Tradhisi Nyadran
Leluhur padha karo luhur-luhur,
yaiku kang ana ing dhuwur-dhuwur. Ana sing nyebut, para eyang sing wis seda
utawa surud ing kasedan jati. Wong Jawa uga ana sing nyebut, para eyang sing
wis kondur ana ing tepet suci, lokabaka utawa alam kelanggengan.
Ing tlatah Surakarta uga ana
sing nyebut eyang sing wis suwargi, amarga percaya menawa arwah eyange wis
munggah ana ing suwarga. Tradisi nyadran tumrap wong Jawa dianggep perlu
lan penting. Umume ditindakake ing sasi Ruwah(saka tembung Arab arwah),
sepuluh dina sakdurunge ngibadah pasa, akeh kang padha nyekar para leluhur.
Rama Sudi Yatmana negetung siji
mbaka siji wiwit saka bapa biyung tekan sapandhuwure. Ana ing ngelmu Kejawen,
wiwit anak lan bapa biyung sapandhuwur sinebut sejarah rolas sing gunggungane
kabeh ana 4.094. Pilahane, bapa biyung 2, mbah 4, buyut 8, canggah 16, wareng
32, udheg-udheg 64, gantung siwur 128, gropak senthe 256, tebu sinosog 512,
petarangan bubrah 1.024, amun-amun 2.048.
Tradisi Jawa pancen unik,
nduweni ngelmu sing menehi pepeling marang anak(putu) supaya ngerti marang
leluhur. Anak dikekudhang supaya ngerti bapa biyung sing ngukir jiwa ragane.
Sabanjure digulawenthah supaya ngerti marang mula bukane wiwit mbah, mbah
buyut, canggah, wareng, lan sapendhuwure. Ana sesebutan liyane supaya anak putu
ngerti silisilahe.
Sawise ngerti, diweling supaya
dipepundhi, amarga kabeh mau pepundhene. Ing sasi ruwah iki akeh pepundhen kang
disowani lan diresiki. Nyadran tumrap wong Jawa dianggep wigati, amarga ana bab
kang sambung karo tradisi spiritual. Istilah tradisi, muola bukane saka tembung
latin tradere utawa traditio(basa mancane transit, handing down), tegese ”
maringake saka ndhuwur”. Sing diparingake babagan kang nduweni nilai kang
adi(luhur, luhung).
Tumurune bab kang adi mau ana
sing wujud piwulang(ajaran, doktrin) religi, nanging uga ana kang awujud
piwulang metafisika. Ana ing jagad Kejawen, akaeh banget tradisi sing ana
sambung rakete karo slametan. Cliffort Geertz, sing nulis buku Abangan, Santri,
Priyayi dalam Masyarakat Jawa, gamblang anggone ngandharake bab slametan ing
masyarakat Jawa. Akeh banget tata cara slametan sing dianake ing tlatah
pradesan Mojokutho(Pare) Jawa Timur. Tradisi sing gegayutan karo slametan lan
leluhur uga dijlentrehake dening Koentjoroningrat ing bukune Kabudayan Jawa.
Masyarakat singngrasuk paham(teologi) Jawa padha nindakake upacara nyadran ing
sasi Ruwah supaya padha ora lali marang asal-usule.
Rama Sudi Yatmana kanthi
pratitis nyebut tilik kubur, besrik kubur, resik kubur, kirim donga, slametan,
memule utawa nyandi, ruwahan, ziarah, misa arwah, ngesur tanah, nelung dina,
mitung dina, matang puluh, nyatus, mendhak pisan, mendhak pindho, nyewu, khol,
lan sapiturute. Kajaba saka iku, uga nyebut upacara sraddha minangka pengetan sedane Gayatri dening Prabu
Hayam Wuruk ing taun 1362. PJ Zoetmulder anan ing buku Kalangwan uga nyritakake
bab upacara sraddha kanggo mengeti sedane Tribhuwana Tungga Dewi taun
1350. Upacara sraddha minangka pengetan raja-raja sing wis puput yuswa uga
sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo ubarampe wujud baita(prau) sing digawe
saka kembang(puspa, sekar).
Ya amarga saka upacara iku,
sing diarani nyadran saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, terus dadi nyadran. Tradisi upacara
nyadran ora bisa pisah karo kembang(mawar, kenanga, mlati lan liya-liyane).
Tradisi nyadran pranyata wis lumaku wiwit jaman Majapahit nganti saiki.
Pakurmatan kanggo leluhur isih lestari tekan saiki lan dipepetri dening
masyarakat ing tlatah padesan.
Babagan tilik kubur utawa
ziarah pancen dipratelakake ana ing agama Islam supaya padha kelingan bab pati.
Bab pati ana sesambungane karo bab urip sing ora suwe. Paribasane kaya wong
mampir ngombe. Mula ana tembang Dhandanggula sing muni: Sanepane wong urip
puniki, aneng ndonya iku umpamanya, mung kaya wong mampir ngombe, umpama manuk
mabur, lepas saking kurunganeki, pundi mencoking benjang, aja kongsi kleru,
umpama wong njan sinanjan, ora wurung mesthi bali mulih, mring asal kamulanya.
Pungkasane, nyadran iku ngluhurake leluhur kang tundhone supaya eling lan
manembah marang Kang Maha Luhur.
Intine rembug, sakabehing titah
kudu tansah mbekteni marang leluhur, snajan wis mapan ing alam kelanggengan.
Salah sawijining amalan kang ora pedhot ganjarane yaiku dongane anak putu kang
sholeh lan sholehah marang bapa ibu lan para leluhur. Dadi ora teges anak putu
nyembah marang arwahe para leluhur, ananging ndongakake supaya arwahe para
leleuhur kapapanake ing papan kang mulya ing sandhinge Gusti. Bektine anak kudu
mikul lan mendhem jero karo wong tuwa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar