Kala
rumiyin, Kudus arupi dhusun alit ing wewengkon kraton Majapahit. Salah
sawijining dinten, wonten pedagang saking Cina asmanipun Sun Ging. Piyambakipun
ahli ukir. Kawasisanipun sampun kawentar dumugi kraton Majapahit. Kalajeng dipuntimbali
dening Sang Nata Kraton Majapahit kapurih ngukir rerenggan kraton. Kasilipun
ngedap-edapi. Wusananipun, Sun Ging dipunparingi panggenan kangge ngedekaken
perguruan ukir ing dhusun papan panggenanipun. Ing sakmangke, papanipun kasebat
Sunggingan, tegesipun papanipun kaluarga Sun Ging. Ananging , carios sanes
nyebataken bilih Sunggingan menika ateges ngukir/ nglukis. Juru sungging
ateges ahli nglukis/ ngukir. Ingkang nggadhahi menika Ling Sing pedagang saking
Cina.
Sunggingan
saya ngrembaka ekonominipun ngantos dumugi Kraton Islam Demak Bintoro ingkang
langkung caket tinimbang Kraton Majapahit. Raden Patah minangka natanipun
ngutus Syekh Jafar Shodiq, ulama ageng saking Persia kanthi ancas ngislamake
Sunggingan. Syekh Jafar Shodiq kairing para santri dumugi gapura kanthi
ornament Hindu warisan Majapahit. Ing gapura menika, Jafar Sodiq ngajak para
warga sakkupengipun kapurih ngrasuk agami Islam. Caranipun ngajak kanthi alus.
Gandheng para warga ngrasuk agami Hindu, Japar Sodiq ngasta lembu gapura kasebat.
Masyarakat kepincut ndhatengi awit lembu menika minangka Dewanipun. Boten
dangu, saperangan warga sampun ngrasuk agami Islam, kalebet Sun Ging/ ling Sing
(sakmenika jalan Kyai Telingsing). Ing wasana, Jafar Sodiq ngedekaken masjid
sakcelakipun gapura ing dhusun menika. Bangunan mesjid dipunrengga kanthi
rerenggan lempengan sela cemeng (batu hitam ) saking Baitul Maqdis ing
Yerussalem, Palestina. Saking nami Baitulmaqdis menika nami dados name
Kudus ingkang tegesipun suci. Saya dangu mesjid kasebat kawentar kanthi
nami mesjid Kudus (mesjid ingkang karengga lempengan watu Al Kuds/ watu suci).
Kanthi
wontenipun mesjid Al Kuds lan ngedekaken pesantren , saya kathah masyarakat
njaban kitha ingkang nggadhahi ancas ngaji lan maneka warni pedamelan saya ngrembaka
(dagang, tetanen, ngukir, lsp). Dhusun Sunggingan ingkang dipunrintis dening
Ling Sing dados kitha lan pusat pesantren kawentar kanthi sebatan Kudus. Syekh
Jafar Sodiq misuwur kanthi sebatan Sunan Kudus. Gapura ingkang kaginakaken
syiar Islam dening Jafar Sodiq pranyata dados salah satunggaling ciri khas
kitha Kudus inggih menika Menara Kudus.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar