Tradhisi Rebo Wekasan
Tradhisi rebo wekasan menika salah setunggal tradhisi ingkang
misuwur sarta tasih dipunpengeti dening warga desa Karangmalang. desa
Karangmalang menika nama salah setunggal desa wonten ing kecamatan Gebog.
Kecamatan Gebog menika salah setunggal kecamatan ingkang wonten ing kabupaten
Kudus. Dunungipun wonteb ing ampeyanipun redi muria. Pendhudhuk desa
Karangmalang menika pakaryanipun sadean, pengusaha konveksi, pengusaha batik,
sarta tani. Agami ingkang dipunanut wonten ing desa Karangmalang inggih menika
agami islam. Pramila sedaya tradhisi ingkang woten ing desa Karangmalang menika
sami campur kalayan agami islam.
Tradhisi rebo wekasan menika domados saking kalih tembung, inggih
menika “rebo” ingkang tegesipun ‘dinten rebo’ sarta wekasan ingakg tegesipun
‘pungkasan’. Tradhisi rebo wekasan ugi asring dipunwastani tradhisi “toya
salamun”. Tradhisi menika dipunlampahi wonten ing dinten rebo pungkasan wulan
sapar. Tatacaranipun inggih menika dipunwiwiti milahi rampung salat
maghrib. Sasampunipun salat maghrib,
para warga desa Karangmalang kempal wonnten ing mejid. Lajeng sami maos surat
yasin sepisan. Nalika dumugi ayat salamunqoulanminrobbirrahim dipunwaos
kaping 313. Sasampunipun lajeng smi sesarengan salat isya. Sederengipun salat isya,
kawula enem utawi remaja masjid sami nyepakaken embor ageng, toya, dluwang,
sarta pulpen. Toya menika lajeng dipunlebetaken dhateng embor. Lajeng dluwang
menika dipunserati ayat salamunqoulanminrobbirrahim, lajeeng
dipuncemplungaken wonten ing toya menika. Sasampunipun, remaja masjid
bandumaken toya menika dhhateng para rawuh. Tradhisi menika dipunpandegani
dhateng pak modin sarta dipuntumuti dening sedaya warga desa Karangmalang.
Ancasipun tradhisi menika inggih kagem ngemutaken para warga
supados sami dedonga amargi wonten ing dinten rebo menika Allah nurunaken coba
utawi bala kathahipun 320.000 kagem manungsa. Saengga, dedonga menika dados
setunggal sarana kagem nulk coba menika.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar