Tradhisi Tedhak Siten
Tedhak siten iku salah siji kebudayaan masyarakat jawa kang mulai digerus
zaman. Tedhak siten dewe soko tembung tedak sing artine napakake samparan utawi
nglampah, lan siten soko tembung siti kang artine lemah. Dadi tedhak siten iku
artine napakake pelampahan ing dunyo. Ritual tedhak siten nggmbarake kesiapane
bocah kangge njalani urip sing apik lan sukses ing mbesok. Tedhak siten di
adakake ing jawa, kelebu budaya jawa kang perlu dilestariake, diadakake kangge
bocah umur 7 wulan. Urut-urutane tedak siten yoiku tedhak sego pitung werno,
mudhun tango tebu, ceker-ceker. Kurungan, sebar udik-udik, siraman.
Kata kunci :
Budaya, Tedhak siten, Urut-urutane tedhak siten, makna tedhak siten.
Pendahuluan
Tedhak siten iku klebu
budaya Jawa sing perlu dilestarikake, yen ora budaya tedhak siten iki bakalan punah. Amargaa ora ono sing nerusake
maneh .
a. Pengerteni budaya
Budayo asale soko tembung sansekerta yoiku buddhayah kang diartikake hal
sing kaitane karo budi lan akal menungso. Budoyo yoiku coro urip kang ngembang
lan diduweni wong akeh sangking kelompok wong lan diwarisake sangking wong tuo
ndo wong enom sing saklanjutipun. Budoyo kabentuk soko akehe unsure kang
njrimet. Budoyo sifate kompleks, abstrak lan ombo. Akeh aspek budoyo kang melu
nentokake perilaku kang komunikatif. Unsure-unsur sosial-budoyo niki nyebar lan
ngliputi akehe kegiatan sosial.
b. Pengerteni tedhak siten
Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa
kanggo bocah umur 7 wulan. Upacara iki ing dhaérah liya ingNuswantara uga ana, contoné sing
diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakartadéning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani
mudhun lemah.
Tedhak sitèn iku asalé saka tembungtedhak utawa idhak lan sitèn
(saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah
sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn
umur bocah wis 7selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).
c. Urut-urutane tedhak siten
· Tedhak sega pitung warna
· Mudhun tangga tebu
· Ceker-ceker
· Kurungan
· Sebar udik-udik
· Siraman
d. Keterangane urut-urutane
tedhak siten
v Tedhak sego pitung warna yoiku bocah cilik
dituntun maju nglewati lan nglampahi bubur kang di gawe soko beras ketan lan
ono pitung werno. Yaiku abang, kuning, ijo, biru, oren, putih, lan ungu kang
artine bocah mau biso nglewati alangan ing uripe. Lan kanggo sakwise tuwo bocah
mau ileng karo tanah laire.
v Mudhun tango tebu arjuno yoiku bocah kang dituntun
munggah medun soko tangga arjuno kang artine supoyo bocah mau duwe sikap koyo
arjuno kang watake satrio lan tanggung jawab, senenge nglakokake kebajikan,
nulungi wong, belo sing apik, lan berbakti kangge negoro. Ing adat jawa tebu
iku singkatane soko antebing kalbu kang artine supoyo bocah mau jalanake uripe
kang mantep lan tekad sing kuat.
v Ceker-ceker yoiku kegitan sakwise mudhun soko
tango tebu lan bocah mau dituntun nang pasir. Nang pasir niku bocah mau dolanan
pasir nganggo sikile sing arti kiase kangge luru panganan. Maksude bocah mau
sakwise dadi gedi biso nguripi awake dewe.
v Kurungan: bocah mau dilebokake ing
kurungan kang sampun dihiasi janur lan kertas warno-werno.ugo bocahe ora gelem
melbu ing kurungan, ibuke ngonconi bocah mau. Ing dalem kurungan sampun wonten
isine. Isine yoiku buku, handphone, pari lsp sampe bocah mau mundhut salah siji
barang. Barang sing dipundhut bocah mau nglambangke mbesok sakwise wes gedi.
Contone bocah mau mundhut buku kang artine bocah mau mbesoke dadi wong pinter.
o Kurungan nglambangke dunia nyata, bocah mau
melbu dunyo sing pak dilewati.
v Sebar udik-udik yoiku duwit receh kang dicampur
kembang-kembang utawi beras kuning disebarke lan para undangan munduti duwit
mau sing disebar kang artine bocah mau sakwise gedi biso dadi wong kang
dermawan, seneng nulungi wong liyo.
v Siraman yoiku bocah kang wis nglakokake kegitan
mau diadusi nganggo banyu kembang kang artine bocah mau saged ngarumahake name
keluargane. Sesampune siraman, bocah mau didandani ngagem klambi sing apik lan
resik sing artine supoyo bocah mau duwe jalan urip sing apik lan gawe
keluargane bangga
e. makna tedhak siten
kangge ndekatake bocah karo ibu pertiwine, tanah kelairane. Kangge njalani
uip e sing apik lan bener ing dunyo iki, dadi ne urip nang dunyo niki rosone
penak lan seneng. Niki artine bumi lan tanah kelairane sampung maringi hal sing
nunjang urip e menungso.
Simpulan
Tedhak siten iku salah siji kebudayaan masyarakat jawa kang mulai digerus
zaman. Tedhak siten dewe soko tembung tedak sing artine napakake samparan utawi
nglampah, lan siten soko tembung siti kang artine lemah. Dadi tedhak siten iku
artine napakake pelampahan ing dunyo. Ritual tedhak siten nggmbarake kesiapane
bocah kangge njalani urip sing apik lan sukses ing mbesok. Tedhak siten di
adakake ing jawa, kelebu budaya jawa kang perlu dilestariake, diadakake kangge
bocah umur 7 wulan. Urut-urutane tedak siten yoiku tedhak sego pitung werno,
mudhun tango tebu, ceker-ceker. Kurungan, sebar udik-udik, siraman.
Daftar pustaka
Tidak ada komentar:
Posting Komentar