BABAT
''WATULAWANG''
LAN
DESA ''KALAPACUNG ''
Rikala jaman semonten , wonten tlatah tanah jawi gesang tiyang ingkang sekti mandraguna
, asmanipun Ki Mandrayudha . Ki Mandrayudha gadah pusaka nggih menika “ iket
wulung “ , panjenenganipun ugi remen sanget ngagem rasukan ingkang sarwa cemeng
. Ki mandrayudha gadhah laku batin lan kanuragan nggih menika puasa wonten
dinten senen pon lan kemis pon . Ki Mandrayudha gadhah kakang , asmanipun Ki
Mandrawangsa . Ki mandrayudha lan kakangipun gadhah sipat ingkang benten , Ki
Mandrayudha , rumaos dados tiyang mboten gadhah remen tulung teng sasomo .
Nangimg kakangipun amargi banget sugihe panjenenganipun gadhah sipat gumedhe
lan mboten purun nulung lan srawung kaliyan tiyang ingkang drajatipun luwih
asor tinimbang panjenenganipun .
Miturut tiyang sepah teng dusun kula , Ki
Mandrayudha gadah putri ( asmanipun mboten dipun mangertosi ) ingkang ayunipun
kados widodari ngejawantah . Kathah pemuda – pemuda ingkang gadhah gegayuhan
saged sumandhing kaliyan putrinipun Ki Mandrayudha .Ananging saupami enten
pemudha ingkang badhe nglamar putrinipun Ki Mandrayudha , putrinipun Ki
Mandrayudha mesti mboten purun . Ngantos sawijining dinten enten pemuda(
asmanipun mboten dipun mangertosi ) ingkang nglamar putrinipun Ki Mandrayudha ,
amargi Ki Mandrayudha mboten purun putrinipun dipun wastani prawan tuwa , dados
Ki Mandrayudha nampi lamaranipun pemudha wau , tanpa paring pangerten dateng
putrinipun .
Nalika paring pangerten dateng putrinipun , putrinipun Ki Mandrayudha kaget lan
mboten purun nampi lamaran punika , nanging sasampunipun dipun lirihi dening Ki
Mandrayudha , putrinipun purun nampi lamaran punika , nanging kanti syarat .
syaratipun nggih punika dipun tanggapaken Tayuban , anggonipun nanggap ngagem
dalem ingkang ageng lan miwah .amargi banget tresnanipun Ki Mandrayudha , Ki
Mandrayudha nyangguhi syarat punika .
Sawijning dinten , Ki Mandrayudha tindak
wonten dalemipun kakangipun, Ki Mandrawangsa , kanti niyat badhe ulem – ulem
lan ngampil dalemipun kakange ingkang banget agengipun . sasampunipun wonten
dalemipun Ki Mandrawangsa , Ki Mandrayudha sanjang
“ kakang , kula sowan dalem
panjenengan sepindhah kula ajeng silaturahmi , kaping kalih kula ajeng nyuwun
dunga restu , kula ajeng nikahaken putri kula ,”
“ Ooo..... kaya kue . . . .
yaya..... kapan kue acarane ?”
“mangkin ndalu
kakang.................., saupami Gusti maringi kelancaran kula ajeng nanggap
tayuban ,”
“walahh................wong kere
, kemlithak nanggapi tayub apa jagane sanggup ,”
“ kanti restuning Gusti
Allah..............,”
“ ya........wis bodho – bodhoa
ko...................., angger nyong si percaya ora baka
dadi.................heh ,”
“ nggih kula nyuwun pamit kakang
,”
' ya wis , mengko nyong teka mandan sorean
,”
Sasampunipun pamit Ki Mandrayudha mboten
langsung kondur , nanging sesigeggan nginggeng saupami Ki Mandrawangsa ajeng
budhal . Ngantos sonten Ki Mandrayudha anggonipun ngentosi , sasampunipun Ki
Mandrawangsa budhal Ki Mandrayudha langsung ngukebi dalemipun kakange ngagem
iket wulungipun lanmbekto dalem wau budhal wonten umahipun medal margi ingkang
mboten dipun liwati dening kakangipun .
Ki Mandrawangsa dugi dalemipun Ki
Mandrayudha , teras kaget mriksani dalemipun Ki Mandrayudha sami kaliyan
dalemipun piyambak
“ iki umah kaya umahku ….....!”nanging Ki
Mandrayudha mboten wantun ngendika dumateng Ki Mandrayudha.
Wengi punika acara nikahanipun putrinipun
Ki Mandrayudha gayeng sanget ,ngantos enjing . sasampunipun enjing Ki
Mandrawangsa pamit kondur , sasampunipun Ki Mandrawangsa pamit ,Ki Mandrayudha
lajeng ngungkebi dalem gedong wau ngagem iket wulungipun , teras mbekta dalem punika
teng panggenan asalipun . amargi wekdalipun sampun mepet , Ki Mandrayudha wedi
saupami anggonipun mbekta dalem punika kewenangan teng tiyang sanes lan teng Ki
Mandrawangsa dados anggenipun mbekta kanti mlayu – mlayu.
Ing sawijining grumbul lawangipun dalem
punika daweh , nanging Ki Mandrayudha mboten ngertos saupami lawangipun daweh.
Sasampunipun Ki Mandrayudha dugi panggenan asalipun dalem punika Ki Mandrayudha
teras njublegaken dalem punika kados waunipun , lajeng kesah saking mriku .
Mboten ndangu , Ki Mandrawangsa dugi dalemipun , Ki Mandrawangsa kaget
lawangipun dalemipun mboten enten , lajeng Ki Mandrawangsa ngutus dumateng
gandhek supados madosi lawang ingkang ical . Gandhek punik nepangi teng
sawijining grumbul enten lawang kang njubleg , lajeng gandhek punika paring
pirsa dumateng Ki Mandrawangsa .Ki Mandrawangsa mriksani lawang punika ,”
Loooooooo……………… kiye bener lawange nyong , ayo cepet nduduk lawange !” Ki
Mandrawangsa ngutus gandhekipun supados nduduk lawang punika. Nalika nduduk lawang
punika , pacul ingka dipun agem kangge ngeduk lawang wau gowang , sahingga
lawang punika mboten saged dipunpendhet ngantos saniki.
Saniki grumbul ingkang enten lawangipun
punika dipun wastani “WATULAWANG” amargi enten lawang njubleg ingkang rupanipun
kados watu . Lan desa mriku dipun wastani desa “KALAPACUNG” saking tembung
“KALAH” lan “PACUL”. Wonten desanipun Kula nggih menika desa Tangkisan ,
panggenan asalipun Ki Mandrayudha enten pepaling nggih punika , mboten kenging
ngagem iket wulung lan ageman ingkang sarwa cemeng , ugi mboten kenging puasa
wonten dinten senen pon lan kemis pon , amargi sedaya wau ageman ingkang dipun
remeni teng Ki Mandrayudha lan puasa wau , puasa lakunipun Ki Mandrayudha ,
sahingga mboten kenging enten ingkang tiru .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar