Minggu, 04 Januari 2015

S I N A U


S I N A U

            Anane manungsa bisa pinter, nduweni ngelmu akeh, lan nduweni drajat sing luhur sranane mung sinau utawa golek ngelmu. Krana sinau manungsa bisa ngerteni samubarang sing maune durung diweruhi utawa dingerteni, bisa nindakake pakaryan sing maune durung bisa ditindakake, bisa milah-milahake samubarang sing becik lan sing ala, sarta bisa ngerteni samubarang apa wae.
            Sakabehe gegayuhan bisane kasembadan kudu disranani nganggo ngelmu. Sakabehe pakaryan supaya bisa katindakake kanthi sampurna uga kudu disranani nganggo ngelmu sing becik. Cekak aose, krana kawruh lan ngelmu manungsa bisa tumindak apa wae kanggo nggayuh apa sing dadi gegayuhane.
            Kanggone para siswa sing lungguh ing bangku sekolah, sinau mujudake kuwajiban sing kudu ditindakake saben dina. Bocah sing males anggone sinau mesthi ora bisa kasil sinaune, ora bisa paham ngelmu sing diwulangake dening guru kang njalari bijine elek terus ora bisa munggah kelas.
            Sejatine sinau iku ora ngemungake tumrap para siswa sing isih ana ing bangku sekolah wae, nanging saben manungsa nduweni kuwajiban golek ngelmu. Nggolek ngelmu diwajibake marang saben-saben manungsa wiwit lair ceprot nganti tumekane mati. Bab golek ngelmu iku papap dununge uga ora winates. Ing papan ngendi wae kudu tansah diudi. Ana unen-unen,”Golekana ngelmu senajan ta nganti Negara Cina”.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar