MACAPAT
Macapat iku tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Saben bait
macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra
nduwé sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo
uni pungkasan sing diarani guru lagu. Macapat kanthi jeneng sing béda
uga bisa ditemokaké jroning kabudayan Bali, Sasak, Madura, lan Sunda. Sajabané kuwi
macapat uga naté ditemokaké ing Palembang lan Banjarmasin. Biasané macapat dimaknani
minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku
kata). Nanging bab iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liya uga ana.
Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit
lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah.[8]
Sebab ing Jawa Wétan lan Bali macapat wis dikenal
sadurungé teka Islam.[8]
Karya-karya
kasusastran klasik Jawa saka jaman Mataram Anyar,
umumé ditulis nganggo metrum macapat.[9].
Sawijining tulisan jroning wangun prosa utawa gancaran umumé ora
dianggep minangka asil karya sastra nanging mung kayadéné 'daftar isi' waé.[9]
Sawetara conto karya sastra Jawa sing ditulis jroning tembang macapat kalebu Serat
Wedhatama[10],
Serat Wulangreh[11],
lan Serat Kalatidha.[12]
Puisi
tradhisional Jawa utawa tembang biyasané dipérang dadi telung kategori: tembang
cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé.[13]
Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan,
déné tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman
Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak.[13]
Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung,
puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.[14]
Yèn
dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih
gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké
marang basa Sangskerta, jroning macapat prabédan antara
suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.[13]
Aturan-aturan
jroning macapat mau antara liya:
- Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait).
- Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
- Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Sejarah Tembang Macapat
Macapat
minangka sebutan metrum
puisi jawa tengahan lan jawa anyar, sing nganti saiki isih ditresnani
masarakat, nyatané pancèn angèl dilacak sajarahé.[15]
Poerbatjaraka
mratélakaké yèn macapat lair bebarengan karo geguritan abasa jawa tengahan,
nalika macapat wiwit dikenal, durung diweruhi sacara premana. Pigeaud nduwèni panemu yèn tembang macapat
dipigunakaké ing wiwitan periode Islam. Pratélan Pigeaud sing asipat informasi kira-kira iku
isih perlu diupayakaké kacocogan tauné sing mesthi. Déné Karseno Saputra
ngira-ira adhedhasar analisis marang sawetara panemu lan pratélan. Yèn nyata
pola metrum sing dipigunakaké ing tembang macapat padha karo pola metrum
tembang tengahan lan tembang macapat tuwuh ngrembaka sairing karo tembang
tengahan, mula banjur dikira-kira yèn tembang macapat wis ana ing kalangan
masarakat saora-orané taun 1541 masèhi. Pangira-ira iki adhedhasar angka taun sing
ana ing kidung Subrata, Juga Rasa Dadi Jalma = 1643 J utawa 1541 masèhi. (
Saputra, 1992 : 14 ) Bab iki adhedhasar pola metrum macapat sing paling
wiwitan sing ana ing kidung Subrata. Watara taun iku tueuh geguritan abasa jawa
kuno, jawa tengahan lan jawa anyar yaiku kekawin, kidung lan macapat. Taun
pangira-ira kuwi cocog uga karo panemuné Zoetmulder
luwih kurang ing abad XVI ing jawa urip bebarengan telu basa, yaiku jawa kuno,
jawa tengahan lan jawa anyar. Jroning Mbombong manah I (
Tejdohadi Sumarto, 1958 : 5 ) disebutaké yèn tembang
macapat ( sing nyakup 11 metrum ) diciptakaké déning Prabu Dewawasesa utawa
Prabu Banjaransari saka Sigaluh ing taun Jawa 1191 utawa taun Masèhi 1279.
Ananging miturut sumber liya, macapat ora mung diciptakaké déning sawiji uwong,
nanging déning sawetara wali lan bangsawan. ( Laginem, 1996 : 27 ). Para
pancipta iku yakuwi Sunan Giri Kedaton, Sunan Giri Prapen, Sunan Bonang,
Sunan Gunung Jati, Sunan Murya, Sunan Kali
Jaga, Sunan Drajat, Sunan Kudus,
Sunan Geseng, Sunan Majagung, Sultan Pajang, Sultan Adi Eru Cakra lan Adipati
Nata Praja. Nanging miturut kajian ilmiah ana loro panemu sing nduwèni prabédan
ngenani lairé macapat. Panemu sepisan mratélakaké yèn tembang macapat iku luwih
tuwa tinimbang tembang gedhé lan panemu kaloro suwaliké. Kajaba panemu iku isih
ana panemu liya ngenani lairé macapat adhedahsar perkembangan basa.
A).
Tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé Panemu pisanan nganggep yèn
tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé tanpa wretta utawa tembang
gedhé kawi miring. Tembang macapat timbul ing zaman Majapahit pungkasan nalika
pengaruh kabudayan Islam wiwit surut ( Danusuprapta, 1981 : 153-154 ).
Diandaraké déning Purbatjaraka yèn lairé macapat bebarengan karo kidung, kanthi
anggepan yèn tembang tengahan ora ana. ( Poerbatjaraka, 1952 : 72 )
B).
Tembang macapat luwih anom tinimbang tembang gedhé Panemu kaloro nganggep yèn
tembang macapat lair ing wektu pengaruh kabudayan Hindu tansaya tipis lan rasa
kabangsan wiwit tuwuh, yaiku ing zaman Majapahit pungkasan. Lairé macapat
urut-urutan karo kidung banjur muncul tembang gedhé abasa jawa pertengahan,
sabanjuré muncul macapat abasa jawa anyar. Lan ing zaman Surakarta wiwitan
muncul tembang gedhé kawi miring. Wangun gubahan abasa jawa anyar sing akèh
disenengi yaiku kidung lan macapat. Prosès pamunculané wiwit nalika lair
karya-karya abasa jawa pertengahan sing biasa disebut kitab-kitab kidung,
banjur muncul karya-karya abasa jawa anyar arupa kitab-kitab suluk lan
kitab-kitab niti. Kitab suluk lan kitab niti iku mènèhi sumbangan sing gedhé marang
perkembangan macapat.
C).
Tembang macapat adhedhasar perkembangan basa Jroning hipotesis Zoetmulder (
1983 : 35 ) disebutaké yèn sacara linguistik basa jawa pertengahan dudu
arupa pangkal basa jawa anyar, nanging arupa rong cawang singkapisah lan
divergen ing basa jawa kuna. Basa jawa kuna minangka basa umum sajroning
periode Hindu – Jawa nganti runtuhé Majapahit. Wiwit tekané pengaruh Islam,
basa jawa kuna tuwuh miturut rong arah sing béda siji lan sijiné lan nuwuhaké
basa jawa pertengahan lan basa jawa anyar. Sabanjuré, basa jawa pertengahan lan
kidungé berkembang ing Bali
lan basa jawa anyar kanthi macapat-é tueuh ing Jawa. Malah nganti saiki tradisi
panulisan karya sastra jawa kuna lan pertengahan isih ana ing Bali.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar