ASAL USUL
PADUKUHAN
SIRONGGE
Rikala
jaman semanten, wekdal punika kula teksih alit, kula dipun ajak sowan dalemipun
simbah lajeng kula dipun cariosi kaliyan simbah wontenipun “Padukuhan
Sirongge”. Antawisipun mekaten.
Ing
wekdal punika wonten sawijining punggawa kadipaten ing Purbalingga supados
mriksani wontenipun kahanan ing Keputren. Keputren punika sawijining padukuhan
ingkang panggenanipun ing perbatasan Wirasana ugi pesanggrahanipun para putri.
Punggawa
punika lajeng teras tindak menyang keputren,wonten ing satengahing margi
punggawa punika priksa wonten kenyo putri saweg lenggah ing pinggiring margi.
Lajeng piyambekipun taken kaliyan kenyo punika.
“Siro
ngger lagi ngapa?” pitakonipun punggawa punika. Nanging kenyo wau mendel
salebeting punggawa ngendika dumatheng kenyo wau. Lajeng punggawa punika
kagungan penggalih lan ngendika wonten batosipun piyambek.“Aku duwe gegayuhan,
yen ana rejaning jaman. Padukuhan sing kanggo peristirahatane kenyo putri mau
arep tak jenengi “Padukuhan Sirongge”.
Dugi
sapriki padukuhan punika dipun paring asma ‘‘Padukuhan Sirongge’’. Ingkang
mboten sanes nderek wewengkonipun Padukuhan Kembaran Kulon.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar