Kamis, 18 Desember 2014

Serat Tripama



SERAT TRIPAMA
Karangan Pangeran Mangkunegara IV.

Bait 01
Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa sira anuladya, duk ing nguni
caritane, andel ira Sang Prabu Sasrabahu ing Maespati, aran patih
Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung triprakara, guna kaya purun
ingkang den antepi, nuhoni trah utama”.
Bait 02.
Lire lalabuhan triprakawis, guna bisa sanes kareng karya, binudi dadya
unggule, kaya sayektinipun duk bantu prang Manggada nagri, amboyong
putri damas katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tanding lan ditya
Ngaka nagri, Suwanda mati ngrana.
Bait 03
Wonten malih tuladan prayogi, satriya guna nagri ing Ngalengka, Sang
Kumbakarna arane, tur iku warna diyu,suprandene nggayuh utami, duk wiwit
prang Ngalengka, dennya darbe atur, Mring raka amrih raharja. Dasamuka
tan kengguh ing aturyekti, mengsah wanara.
Bait 04
Kumbakarna kinon mansah jurit, mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane, ing tekad datana sujud, amung cipta labuh nagari,
lan noleh yayah rena nyang leluhuripun, wus mukti haning Ngalengka
mangke, arsa rinusak ing bala kapti punagi mati ngrana”.
Bait 05
Wonten malih kinarya palupi, Suryaputra narpati Ngawangga, lan Pandawa
tur kadange len yayah tunggil ibu suwita mring Sri Kurupati, nagri Ngastina
kinarya gul agul, manggala golonganing prang, Bratayuda ingadeken
sepopati, ngalaga ing Kurawa.
Bait 06
Den mungsuhken kadange pribadi, aprang tanding lan Sang Dananjaya, Sri
Karna suka manahe, dene nggenira pikantuk, marga denya arsa males sihira
Sang Duryudana, marmanta kalangkung, denya ngetok kasudirane,
aprang rame Karna mati jinemparing, sembaga wiratama.
Bait 07
Katri mangka sudarsaneng jawi, pantes agung kang para prawira, amirata
sakadare, ing lelabuhanipun, hawya kongsi buang palupi, manawa tibeng
nista, ina estinipun senadyan tekading budya, tan prabeda budi panduming
dumadi, marsudi ing Kautaman.
Bait 08
Katri mangka sudarsaneng jawi, pantes agung kang para prawira, amirata
sakadare, ing lelabuhanipun, hawya kongsi buang palupi, manawa tibeng
nista, ina estinipun senadyan tekading budya, tan prabeda budi panduming
dumadi, marsudi ing Kautaman.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar