambi sing biasa. Nalika krungu critane Sultan Hadirin, Ratu Kalinyamat
langsung kesengsem lan nikah dadi bojone Sultan Hadirin. Ing acara nikahane
Bapake Sultan Hadirin diundang supaya acarane rame. Sawise nikah Sultan Hadirin
dadi Sultan ing Jepara. Sulatan Hadirin diwenehi hadiah saka Bapake awujud
masjid ing Mantingan. Ing kana sultan Hadirin lan Ratu Kalinyamat ora nduwe
keturunan, trus Sultan Hadirin diijini nikah maneh supayta bisa nduwe anak.
Sultan Hadirin akhire nikah karo anake Sunan Kudus kanthi asma Raden Ayu Prodo
Binabar, nangin pancen nasibe Sultan Hadirin. Dheweke uga ora bisa nduwe anak
maneh. Akhire Dheweke ngepek anake Dewi Wuryan Ratnawati, Putri Sultan Banten.
Sunan
Kudus ngerti masjid kang ana ing Mantingan, Jepara gawe Sunan Kudus kesengsem.
Tji Wie Gwan diaturi nyebarke agama Islam ing daerah Kudus wektu kuwi warga
Kudus isih akeh kang melu Agama Hindu-Budha. Tji Wie Gwan nyebarke Agama Islam
nak daerah Loram Kulon. Ing kana Dheweke nggawe gapura lan masjid. Gapura kang
digawe Tji Wie Gwan kaya candi panggon ibadah wong Hindu-Budha, mula kuwi akeh
warga kang pada penasaran lan pengen weruh wujude gapura mau. Amarga saking
penasarane, para warga njaluk ijin karo Tji Wie Gwan pengen mlebu lan pengen
weruh nak njero kana kuwi isine apa wae. Amarga nak gapura mau diwenehi pager.
Sawise para warga mau mlebu, akhire dikenalke masjid kuwi apa, lan masjid
kanggone nggo ngapa. Tji Wie Gwan uga ngajarke budhaya kanggo warga sekitare
bab ajaran Agama Islam, suwe-suwe akeh warga kang seneng karo ajara Islam. Mua
kuwi akeh Warga kana sing ngrasuk Agama Islam. Amarga kepinterane ngajak
wong-wong Loram Kulon mau Tji Wie Gwan diwenehi gelar asma Sunggin Bada kang
nduweni arti ahli ngukir. Amarga ukiran karyane Tji Wie Gwan apike ora umum.
Sak liyane ngajarke bab-bab agama, Tji
Wie Gwan uga ngajarke tradisi marang sing saben nganaake acara nikahan, sunat
utawa hajat liyane supaya menehi sodaqoh awujud sega kepel kang jumlahe pitu.
Kang nduweni arti pitu kuwi pituduh utawa pitulung. Critane biyen nalika Tji
Wie Gwan nggawe gapura ana wong tuwa, trus dhewek takon nak Dheweke kuwi pengen
sodaqoh nanging ora ngerti carane. Wong tuwa mau njawab pitakone, ”yen pengen
sodaqoh, kuwe kudu nggawe sega kepel akehe pitu”, kuwi mau dilakoni bojone wong
tuwa mau. Ana uga tradisi yen wong nikah yaiku ngubengi gapura. Sing biasa
kasebut kirab nganten. Miturut crita mbiyen, masjid kuwi ya kanggo kaya KUA
kaya saiki utawa kenaiban supaya isa di delok wang akeh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar