K a
r y a : M a n g k u n e g a r a I V
PUPUH
I
P
A N G K U R
01
Mingkar-mingkuring
ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining
kidung,
sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah
Jawa,
agama ageming aji.
02
Jinejer
ing Weddhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi,mangka nadyan tuwa
pikun,
yen tan mikani rasa, yekti sepi sepa lir sepah asamun,samasane
pakumpulan,
gonyak-ganyuk nglelingsemi.
03
Nggugu
karsane priyangga, nora nganggo peparah lamun angling,lumuh ingaran
balilu,
uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun
samudana,
sesadoning adu manis .
04
Si
pengung nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar
angendukur,
kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha
ngalah,
ngalingi marang sipingging.
05
Mangkono
ilmu kang nyata, sanyatane mung we reseping ati,bungah ingaran
cubluk,
sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan
sadina
dina, aja mangkono wong urip.
06
Uripa
sapisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung,
sinerang ing
maruta,
gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si mudha,
prandene
paksa kumaki.
07
Kikisane
mung sapala, palayune ngendelken yayah wibi, bangkit tur bangsaning luhur, lah
iya
ingkang rama, balik sira sarawungan bae durung, mring atining tata krama,
nggonanggon
agama
suci.
08
Socaning
jiwangganira, jer katara lamun pocapan pasthi, lumuh asor kudu unggul,
sumengah
sesongaran,yen mangkono kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawiran,
nora
enak iku kaki.
09
Kekerane
ngelmu karang, kakarangan saking bangsaning gaib, iku boreh paminipun, tan
rumasuk
ing jasad, amung aneng sajabaning daging kulup, Yen kapengkok pancabaya,
ubayane
mbalenjani.
10
Marma
ing sabisa-bisa, babasane muriha tyas basuki, puruitaa kang patut, lan traping
angganira.
Ana uga angger ugering kaprabun, abon aboning panembah, kang kambah ing
siang
ratri.
11
Iku
kaki takokena, marang para sarjana kang martapi, mring tapaking tepa tulus,
kawawa
nahen
hawa, Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu, tan mesthi neng janma wreda, tuwin
muda
sudra kaki.
12
Sapantuk
wahyuning Allah, gya dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh
mangukut,
kukutaning Jiwangga, Yen mangkono kena sinebut wong sepuh, liring sepuh
sepi
hawa, awas roroning ngatunggil.
13
Tan
samar pamoring Sukma, sinukma ya winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu,
Pambukaning
waana, tarlen saking liyep layaping ngaluyup, pindha pesating supena,
sumusuping
rasa jati.
14
Sajatine
kang mangkono, wus kakenan nugrahaning Hyang Widi, bali alaming ngasuwung,
tan
karem karamean, ingkang sipat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira, mulane
wong
anom sami.
PUPUH
II
S
I N O M
01
Nulada
laku utama, tumrape wong Tanah Jawi, Wong Agung ing Ngeksiganda,
Panembahan
Senopati, kepati amarsudi, sudane hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, tanapi
ing
siyang ratri, amamangun karenak tyasing sesama.
02
Samangsane
pesasmuan, mamangun martana martani, sinambi ing saben mangsa, kala
kalaning
asepi, lelana teki-teki, nggayuh geyonganing kayun, kayungyun eninging tyas,
sanityasa
pinrihatin, puguh panggah cegah dhahar, lawan nendra.
03
Saben
nendra saking wisma, lelana laladan sepi, ngisep sepuhing supana, mrih pana
pranaweng
kapti, titising tyas marsudi, mardawaning budya tulus, mese reh kasudarman,
neng
tepining jala nidhi, sruning brata kataman wahyu dyatmika.
04
Wikan
wengkoning samodra, kederan wus den ideri, kinemat kamot hing driya, rinegan
segegem
dadi, dumadya angratoni, nenggih Kanjeng Ratu Kidul, ndedel nggayuh
nggegana,
umara marak maripih, sor prabawa lan Wong Agung Ngeksiganda.
05
Dahat
denira aminta, sinupeket pangkat kanci, jroning alam palimunan, ing pasaban
saben
sepi,
sumanggem anjanggemi, ing karsa kang wus tinamtu, pamrihe mung aminta,
supangate
teki-teki, nora ketang teken janggut suku jaja.
06
Prajanjine
abipraja, saturun-turun wuri, Mangkono trahing ngawirya, yen amasah mesu
budi,
dumadya glis dumugi, iya ing sakarsanipun, wong agung Ngeksiganda, nugrahane
prapteng
mangkin, trah tumerah darahe pada wibawa.
07
Ambawani
tanah Jawa, kang padha jumeneng aji, satriya dibya sumbaga, tan lyan trahing
Senapati,
pan iku pantes ugi, tinelad labetanipun, ing sakuwasanira, enake lan jaman
mangkin,
sayektine tan bisa ngepleki kuna.
08
Luwung
kalamun tinimbang, ngaurip tanpa prihatin, Nanging ta ing jaman mangkya, pra
mudha
kang den karemi, manulad nelad Nabi, nayakeng rad Gusti Rasul, anggung ginawe
umbag,
saben saba mapir masjid, ngajap-ajap mukjijat tibaning drajat.
09
Anggung
anggubel sarengat, saringane tan den wruhi, dalil dalaning ijemak, kiyase nora
mikani,
katungkul mungkul sami, bengkrakan neng masjid agung, kalamun maca kutbah,
lelagone
dhandhanggendhis, swara arum ngumandhang cengkok palaran.
10
Lamun
sira paksa nulad, Tuladhaning Kangjeng Nabi, O, ngger kadohan panjangkah,
wateke
tak betah kaki, Rehne ta sira Jawi, satitik bae wus cukup, aja ngguru aleman,
nelad
kas
ngepleki pekih, Lamun pungkuh pangangkah yekti karamat.
11
Nanging
enak ngupa boga, rehne ta tinitah langip, apa ta suwiteng Nata, tani tanapi
agrami,
Mangkono
mungguh mami, padune wong dhahat cubluk, durung wruh cara Arab, Jawaku
bae
tan ngenting, parandene pari peksa mulang putra.
12
Saking
duk maksih taruna, sadhela wus anglakoni, aberag marang agama, maguru
anggering
kaji, sawadine tyas mami, banget wedine ing besuk, pranatan ngakir jaman, Tan
tutug
kaselak ngabdi, nora kober sembahyang gya tininggalan.
13
Marang
ingkang asung pangan, yen kasuwen den dukani, abubrah bawur tyas ingwang, lir
kiyamat
saben hari, bot Allah apa gusti, tambuh-tambuh solah ingsun, lawas-lawas
graita,
rehne
ta suta priyayi, yen mamriha dadi kaum temah nista.
14
Tuwin
ketib suragama, pan ingsun nora winaris, angur baya angantepana, pranatan
wajibing
urip, lampahan angluluri, aluraning pra luluhur, kuna kumunanira, kongsi
tumekeng
semangkin, Kikisane tan lyan among ngupa boga.
15
Bonggan
kang tan mrelokena, mungguh ugering ngaurip, uripe tan tri prakara, wirya,
arta,
tri
winasis, kalamun kongsi sepi, saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji
godhong jati
aking,
temah papa papariman ngulandara.
16
Kang
wus waspada ing patrap, mangayut ayat winasis, wasana wosing Jiwangga, melok
tanpa
aling-aling, kang ngalingi kaliling, wenganing rasa tumlawung, keksi saliring
jaman,
angelangut
tanpa tepi, yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma.
17
Mangkono
janma utama, tuman tumanem ing sepi, ing saben rikala mangsa,masah
amemasuh
budi, lahire den tetepi, ing reh kasatriyanipun, susila anor raga, wignya met
tyasing
sesame, yeku aran wong barek berag agama.
18
Ing
jaman mengko pan ora, arahe para turami, yen antuk tuduh kang nyata, nora pisan
den
lakoni,
banjur njujurken kapti, kakekne arsa winuruk, ngandelken gurunira, pandhitane
praja
sidik, tur wus manggon pamucunge mring makrifat.
PUPUH
III
P
U C U N G
01
Ngelmu
iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya
pangkese
dur angkara.
02
Angkara
gung, neng angga anggung gumulung, gogolonganira triloka, lekere kongsi,
yen
den umbar ambabar dadi rubeda.
03
Beda
lamun, kang wus sengsem reh ngasamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip,
sarwa
sareh saking mardi marto tama.
04
Taman
limut, durgameng tyas kang weh limput, kereming karamat, karana karohaning sih,
sihing
Sukma ngreda sahardi gengira.
05
Yeku
patut, tinulad-tulad tinurut, sapituduhira, aja kaya jaman mangkin, keh
pramudha
mundhi
dhiri lapel makna.
06
Durung
pecus,kesusu kaselak besus, amaknani lapal, kaya sayid weton Mesir,
pendhakpendhak
angendhak
gunaning janma.
07
Kang
kadyeku, kalebu wong ngaku-aku, akale alangka, elok Jawane denmohi, paksa
ngangkah
langkah met kawruh ing Mekah.
08
Nora
weruh, rosing rasa kang rinuruh, lumeketing angga, anggere padha marsudi,
kanakene
kaanane
nora beda.
09
Uger
lugu, den ta mrih pralebdeng kalbu, yen kabul kabuka, ing drajat kajating urip,
kaya
kang
wus winahyeng sekar srinata.
10
Basa
ngelmu, mupakate lan panemu, pasahe lan tapa, yen satriya tanah Jawi, kuna-kuna
kang
ginilut triprakara.
11
Lila
lamun, kelangan nora gegetun, trima yen kataman, sakserik sameng dumadi,
trilegawa
nalangsa
srahing Batara.
12
Batara
gung, inguger graning jajantung, jenak Hayang Wisesa, sana paseneten Suci, nora
kaya
si mudha mudhar angkara.
13
Nora
uwus, kareme anguwus-uwus, uwose tan ana, mung janjine muring-muring, kaya
buta-buteng
betah nganiaya.
14
Sakeh
luput, ing angga tansah linimput, linimpet ing sabda, narka tan ana udani,
lumuh ala
ardane
ginawe gada.
15
Durung
punjul, ing kawruh kaselak jujul, kaseselan hawa, cupet kapepetan pamrih,
tangeh
nedya
anggambuh mring Hyang Wisesa.
PUPUH
IV
G
A M B U H
01
Samengko
ingsun tutur, sembah catur: supaya lumuntur, dihin: raga, cipta, jiwa, rasa,
kaki,
ing
kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon.
02
Sembah
raga puniku, pakartine wong amagang laku, susucine asarana saking warih, kang
wus
lumrah limang wektu, wantu wataking wawaton.
03
Inguni-uni
durung, sinarawung wulang kang sinerung, lagi iki bangsa kas ngetok-ken
anggit,
mintoken kawignyanipun, sarengate elok-elok.
04
Thithik
kaya santri Dul, gajeg kaya santri brahi kidul, saurute Pacitan pinggir
pasisir, ewon
wong
kang padha nggugu, anggere guru nyalemong.
05
Kasusu
arsa weruh, cahyaning Hyang kinira yen karuh, ngarep-arep urup arsa den kurebi,
Tan
wruh kang mangkoko iku, akale keliru enggon.
06
Yen
ta jaman rumuhun, tata titi tumrah tumaruntun, bangsa srengat tan winor lan
laku
batin,
dadi ora gawe bingung, kang padha nembah Hyang Manon.
07
Lire
sarengat iku, kena uga ingaranan laku, dihin ajeg kapindhone ataberi, pakolehe
putraningsun,
nyenyeger badan mwih kaot.
08
Wong
seger badanipun, otot daging kulit balung sungsum, tumrah ing rah memarah
antenging
ati, antenging ati nunungku, angruwat ruweting batos.
09
Mangkono
mungguh ingsun, ananging ta sarehne asnafun, beda-beda panduk panduming
dumadi,
sayektine nora jumbuh, tekad kang padha linakon.
10
Nanging
ta paksa tutur, rehning tuwa tuwase mung catur, bok lumuntur lantaraning reh
utami,
sing sapa temen tinemu, nugraha geming Kaprabon.
11
Samengko
sembah kalbu, yen lumintu uga dadi laku, laku agung kang kagungan Narapati,
patitis
tetesing kawruh, meruhi marang kang momong.
12
Sucine
tanpa banyu, mung nyenyuda mring hardaning kalbu, pambukane tata, titi,
ngati-ati,
atetetp
talaten atul, tuladhan marang waspaos.
13
Mring
jatining pandulu, panduk ing ndon dedalan satuhu, lamun lugu leguting reh
maligi,
lageane
tumalawung, wenganing alam kinaot.
14
Yen
wus kambah kadyeku, sarat sareh saniskareng laku, kalakone saka eneng, ening,
eling,
Ilanging
rasa tumlawung, kono adile Hyang Manon.
15
Gagare
ngunggar kayun, tan kayungyun mring ayuning kayun, bangsa anggit yen ginigit
nora
dadi, Marma den awas den emut, mring pamurunging lelakon.
16
Samengko
kang tinutur, sembah katri kang sayekti katur, mring Hyang Sukma sukmanen
sehari-hari,
arahen dipun kecakup, sembah ing Jiwa sutengong.
17
Sayekti
luwih prelu, ingaranan pepuntoning laku, kalakuan kang tumrap bangsaning batin,
sucine
lan Awas Emut, mring alame alam amot.
18
Ruktine
ngangkah ngukut, ngiket ngrukut triloka kakukut, jagad agung gimulung lan jagad
cilik,
Den kandel kumandel kulup, mring kelaping alam kono.
19
Keleme
mawa limut, kalamatan jroning alam kanyut, sanyatane iku kanyatan kaki,
Sajatine
yen
tan emut, sayekti tan bisa awor.
20
Pamete
saka luyut, sarwa sareh saliring panganyut, lamun yitna kayitnan kang mitayani,
tarlen
mung pribadinipun, kang katon tinonton kono.
21
Nging
aywa salah surup, kono ana sajatining Urub, yeku urup pangarep uriping Budi,
sumirat
sirat narawung, kadya kartika katongton.
22
Yeku
wenganing kalbu, kabukane kang wengku winengku, wewengkone wis kawengku
neng
sireki, nging sira uga kawengku, mring kang pindha kartika byor.
23
Samengko
ingsun tutur, gantya sembah ingkang kaping catur, sembah Rasa karasa rosing
dumadi,
dadine wis tanpa tuduh, mung kalawan kasing Batos.
24
Kalamun
durung lugu, aja pisan wani ngaku-aku, antuk siku kang mangkono iku kaki,
kena
uga wenang muluk, kalamun wus pada melok.
25
Meloke
ujar iku, yen wus ilang sumelang ing kalbu, amung kandel kumandel ngandel
mring
takdir, iku den awas den emut, den memet yen arsa momot.
26
Pamoring
ujar iku, kudu santosa ing budi teguh, sarta sabar tawekal legaweng ati, trima
lila
ambeh
sadu, weruh wekasing dumados.
27
Sabarang
tindak-tanduk, tumindake lan sakadaripun, den ngaksama kasisipaning sesami,
sumimpanga
ing laku dur, hardaning budi kang ngrodon.
28
Dadya
wruh iya dudu, yeku minangka pandaming kalbu, inkang buka ing kijab bullah
agaib,
sesengkeran kang sinerung, dumunung telenging batos.
29
Rasaning
urip iku krana momor pamoring sawujud, wujuddullah sumrambah ngalam
sakalir,
lir manis kalawan madu, endi arane ing kono.
30
Endi
manis endi madu, yen wis bisa nuksmeng pasang semu, pasamaoning hebing kang
Maha
Suci, kasikep ing tyas kacakup, kasat mata lair batos.
31
Ing
batin tan keliru, kedhap kilap liniling ing kalbu, kang minangka colok celaking
Hyang
Widi,
widadaning budi sadu, pandak panduking liru nggon.
32
Nggonira
mrih tulus, kalaksitaning reh kang rinuruh, ngayanira mrih wikal, warananing
gaib,
paranta lamun tan weruh, sasmita jatining endhog.
33
Putih
lan kuningpun, lamun arsa titah teka mangsul, dene nora mantra-mantra yen ing
lair,
bisa
aliru wujud, kadadeyane ing kono.
34
Istingarah
tan metu, lawan istingarah tan lumebu, dene ing njro wekasane dadi njawi,
raksana
kang tuwajuh, aja kongsi kabasturon.
35
Karana
yen kebanjur, kajantaka tumekeng saumur, tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi,
dadi
wong
ina tan wruh, dhewekw den anggep dhayoh.
PUPUH
V
K
I N A N T H I
01
Mangka
kantining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, wedi
weryaning
dumadi, supadi niring sangsaya, yeku pangreksaning urip.
02
Marma
den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya,
pandak-panduking
pambudi,
bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami.
03
Pangasahe
sepi samun, aywa esah ing salami, samangsa wis kawistara, lalandhepe
mingismingis,
pasah
wukir reksa muka, kekes srabedaning budi.
04
Dene
awas tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning tunggal, kang atunggil
rina
wengi, kang mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam sakalir.
05
Aywa
sembrana ing kalbu, wawasen wuwus sireki, ing kono yekti karasa, dudu ucape
pribadi,
marma den sembadeng sedya, wewesen praptaning uwis.
06
Sirnakna
semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuda saka
satitik,
pamotahing nafsu hawa, jinalantih mamrih titih.
07
Aywa
mamatuh malutuh, tanpa tuwas tanpa kasil, kasalibuk ing srabeda, marma dipun
ngati-ati,
urip keh rencananira, sambekala den kaliling.
08
Upamane
wong lumaku, marga gawat den liwati, lamun kurang ing pangarah, sayekti
karendet
ing ri, apese kasandhung padhas, babak bundhas anemahi.
09
Lumrah
bae yen kadyeku, atetamba yen wis bucik, duwea kawruh sabodag, yen ta nartani
ing
kapti, dadi kawruhe kinarya, ngupaya kasil lan melik.
10
Meloke
yen arsa muluk, muluk ujare lir wali, wola-wali nora nyata, anggepe pandhita
luwih,
kaluwihane tan ana, kabeh tandha-tandha sepi.
11
Kawruhe
mung ana wuwus, wuwuse gumaib baib, kasliring titik tan kena, mancereng alise
gatik,
apa pandhita antige, kang mangkono iku kaki.
12
Mangka
ta kang aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten
nora
jail,
tan njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih ening.
13
Kunanging
budi luhung, bangkit ajur ajer kaki, yen mangkono bakal cikal, thukul wijining
utami,
nadyan bener kawruhira, yen ana kang nyulayani.
14
Tur
kang nyulayani iku, wus wruh yen kawruhe nempil, nanging laire angalah,
katingala
angemori,
mung ngenaki tyasing liyan, aywa esak aywa serik.
15
Yeku
ilapating wahyu, yen yuwana ing salami, marga wimbuh ing nugraha, saking heb
kang
Maha Suci, cinancang pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki.
16
Mangkono
ingkang tinamtu, tampa nugrahaning Widhi, marma ta kulup den bisa, mbusuki
ujaring
janmi, pakoleh lair batinnya, iyeku budi premati.
17
Pantes
tinulad tinurut, laladane mrih utami, utama kembanging mulya, kamulyaning jiwa
dhiri,
ora yen ta ngeplekana, lir leluhur nguni-uni.
18
Ananging
ta kudu-kudu, sakadarira pribadi, aywa tinggal tutuladan, lamun tan mangkono
kaki, yekti
tuna ing tumitah, poma kaestokna kaki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar