Cerita Rakyat
ASAL USUL DIPUN NAMENI DESA TAMANSARI
Putri ingkang rupinipun sulistya ing warna utawi ayu.
Kathah nem-neman ingkang sami katuju prana utawa jatuh cinta, nanging putri wau
mboten nglanggati utawi mboten nanggepi. Semarang tingkah polahe putri wau
tansah dados kawigatan mila putri wau gesangipun mbujeng ingkang akhiripun
kendel ing taman ingkang kathah sesekar maneka warna, putri wau ical.
Dumadakan wonten sawer ageng, lan sawer wau dipun
pejahi lan dikubur ing mriku. Mila wonten para sepuh desa wau dipun nameni Desa
Tamansari. Ngendikane para sepuh, putri ingkang ngical wau nggadahi pangangkah
utawi tujuan mboten milih nem-neman salah satunggal, amargi kuartos dadosaken
perang utawi dedra para nem-neman wau. Lan manut crita wonten ingkang gadahi
pananggih menawi wonten estri prawan ingkang ayu sanget tanpa cacat gesangipun
mboten panjang yuswa.
Wonten mitos ingkang cariosaken menawi estri-estri
desa Tamansari rupinipun luwes, lan soksintena tiyang ingkang manggen Tamansari
sinausa sanes tiyang Tamansari nami sampun manggen teng Tamansari, tiyangipun
badhe ketingal pantes luwes.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar