Ngemot
piwulang sangkan paran dumados tuwin bebener
Gatoloco
ngemot piwulang babagan sangkan paraning
dumados.
Ananging, Gatoloco mboten saget dipun dhudhah
kanthi
lambaran Islam wantah jalaran ing Gatoloco kenthel
sanget
werna sinkretisme-nipun.
Gatoloco
anyariyosaken bantahipun Gatoloco tandhing
kaliyan
Dewi Perjiwarti lan dados lambang pamoring jalu
wanita,
patrap pratingkahipun asmaragama tuwin
dumadosipun
wijining manungsa.
Dhudhahan Suluk Gatoloco punika adhedhasar buku
Gatolotjo ingkang kaimpun dening RM Suwandi ing
Surakarta lan kawedalaken dening Penerbit Tan Khoen
Swie, taun 1954. Katambah katrangan ing buku Tafsir
Gatoloco , anggitanipun Joko Su’ud Sukahar, wedalan
Wuwung Surabaya.
Suluk
Gatoloco anyariyosaken lelampahanipun manungsa
ingkang
awon rupinipun tuwin awon ugi pratingkahipun.
Manungsa
punika nganggep pribadinipun dados lelananging
jagad,
lan ugi nganggep pribadinipun minangka tiyang
kakung
ingkang mumpuni.
Jejeripun
Gatoloco inggih nedahaken pribadi ingkang ndudut
raos
eram. Wasis micara, nguwaosi ngelmu filsafat tuwin
pinter
madani utawi ngece asanes. Kathah tiyang ingkang
ngakeni
bilih Gatoloco punika tiyang ingkang pinter lan
linuwih
ngelmunipun.
Ananging
amargi pratingkah tuwin tumindakipun ingkang
tansah
lelandhesan sipat umuk, adigang, adigung lan
adiguna,
wusana ndadosekan tiyang sanes mboten saget
ngajeni
Gatoloco. Saksitena kemawon ingkang mangertos
sinten
Gatoloco limrahipun milih mboten pinanggih kemawon.
Gatoloco
ingkang dados paraga ing suluk utawi serat punika
mujudaken
tiyang ingkang kinurmatan. Gatoloco ing serat
punika
mujudaken putranipun narendra ingkang cacat
badanipun.
Gatoloco
medal saking karaton lajeng ngulandara kangge
ngudi
sejatining dhiri. Ing lampah ngulandaranipun
dipunkancani
abdi dalem nama Darmogandhul ingkang ugi
gadhah
kawasisan ingkang pinunjul.
Darmogandhul
abdinipun Gatoloco punika nggadhahi
kalangkungan
ing ngelmu sihir lan ugi gadhah kalangkungan
daya
kasekten ingkang linuwih. Mbokmenawi inggih jalaran
saking
punika ingkang ndadosaken Gatoloco rumaos dados
tiyang
kakung lelananging jagad.
Miterut
andharan ing buku Tafsir Gatolotjo, karyanipun Joko
Su’ud
Sukahar, wedalan Wuwung Surabaya, Gatoloco punika
menawi
dipunpirid sami tegesipun kaliyan darmogandhul. Ugi
sami
kaliyan lingga utawi planangan.
Pralambang
punika limrah kaginakaken ing kasusastran
Jawi,
minangka pralambangipun wadi, rasa pangrasa lan
naluri.
Sanesipun punika, ugi minangka lambang daya mistis,
sakral
lan jujuripun manah.
Wonten
sadhengah pamanggih babagan sinten ingkang
nganggit
Suluk Gatoloco. Wonten ingkang nyebat asma
Soerjanagara,
wonten ingkang nyebut Raden Ngabehi
Ranggawarsita,
ananging wonten ugi ingkang nyebut punika
anggitanipun
priyayi ing Kediri.
Gatoloco
pinanggih kyai saking Pondhok Rejasari
Cariyos
ing Suluk Gatoloco kawiwitan ing negara gung gemah
ripah
tata raharja karan Jajarginawe. Negara punika
dipunkuwaosi
dening ratu ingkang kondhang mumpuni ing
guna
kasantikan, nyakup agal lan lembut. Ratu punika
peparab
Suksmawisesa.
Nuju
satunggaling dinten kacariyos Sang Sri, inggih
prameswarinipun,
sampun peputra. Bayinipun sajuga jalu
werninipun,
bungkik cilik sirahipun, katon bundhel kulit
mbesisik,
bawuk sarta abangkak, tanpa netra irung,
karemanipun
namung tilem sadinten-dinten.
Danguning-dangu,
Sang Sri mboten kiyat gesang kaliyan
ingkang
putra (salajengipun peparab Gatoloco). Ingkang putra
lajeng
katundhung, kapurih tapa gentur ing papan sepi
ingkang
karan Waringinsungsang. Kesahipun kairing
abdidalem
nama Darmagandhul. Dedeg piyadegipun
Darmagandhul
ugi mboten becik.
Mboten
kagungan kuping, lemo lan menawi tilem kadidene
pejah,
tanpa otot lan balung sedya mbelani gustinipun.
Tapanipun
tapa ngalong, gumandhul ing pang ing
Waringinsungsang.
Sasampunipun mertapa salaminipun 21
taun
panyuwunanipun katampi dening Hyang Ingkang
Murbawisesa.
Putranipun
ratu ingkang katundhung punika lajeng
kasinungan
wahyu baud, nyrekal mring samining jalma, tan
nggegulang
mring wicara langkung wasis, tan sinau nanging
lebet
ilmunipun. Amumpuni dhumateng sakathahing sastra.
Salajengipun
nyuwun idi palilah saking ingkang rama, sedya
alelana,
nuruti sakayun, lan ingkang rama ugi nglilani.
Lampahipun
alelana nurut derenging ati, kalunta manut
jantraning
ati. Salaminipun mlampah alelana, Darmagandhul
sedhih
sanget jalaran gustinipun punika remen madat lan
minum,
menawi dipunaturi malah ndukani.
Gantos
cariyos, wonten tigang kyai ing Pondhok Rejasari.
Tetiganipun
kasinungan ilmu ingkang wiyar. Kathah santri
ingkang
sinau dhateng para kyai punika. Salebaripun subuh,
kyai
tiga wau gantos sandhangan jalaran badhe alelana.
Lumebet
wekdal pajar rahina, tetiganipun mangkat
sesarengan.
Wonten
nenem siswa ingkang ngiringi lampahipun tigang kyai
wau.
Para siswa punika ambekta ubarampe sangu ing lampah
alelana.
Wonten ingkang mbekta sajadah tuwin kitab ingkang
gungggungipun
wonten 40 iji. Para kyai tuwin siswa
pangiringipun
punika sedya sowan dhateng satunggaling
pondhok
ing Cepekan.
Tigang
kyai saking Rejasari sedaya sami mlampah nuju arah
kilen.
Sasampunipun sawetawis wekdal lajeng ngaso ing
pinggir
ratan sangandhapipun wit ringin ageng. Nalika tigang
kyai
saha siswanipun ingkang ngaso punika sami dikiran,
saking
katebihan ketingal wonten tiyang ingkang mlampah.
Dedeg
piyadegipun tiyang punika alit, rambutipun kriting,
praupanipun
kucem, mripatipun kera, kekalih alisipun
gathuk,
irungipun pesek, tutukipun alit. Tiyang ingkang awon
wujudipun
punika mbekta teken saking pring tutul ingkang
dipungosok,
werninipun belang abrit. Alon-alon tiyang punika
nyaket
dhateng papan dunungipun kyai saking Rejasari.
Gatoloco
medhar andharan werdinipun gesang
Alon-alon
Gatoloco lenggah ing sacelakipun tigang guru,
inggih
kyai saking Rejasari. Gandanipun karaos apek lan
sangit
sanget.
Nanging
para kyai saking Rejasari punika mboten tumindak
punapa-punapa.
Para santri ingkang ngiringi lampahipun ugi
ngraosaken
ganda apek lan sangit saking badanipun
Gatoloco.
Tanpa
nyuwun idi palilah saderengipun, Gatoloco lajeng
mundhut
rokok lan lajeng dipunsumet. Sedaya santri ingkang
nembe
ngaso lajeng karaos keblebeken jalaran peluk rokok
ingkang
sangit sanget gandanipun. Tigang kyai saking
Rejasari
lajeng waspada sasampunipun nguningani
tumindakipun
Gatoloco ingkang tanpa trapsila punika.
Salah
satunggaling kyai lajeng guneman lirih ingkang wosipun
inggih
nembe sepisan punika pinanggih titah ingkang
wujudipun
manungsa nanging mboten gadhah tatakrama lan
trapsila.
Wonten santri ingkang klesik-klesik wicanten menawi
punika
sanes manungsa, wangunipun langkung limrah
menawi
turunipun brekasakan utawi wewe.
Gatoloco
ingkang mireng sedaya rasan-rasan tuwin
klesikanipun
tigang kyai lan santri-santrinipun mboten
rumaos
punapa-punapa. Piyambakipun sampun dangu
nglelatih
pribadinipun murih saget nebihi sedaya raos nikmat
ing
alam donya. Nanging danguning-dangu, watak
manungsanipun
rumaos mboten narimakaken sedaya
panacat
saking tigang kyai lan santri-santrinipun punika.
Kangge
nglelipur manahipun, Gatoloco lajeng mundhut
simpenan
candu lajeng dipuntedha ngantos telas sedaya.
Candu
lajeng rumesep ing kulit, daging, tenaga, balung lan
sumsumipun.
Daya pangaribawanipun wangsul malih.
Praupanipun
malih dados langkung sabar. Tigang kyai saking
Rejasari
gumun sanget awit owah-owahan punika.
Salah
satunggal saking rombongan ingkang badhe tumuju
dhateng
papan dunungipun Kyai Hasan Besari punika lajeng
aruh-aruh
dhateng Gatoloco. Sareng dipunwangsuli bilih
piyambakipun
asma Gatoloco, tigang kyai dalah santrisantrinipun
sami
gumujeng. Tembung gatoloco punika
mboten
sanes aran peranganipun badan manungsa kakung,
inggih
planangan.
Kyai
Guru saking Rejasari ngandharaken dhateng Gatoloco
bilih
asma Gatoloco punika awon sanget. Saru sanget, haram,
najis
lan makruh. Punika ugi kalebet asma ingkang
mbilaheni.
Asma ingkang boten pantes. Gatoloco lajeng
gumujeng
sasampunipun mireng andharanipun Kyai Guru
saking
Rejasari.
Salajengipun
kalih pehak punika, inggih Gatoloco kalawan
tigang
kyai tuwin santrinipun saking Rejasari lajeng adu
ngelmu
babagan gesang lan panggesangan. Lan wusana,
Gatoloco
paring cangkriman babagan werdinipun gesang
dhumateng
para kyai lan santri punika.
Cangkrimanipun
ngginakaken pralambang wayang purwa.
Gatoloco
nyuwun para kyai tuwin santri saking Rejasari
punika
sinten ingkang saget ngandharaken ing antawisipun
dhalang,
wayang, kelir lan lampu blencong ing pakeliran
wayang
punika sinten ingkang langkung sepuh.
Suluk
Gatoloco (Perangan IV)
Jagad
pewayangan punika gegambaran gesangipun
manungsa
Ahmad
Arif mangsuli pitakenanipun Gatoloco bilih ingkang
sepuh
piyambak mboten sanes kelir. Saderengipun wonten
dhalang
lan wayang, ugi saderengipun lampu blencong
dipunpasang,
kelir sampun wonten langkung rumiyin.
Abdul
Jabar, inggin rencang nunggil lampah kaliyan Ahmad
Arif,
mboten sarujuk kaliyan pamanggihipun Ahmad. Miturut
Abdul,
ingkang sepuh piyambak mboten sanes inggih
dhalang.
Wontenipun kelir, wayang tuwin lampu blencong
jalaran
pakartinipun dhalang. Dhalang ugi ingkang
ngobahaken
wayang, mbabar cariyos tuwin sanes-sanesipun
ing
satunggaling pakeliran wayang.
Kyai
Abdul Manap mbiji menawi pamanggih kalih santrinipun
punika
sedaya mboten leres. Miturut Kyai Abdul, kekalihipun
dereng
mangertos werdinipun cangkriman saking Gatoloco
punika.
Kedahipun mboten prelu ngginakaken ngelmu
ingkang
inggil kangge mbedhek cangkriman punika.
Kyai
Abdul nelakaken bilih ingkang sepuh piyambak mboten
sanes
inggih wayang. Jlentrehipun saged kapirid saking
tetembungan
”nanggap wayang”. Menawi wonten satunggaling
tiyang
ingkang badhe nanggap wayang, upaminipun tigang
wulan
sakderengipun dinten tanggapan, ingkang karan
dhalang,
kelir, blencong cetha dereng wonten, nanging
tembung
wayang sampun dipunginakaken, inggih ing
rancangan
nanggap wayang punika.
Gatoloco
ingkang mireng tigang warni pamanging wau lajeng
gumujeng,
sajak ngece. Sukunipun jegang, lajeng kadosdene
satunggaling
ngalim ulama ingkang medhar andharan
piyambakipun
njlentrehaken ingkang dipunkajengaken
babagan
wayang, kelir, blencong tuwin dhalang.
Gatoloco
nelakaken bilih ingkang sepuh piyambak mboten
sanes
lampu blencong. Menawi kelir sampun dipunpasang,
gamelan
sumadhiya, dhalang sampun lenggah, pangrawit
sampun
siyaga kangge nabuh gamelan, nanging tanpa
ubarampe
lampu blencong papan pagelaran wayang taksih
peteng
ndhedhet.
Ing
kahanan kados makaten, dhalang mboten badhe purun
mbabar
wayang, warga ingkang nonton ugi mboten purun
nglumpuk.
Werninipun wayang ingkang nggambaraken
watak-watakipun
wayang ugi mboten saget kababar. Jalaran
taksih
peteng, mboten saget kadulu. Menawi lampu blencong
sampun
dipungesangaken, cahya sumunar madhangi papan
pagelaran
wayang. Keliripun saget kadulu saking ngandhap,
nginggil,
kiwa tuwin tengen. Simpingan ugi katon cetha. Ki
dhalang
ing ngandhap kelir badhe langkung gampil kangge
nintingi
saben wayang. Para pangrawit ugi namung nengga
aba-aba
kangge nabuh gamelan. Sedaya wau jalaran saking
lampu
blencong. Dados, miterat Gatoloco, lampun blencong
ingkang
sepuh piyambak.
Kosok
wangsulipun, menawi lampu blencong sampun pejah
sedaya
dados sepen, kahanan kados pejah. Kahananipun
kadosdene
nalika tiyang dereng lair, gung liwang-liwung,
suwung,
mboten wonten punapa-punapa. Kelir tegesipun
raga.
Wayang mujudaken suksma sejati. Dhalang punika
gegambaran
Rasul Muhammad SAW, lampu blencong pitedah
ing
gesang, pepindhanipun Gusti Allah.
Suluk
Gatoloco (Perangan V)
Gatoloco
aben ilmu kalawan kalih tiyang ngarit
Gatoloco
sansaya pethakilan sinambi njlentrehaken
werdinipun
gesang lumantar pralambang blencong, kelir,
wayang
lan dhalang. Tigang guru saha nenem santri dangudangu
rumaos
mboten remen dhumateng pratingkahipun
Gatoloco.
Salajengipun
para kyai lan santri kalawau lajeng nilaraken
Gatoloco
ingkang taksih kathah-kathah ngandharaken
werdinipun
gesang ing pralambang jagad pewayangan.
Gatoloco
ingkang dipun tilar lajeng misuh-misuh, watukwatuk
sinambi
pethangkringan sakajengipun piyambak.
Sasampunipun
para kyai tuwin santrinipun nilar papanipun
Gatoloco,
piyambakipun taksih nglajengaken winatencipun.
Mboten
mawas menawi mboten wonten sinten-sinten ingkang
mirengaken,
piyambakipun tetep nglajengaken andharanipun
babagan
gesang tuwin panggesangan.
Mboten
ing papan Gatoloco ingkang methangkring sinambi
kekojah
babagan tapsiran gesang tuwin panggesangan ing
wayang,
dumugi kalih tiyang, sedaya kakung, ingkang nembe
ngarit.
Kekalihipun mbeta arit, ngangge blangkon lawas, clana
kolor
ngandhap dhengkup, ugi ngangge topin pandhan ing
sepalihipun
sampun gripis, gapuk.
Tiyang
kalih ingkang nembe ngarit, pados tuwin
nglempakaken
rumput punika, lajeng lenggah ngaso ing
sangandhapipun
wit ringin papanipun Gatoloco ingkang
nembe
pethangkringan. Kalih tiyang wau nama Suto lan Noyo.
Patrapipun
kekalihipun memper Gatoloco, lenggah jegang.
Saking
suwalikipun clana kolor Suto lan Noyo ngedalaken
mbako.
Mawi klobot jagung lajeng dipunlinting dados udut.
Kekalihipun
sinambi guneman ngrembag owah-owahan
mangsa.
Pelukipun udut ingkang dipundalaken dening Suto
lan
Noyo wusana dalem Gatoloco watuk-watuk. Gatoloco
lajeng
misuh-misuh sakajengipun piyambak.
Dening
Suto dipunsaruwe bilih wicantenipun Gatoloco
mboten
salimrahipun manungsa. Gatoloco mangsuli menawi
piyambakipun
njarag dados manungsa ingkang boten limrah
punika.
Gatoloco nandhesakan amargi mboten limrah punika
ateges
benten kaliyan manungsa sanesipun ingkang mboten
gadhah
ngelmu. Lan saking patrap makaten lajeng
nuwuhaken
sikep sembrono, nurut dalil tanpa asil, namung
mburu
remein ing raos tuwin ilat.
Mireng
wangsulanipun Gatoloco ingkang mboten kanyananyana
punika,
Suto lan Noyo murina. Nanging saben
mangsuli
utawi nyaruwe punapa ingkang dipuntelakaken
Gatoloco,
Suto lan Noyo tansah nampi pawangsulan saking
Gatoloco
ingkang mboten kanyana-nyana. Wusana, Suto lan
Noyo
murina sanget lan lajeng nggetak Gatoloco. Suto lan
Noyo
nganggep bilih Gatoloco punika mboten sanes tiyang
ingkang
mboten genep.
Ing
kahanan sami-sami murina, wusana Suto, Noyo lan
Gatoloco
lajeng aben ilmu babagan tapsiran gesang tuwin
panggesangan.
Sasampunipun guneman sawetawis wekdal
katambah
gentosan misuh-misuh, Suto lan Noyo lajeng
mastani
bilih Gatoloco punika sampun kumawantun ngrusak
agama.
Nanging Gatoloco nanggapi bilih agama punika
mboten
saget dipunrusak. Sampun tinakdiraken dening
Hyang
Widhi bilih agama punika ageming aji. Agama badhe
risak
menawi namung mlebet ing lisan.
Suluk
Gatoloco (Perangan VI)
Para
kyai saking Rejasari dumugi ing Cepekan
Dhumateng
Suto lan Noyo, Gatoloco nandhesaken bilih agami
punika
bebas. Sinten kemawon tiyang saget milih lan milah
agami,
jumbuh remen lan mbotenipun piyambak-piyambak.
Agami
China menawi linambaran tulusing lair lan baton,
miterat
Gatoloco, saget katampi. Menawi pengin mangertos
surasanipun
agami, inggih punika agami ing nurut raos lan
saget
dipun raosaken ing manah.
Dereng
rampung Gatoloco anggenipun kathah-kathah medhar
andharan,
Suto lan Noyo, sampun nilar papan punika.
Ewadene
Gatoloco nganggep kesahipun Suto lan Noyo ateges
kekalihipun
mboten saget ngawonaken ilmunipun.
Gatoloco
ingkang kuru lan reget sanget badanipun punika
lajeng
gumjeng lakak-lakak. Lelananging jagad punika lajeng
methingkrang
malih sinambi nelakaken pisuhan saking
tutukipun.
Ing
kahanan piyambakan, Gatoloco nglajengaken mbabar
sedaya
pikiran ingkang nggubel jiwanipun. Nalika sunaripun
srengenge
sansaya benter, Gatoloco lajeng nglajengaken
lampah
sinambi nembang. Suraosipun tembang ngemu
werden
babagan alam saisinipun.
Gatoloco
rumaos remen. Anggenipun mlampah kados
pratingkahipun
lare alit. Dumudi enggok-enggokan, Gatoloco
mlebet
ing gerdhu. Pityambakipun lenggah jegang sinambi
udut.
Badanipun dipunklekaraken ing gerdhu lan rumaos
gatel,
lajeng kukur-kukur sinambi udut.
Ing
perangan sanes, wonten ing Cepaken, sawijining pondhok
ageng
papanipun para santri ngaji, pangarsaning pondhok
inggih
kawentar sanger. Kyai punika asmanipun Kyai Hasan
Besari.
Piyambakipun
ulama ingkang linangkung. Dipun tiru lan
dipun
gugu dening para santri. Santrinipun wonten 300.
Asalipun
saking pundi-pundi papan ing tanah Jawi. Saben
lebar
Isya, sasampunipan solat sesarengan, sedaya ngaji. Kyai
Hasan
Besari lajeng mucal babagan fekih tuwin tapsir.
Santrinipun
maneka werni. Wonten ingkang nembe nyinau
suraosipun
Kuran. Wonten ingkang ngapalaken Kitab Sitin.
Nanging
wonten ugi santri ingkang mboten pana. Santri
ingkang
sampun saget nguwaosi Kuran umumipun lajeng
misah
saking santri sanesipun.
Mboten
sakedhik santri ingkang lajeng wantun aben ilmu
kalawan
Kyai Guru Hasan Besari. Ananging sasampunipun
dipun
dunungaken sedayanipun dening Kyai Guru, para
santru
lajeng mangertos wonten pundi luput lan klentunipun.
Sawijining
wekdal, wonten kalih santri ingkang marak sowan
dhateng
Kyai Guru. Kekalihipun mratelakaken bilih wonten
dhayoh,
inggih punika tigang kyai saking Rajasari kairing
para
santri cacah nenem.
Para
kyai tuwin santri saking Rejasari sasampunipun ngaso
lan
pinanggih Kyai Hasan Besari lajeng nyariyosaken
pengalaman
pinanggih Gatoloco. Mireng cariyosipun para kyai
tuwin
santri saking Rejasari, ing manahipun Kyai Hasan
Besari
tuwuh pitakenan sinten sayektosipun Gatoloco punika.
Suluk
Gatoloco (Perangan VII)
Kyai
Hasan pengin aben ngelmu kalawan Gatoloco
Sasampunipun
mireng sedaya cariyos lelampahanipun para
Kyai
tuwin santrinipun saking Rejasari nalika pinanggih
Gatoloco,
Kyai Hasan Besari dados duka. Kyai Cepekan
punika
rumaos dipun enthengaken dening pratingkahipun
Gatoloco.
Kyai
Hasan Besari rumaos sedaya ngelmu Jawa, Walandi,
China,
Turki, Kamboja, Hindu, Benggala, Keling lan sanessanesipun
sampun
dipunkuwaosi, kawengku ing wadhah
ngelmu
Arab. Sedaya ngelmu punika, kalebet ngelmu Jawi,
sampun
dipun kuwaosi Kyai Hasan Besari.
Wusana,
Kyai Cepekan punika gadhah niyat badhe manggihi
Gatoloco
samangsa tiyang ingkang awon wujudipun nanging
”inggil”
ngelmunipun punika dumugi ing Cepekan. Kyai Hasan
Besari
sedya badhe nyuwek lambenipun piyambak menawi
mboten
saget ngawonaken Gatoloco ing aben ngelmu lan
mboten
saget damel lingsemipun Gatoloco.
Sunaring
surya sampun wiwit madhangi bumi, ing wanci
enjing.
Sasampunipun solat subuh, tigang santri kadhawuhan
ngupadi
dunungipun Gatoloco. Kyai Guru paring dhawuh
bilih
Gatoloco kedah dipun panggihaken lan saksaget-saget
kedah
dipun peksa supados purun manggihi Kyai Hasan
Besari.
Sasampunipun
mlampah sawetawis jam, tigang santri
utusanipun
Kyai Guru dumugi ing Kutha Pungkut, kutha
papanipun
candu. Mlebet kutha, tigang santri ngatos-atos
sanget.
Tigang santri wau lajeng mlebet ing griya madhat,
inggih
griya papanipun tetiyang sami ngraosaken candu.
Pelukipun
candu ingkang damel swasana dados remengremeng
ndadosaken
tigang santri sansaya ngatos-atos. Ing
griya
punika kathah tiyang ingkang nesep candu ngginakaken
bong
ingkang panjang sanget, sinambi lenggah sumendhe.
Wusana,
tigang santri punika pinanggih satunggaling tiyang
ingkang
cendhek dedegipun, bokongipun mrojol. Tigang santri
wau
rumaos yakin bilih tiyang punika Gatoloco. Tigang santri
lajeng
nyaket dhumateng tiyang kalawau. Nalika salah
satunggaling
santri miwiti guneman kaliyan tiyang punika,
tiyang
ingkang lenggah ing pojokan griya madhat punika
nyebut
asmanipun mboten sanes Gatoloco.
Tigang
santri kalawau sakalangkung suka ing manah, jalaran
sampun
pinanggih tiyang ingkang dipunkajengaken dening
Kyai
Hasan Besai. Para santri wau lajeng nelakaken
dhawuhipun
Kyai Hasan supados Gatoloco purun manggihi
Kyai
Hasan ing Cepekan.Gatoloco mboten suka wangsulan
sagah
punapa mboten. Piyambakipun malah nyebut maneka
warna
anak kewan tuwin maneka warna sekar-sekaran.
Wicantenipun
Gatoloco ingkang mboten kanten-kantenan
punika
nuwuhaken rasa gumun dhumateng tigang santri
utusanipun
Kyai Hasan. Tigang santri wau lajeng sami
gumujeng
jalaran nganggep wicantenipun Gatoloco punika
kadosdene
dhagelan.
Tigang
santri wau nyuwun supados Gatoloco purun mampir
dhateng
Cepekan, saprelu pinanggih Kyai Hasan. Lan sepisan
malih,
Gatoloco mboten suka pawangsulan punapa-punapa.
Piyambakipun
namung plirak-plirik. Nanging dangu-dangu
Gatoloco
rumaos dipunrusuhi dening tigang santri kalawau.
Gatoloco
nelakaken bilih piyambakipun nembe wegah,
nanging
menawi dipun peksa piyambakipun nyuwun
topinipun
tigang santri wau badhe dipun gadhekaken kangge
tumbas
candu. Lan menawi sampun mendem, Gatoloco sagah
badhe
mampir lan manggihi Kyai Hasan Besari.
Sasampanupin
rembagan sawetawis wekdal, tigang santri wau
mboten
kawratan masrahaken sedaya topinipun dhateng
Gatoloco.
Miterat petunganipun Gatoloco, topi-topi kalawau
wau
menawi dipungadhekaken saget kangge tumbas candu
kalih
kilo.
Suluk
Gatoloco (VIII)
Gatoloco
lan Kyai Hasan ngawiti bantahan ngelmu
Tigang
santri utusanipun Kyai Hasan Besari mboten saget
sulaya
nalika topinipun dipun gadhekaken Gatoloco lan
artanipun
kangge tumbas candu.
Gatoloco
nelasaken candu sinambi misuh-misuh, ngumbar
peluk
ingkang damel sesek tetiyang ing sakiwa tengenipun.
Sasampunipuan
tuwuk nedha candu, Gatoloco manut
pangajakipun
tigang santri kalawau. Sedaya gawanipun dipun
junjung
sinambi mlampah sempoyongan jalaran kekathahan
nedha
candu. Ing lampah nuju Cepekan, inggih papan
dunungipun
Kyai Hasan Besari, Gatoloco nglelipur dhiri
kanthi
nembang.
Wosipun
ukara-ukara ing tetembangan ingkang dipun
ungelaken
mboten sanes nelakaken raos mongkogipun dene
Gatoloco
sampun nguwaosi sakatahing ngelmu. Gatoloco
mangertos
bilih piyambakipun badhe pepanggihan kaliyan
Kyai
Hasan, satunggaling ngulama ingkang kawentar lan
inggih
ngelmunipun. Nanging Gatoloco sedya manggihi Kyai
Hasan
lan mboten gigrig menawi kedah aben ngelmu.
Wusana,
Gatoloco kairing tigang santri dumugi ing Cepekan.
Ing
Pondhok Cepekan para santri tuwin sedaya guru sami
migatosaken
ingkang nembe dumugi, inggih Gatoloco kairing
tigang
santri saking Cepekan utusanipun Kyai Hasan.
Kyai
Abduljabar, salah satunggaling guru saking Rejasari,
paring
pamrayogo dhumateng Kyai Hasan bilih Gatoloco
punika
menawi kadulu saking wujud tuwin pratingkahipun
cetha
saget kagolong najis lan mboten pantes mlebet ing
Pondhok
Cepekan.
Sadumuginipun
ing Pondhok Cepekan, Gatoloco nuli
kaprayogakaken
minggah dhateng langgar papan lenggah.
Gatoloco
lajeng lenggah madhep ngaler ngetan. Sedaya
gawanipun
taksih dipun cepengi kanthi kenceng.
Salajengipun,
Gatoloco ngedalaken rek lanjeng nyumet
tegesan
ingkang dawanipun sami kaliyan driji panuding.
Peluk
saking tegesan punika ngambar-ambar, nyebar ganda
ingkang
damel sesekipun sedaya tiyang ing sakiwa
tengenipun.
Kyai Hasan lajeng ndangu sinten asmanipun.
Gatoloco
mangsuli bilih asmanipun mboten sanes Gatoloco.
Kyai
Hasan lajeng ndangu malih, punapa barang-barang
ingkang
dipun bekta dening Gatoloco.
Gatoloco
ngandharaken bilih gawanipun punika wujud
watangan,
inggih watanganipun cipta pikir ingkang wening.
Ugi
wonten cupak ingkang ginanipun kangge ngawekani
ngelmu
ingkang luput, pangerten ingkang mboten leres.
Kabekta
ugi candu tuwin ron awar-awar kangge tamba.
Kathah-kathah
Gatoloco ngandharaken gegayutan sedaya
gawan
ingkang dipun bekta.
Kyai
Hasan mbiji menawi Gatoloco sampun kumawantun
nglawan
ngelmunipun. Menawi leres makaten, ateges
Gatoloco
sampun kumawantun nglebur aturanipun Kanjeng
Nabi
Muhammad SAW. Kyai Hasan lajeng ndangu malih,
punapa
Gatoloco nulak gesang, remen pejah, mboten ajrih
menawi
mlebet neraka tuwin mboten pengin mlebet swarga.
Kyai
Hasan nandhesakan bilih neraka lan swarga punika
wontenipun
benjang ing dinten akerat. Gatoloco nanggapi
bilih
menawi benjang punika dereng tamtu wonten,
wontenipun
ingging sapunika. Kyai Hasan mbiji menawi
Gatoloco
sampun kumawantun mbantah pepesthenipun
Hyang
Agung lan aturanipun Rasulullah SAW. Wusana, Kyai
Hasan
nelakaken bilih prayoginipun Gatoloco kapidana pati,
menawi
dipun jaraken gesang samangkih mesid-mesjid badhe
dados
sepi.
Suluk
Gatoloco (IX)
Gatoloco
ngimbangi Kyai Hasan ing aben ngelmu agama
Kyai
Hasan Besari mbiji menawi Gatoloco nyata-nyata
sampun
nedahaken sikep ingkang cengkah kaliyan
pepesthenipun
Hyang Agung tuwin aturanipun Rasulullah.
Pramila,
miterat Kyai Hasan, prayogi sanget menawi Gatoloco
dipun
pejahi, jalaran menawi awet gesang samangkih badhe
ndadosaken
mesjid sepi.
Gatoloco
nanggapi bilih menawi badhe mejahi piyambakipun
mboten
prelu ngginakaken gaman tombak utawi keris, jalaran
sapunika
kemawon yektosipin piyambakipun sampun pejah.
Pejahipun
kewan menika ngantos leburipun raga, pejah
garing
punika pejahipun tetuwuhan. Pejahipun Gatoloco
inggih
menika pejahipun hawa napsu. Dene ingkang gesang
inggih
menika budi pikiripun, nalar jujuripun. Salajengipun
Gatoloco
njlentrehakeh menawi sukmanipun tiyang Islam
ingkang
netepi solat gangsal wekdal, kathah donganipun,
netepi
zakat, pasa lan sanesipun, tamtu badha katampi
dening
Hyang Widi lan lumebet ing swarga.
Ananging
sukmanipun tiyang kafir ingkang mbadhal saking
prentahipun
Kangjeng Nabi Muhammad badhe lumebet ing
neraka,
jalaran mbadhal saking tuntunan. Tiyang kafir
menika
dados mengsahipun Gusti Allah. Kyai Hasan kaget
sanget
dene Gatoloco saget suka andharan ingkang
yektosipun
sampun kamot ing kitab Kuran.
Mangertos
Kyai Hasan kaget, Gatoloco lajeng gumujeng
kapingkel-pingkel.
Miterat Gatoloco, ngelmunipun Kyai Hasan
punika
namung asumber saking kitab-kitab ingkang asalipun
saking
tanah sabrang. Ngelmu punika sanes tilaran naluri.
Lan
samangkih menawi sampun dumugi titiwancinipun kedah
kawangsulaken
dhateng ingkang kagungan, inggih punika
Hyang
Widhi. Kyai Hasan mbiji menawi pamanggihipun
Gatoloco
punika cengkah kaliyan piwucalipun Rasulullah
Muhammad
SAW. Ananging Gatoloco selak. Miterat Gatoloco
sanes
piwucalipun Rasulullah ingkang dipun bantah,
ananging
sanesipun. Ingkang dipun karepaken inggih
pratingkahipun
manungsa ingkang namung saget ngapalaken
isinipun
kitab-kitab, kalebet isinipun kitab Kuran, nanging
mboten
saget nandhes ing naluri lan wusana manjing ing
sikep
lan tumindak.
Kedahipun,
miterat Gatoloco, ing donya mboten namung
ngucap
lan ngapalaken, nyembah, komat-kamit ndonga,
ngucap
alif lam, jalaran sedaya wau namung pocapan,
namung
ungelipun. Ing donya kedah mangertos asalipun,
inggih
gesang ngantos pejah.
Suluk
Gatoloco (X)
Kyai
Hasan rumaos kawon lan masrahaken kagunganipun
Kyai
Guru Hasan Besari ingkang mireng sedaya
andharanipun
Gatoloco dados duka. Kesupen dhumateng
jejeripun
minangka ngulama. Kyai Hasan kepancing
kotbahipun
Gatoloco. Nguningani Kyai Guru dados duka,
Gatoloco
sansaya petakhilan.
Piyambakipun
gumujeng lakak-lakak, rumaos marem dene
jejeripun
kyai, ngulama ingkang kawentar, saget dipun giring
mrika-mriki
lan mboten mangertos werdinipun ingkang dipun
rembug.
Gatoloco
nelakaken bilih Kyai Hasan gesang tanpa paningal.
Padhangipun
dinten jalaran saking sunaring surya. Padhang
punika
ical sareng angslupipun srengenge. Dene padhanging
dalu
jalaran sunaring rembulan. Kyai Hasan suka
pawangsulan,
kenging menapa dene raos ingkang dados
pepadhang
tumrap Gatoloco mboten dipun wangsulaken
dhateng
Gusti Ingkang Maha Kawasa.Gatoloco nanggapi
pangandikanipun
Kyai Hasan bilih sapunika dereng
wancinipun
piyambakipun mangsulaken babagan punika.
Saya
dangu Kyai Hasan sansaya rumaos kawon ing aben
ngelmu
babagan gesang tuwin panggesangan saha ngelmu
agama
kalawan Gatoloco.
Kyai
Hasan pengin mangertos yektosipun kitab punapa
ingkang
dados pancatanipun Gatoloco. Gatoloco nelakaken
bilih
piyambakipun nggginakaken kitab Barulkalbi. Tembung
barul
ateges samodra, tembung kalbi ateges ati. Dados ati
ingkang
kadosdene samodra, tanpa wates, lebet, wiyar lan
kathah
sanget isinipun. ”Nanging kowe ora sembahyang,”
pratelanipun
Kyai Hasan dhateng Gatoloco. Sinambi
pethakilan,
Gatoloco suka pawangsulan bilih piyambakipun
sembahyang
kanthi lumintu. Sujudipun sujud eling,
kiblatipun
tengah-tengahipun bumi, sujudipun sesarangen
kaliyan
ambeganipun.
Solatipun
dhateng Gusti Allah kaleksanan kanthi utekipun.
Sembahyangipun
dhumateng Gusti Allah medal saking
lisanipun.
Kyai Hasan ingkang mireng wicaranipun Gatoloco
dados
mbrabak pasuryanipun. Kyai Hasan rumaos sansaya
kasoran
ing aben ngelmu agama kalawan Gatoloco punika.
Sedaya
dalil saking Kuran punapadene kadisipun Kangjeng
Nabi
Muhammad SAW saget dipun bantah dening Gatoloco.
Wusana,
Kyai Hasan nundhung Gatoloco, kapurih minggat
saking
pondhokipun.
Ewadene
Gatoloco nganggep bilih sapunika piyambakipun
lenggah
ing papan kagunganipun Gusti Allah. Gatoloco
rumaos
remen ing papan punika, jalaran wonten ing tengahtengahipun
bumi.
Kyai Hasan mendel sakedhap.
Kyai
Hasan lajeng kemutan sumpahipun, menawi kawon ing
aben
ngelmu agama kalawan Gatoloco, sedaya kagunganipun
badhe
kapasrahaken dhateng Gatoloco. Kyai Hasan lajeng
kesah
nilar Pondhok Cepekan, sedaya kagunganipun, sedaya
santri,
sedaya guru tuwin sedaya kyai tamunipun saking
Rejasari
kapasrahaken dhateng Gatoloco. Sageta kawucal
sedaya
ngelmunipun.
Suluk
Gatoloco (XI)
Werdinipun
cariyos ingkang nuwuhaken pradondi
Cariyos
pepanggihanipun Kyai Hasan Besari kaliyan Gatoloco
ingkang
salajengipun dados aben ngelmu babagan sangkan
paraning
dumados, babagan ngelmu agami, nuwuhaken
pradondi
ing madyaning bebrayan agung Jawi.
Wonten
ingkang gadhah pamanggih bilih cariyos Gatoloco
punika
ngemu surasa ingkang asipat ngina dhateng agami
Islam,
ngina piwucal agami Islam ingkang asumber saking
Kuran
ingkang dipun wucalaken dening Kangjeng Nabi
Muhammad
SAW.
Pambiji
kados punika tuwuh saking werdinipun cariyos nalika
Gatoloco
ingkang ing Suluk Gatoloco kacariyosaken mboten
nate
sinau dhateng satunggaling ngulama ananging dipun
cariyosaken
saget nguwaosi sakathahing tapsiran-tapsiran
agami
Islam.
Ing
kawitan Suluk Gatoloco dipuncariyosaken bilih Gatoloco
ingkang
awon wujud lan rupinipun punika nglampahi tapa
ing
papan ingkang tebih saking karamen. Saking genturipun
anggenipun
mbangun tapa wusana kasinungan daya
kaluwihan
ingkang ngedab-edabi.
Ewadene
Kyai Hasan Besari, satunggaling ngulama ingkang
kondhang,
kathah santri ingkang meguru, ugi sampun
nglampahi
prihatos sinau dhateng sakathahing ngulama,
kepara
dumugi negari Arab punapa anggenipun sinau ngelmu
agami
Islam, ananging saget dipunasoraken ing kawruh
ngelmu
agami dening Gatoloco.
Cariyos
punika ingkang salajengipun nuwuhaken pradondi
ing
madyaning bebrayan agung Jawi. Kepara wonten ingkang
mbiji
menawi cariyos punika dados sarana kangge ngina
agami
Islam, mliginipun ngina golonganing ngulama.
Wangsul
dhateng lelampahanipun Gatoloco. Sasampunipun
Kyai
Hasan jengkar saking Pondhok Cepekan, Gatoloco lajeng
dipun
sowani para santri ingkang gunggungipun wonten 300.
Gatoloco
rumaos remen nampi sowanipun sedaya santri
ingkang
dipun tilar dening Kyai Hasan.
”Yen
kowe kabeh pengin slamet, aja niru gurumu sing
sakgeleme
dhewe, sawenang-wenang. Sing ngono kuwi ora
becik.
Ngina sapadha-padha kuwi ora becik. Umat kuwi
padha.
Pinter, bodho, apik, ala, begja, cilaka, kuli, tani,
lanang,
wadon kabeh ora beda. Kabeh tinakdir dening Gusti
Allah,
ora bisa owah, kabeh duwe takdire dhewe-dhewe,”
pratelanipun
Gatoloco ing sangajengipun para santri.
Gatoloco
ugi paring pitutur dhumateng para santri tilas
muridipun
Kyai Hasan supados tansah kuwawa nampi
takdiripun
Ingkang Maha Kuwaos, pasrah dhumateng
pepesthenipun
Gusti Allah. Manungsa punika namung
wenang
ngabdi. Gatoloco lajeng ndangu para santri punapa
sampun
madhep mantep ing batos nganggep piyambakipun
minangka
bapak.
Salajengipun
Gatoloco dados kyai ingkang sidik paningalipun.
Kuwawa
maos menapa ingkang dipun penggalih dening tiyang
sanes.
Kepara, Gatoloco ugi saget njangka punapa ingkang
badhe
kedadosan ing jaman ingkang badhe dumugi.
Suluk
Gatoloco (XII)
Gatoloco
dumugi ing tlatah Gunung Endragiri
Ing
sangajengipun para santri, Gatoloco lajeng medhar
andharan
kathah-kathah babagan dunungipun manungsa
tuwin
panguwaosipun Pangeran Ingkang Maha Kuwaos.
Punapa
ingkang dipun andharaken kenthel tapsiran
filsafatipun,
temahan mboten sedaya santri saget nampi
kanthi
wantah. Ananging, Gatoloco lajeng saget njlentrehaken
sedaya
ingkang dipun kajengaken ing ngelmu ingkang dipun
andharaken
tumrap para santri ing Pondhok Cepekan, inggih
tilas
santrinipun Kyai Hasan Besari.
Sasampunipun
rinaos cekap, Gatoloco lajeng nilar Pondhok
Cepekan,
sedya ngulandara malih. Nanging piyambakipun
weling
dhateng para santri bilih mboten dangu malih badhe
wangsul
ing pondhok punika. Samangkih sasampunipun
wangsul
saking ngulandara, Gatoloco badhe mucal para
santri
malih murih sansaya tambah ngelmunipun, inggih
ngelmu
babagan sangkan paraning dumadi.
Kesahipun
Gatoloco saking pondhok kanthi sedya badhe
ngulandara
punika mboten sanes namung badhe pados
mengsah
sanes kangge aben ngelmu. Sedaya pondhok dipun
purugi.
Menawi pinanggih guru lan santri lajeng dipun
tantang
bantahan. Dipun bantah sedaya ngelmunipun, lan
menawi
kawon lajeng dipunece, dipungegujeng. Kathah santri
tuwin
guru ingkang kapok jalaran Gatoloco ingkang tanpa
aturan
punika.
Ananging
Gatoloco kanyata tansah dipun aoyomi dening
Pangeran
Ingkang Maha Kuwaos. Kamangka piyambakipun
tansah
ngegung-gungaken raos umuk, adigang, adigung lan
adiguna.
”Sapa sing menang bantahan mungsuh aku, adu
ngelmu
kalawan aku, ateges ngluwihi manungsa lumrah.
Jalaran
aku wus nemokake kukum sing diatur dening Hyang
Manon,”
pratelanipun Gatoloco ing saben wekdal.
Anehipun,
Gatoloco temen-temen kasinungan daya
linangkung.
Sedaya ingkang dipun jangka lajeng kedadosan
kanthi
saestu. Punapa ingkang dipun ucapaken mboten
wonten
ingkang mleset. Kanthi daya kalangkungan kasebat,
wonten
ing pundi kemawon Gatoloco tansah nuwuhaken
dredah.
Sansaya kathah tiyang ingkang rumaos mangkel lan
mboten
urmat dhateng piyambakipun.
Wusana,
Gatoloco dumugi ing ereng-erengipun Gunung
Endragiri.
Ing tlatah punika dedunung sawetawis begawan,
resi
lan wiku. Gatoloco lajeng kendel ing papan punika, lan
wiwit
nyebar cangkriman, nedahaken kalangkunganipun.
Nalika
wonten begawan, resi punapadene wiku ingkang
nanggapi
cangkrimanipun, Gatoloco lajeng ngejak bantahan
ngelmu.
Kanyata,
para begawan, resi lan wiku wau mboten saget
ngugemi
sipat sabar nalika pepanggihan lan bantahan ngelmu
kaliyan
Gatoloco. Sedaya sami dados dolananipun Gatoloco
ingkang
tansah ngaken minangka lelananing jagad punika.
Kawusananipun
sadangunipun Gatoloco nyrambah tlatah
Gunung
Endragiri punika, piyambakipun kasil ndhedher
winih
raos mboten remen dhumateng sinten kemawon
ingkang
dipun panggihi.
Wonten
ing pucukipun Gunung Endragiri punika dedunung
para
wanita dhusun ingkang kiyat mertapa. Ingkang sepisan,
ingkang
sanget sulistya ing rupi nama Retna Dewi Lupitwati.
Piyambakipun
dipunanggep minangka ratu. Sekti
mandraguna,
ageng pangaribawanipun, tuwin sanget
dipunsuyuti
dening para prajuritipun. Para punggawanipun
sedaya
wanita. Taksin enem-enem, lan sedaya ugi sulistya ing
rupi.
Suluk
Gatoloco (XIII)
Gatoloco
saget ngasoraken ngelmunipun Dewi Lupitwati
Gatoloco
kepranan sanget dhateng kasulistyanipun Dewi
Lupitwati
lan sedaya wanita punggawanipun ingkang tementemen
sulistya
ing rupi.
Para
punggawanipun Dewi Lupitwati punika, miterat
andharan
ing buku Tafsir Gatolodjo, anggitanipun Joko Su’ud
Sukahar,
weton Wuwung Surabaya, naminipun Dewi
Mlenukgembuk,
Dewi Dudulmendut, Dewi Rara Bawuk lan
Dewi
Bleweh. Sedaya sami sulistya ing rupi.
Dewi
Lupitwati dedunung ing Cemarajamus, ing wewengkon
Guwa
Siluman ingkang kondhang wingit lan angker. Mboten
wonten
jalma manungsa ingkang saget mlebet ing papan
punika
menawi mboten pikantuk idi palilahipun Dewi
Lupitwati.
Ananging Gatoloco kanthi gampil saget mlebet ing
papan
punika. Dewi Lupitwati kaget sanget mangertos wonten
priya
ingkang awon rupi lan wujudipun saget mlebet ing
papan
dunungipun.
Dene
Gatoloco piyambak sasampunipun mlebet lajeng lenggah
sesandhingan
kaliyan Dewi Lupitwati. Patrapipun damel
dukanipun
sedaya punggawanipun Dewi Lupitwati. Punapa
malih
nalika dipunsetitekaken kanyata tiyang kakung punika,
inggih
Gatoloco, dedeg piyadeg lan pasuryanipun mboten
mranani
sanget. Lan patrapipun nedahaken sikep umuk lan
adigang,
adigung, adiguna.
Gatoloco
lajeng nepangaken pribadipun dhumateng Dewi
Lupitwati
lan sedaya punggawanipun. Ing kalodhangan
punika,
Gatoloco lajeng dados kepranan dhateng sedaya
wanita
ingkang temen-temen sulistya ing rupi punika.
Gatoloco
nepangaken pribadinipun minangka lelananging
jagad,
priya ingkang sejati. Dewi Mlenukgembuk ingkang
sepisanan
duka dhateng Gatoloco.
Dipunsusul
Dewi Dudulmendut, Dewi Rara Bawuk, Dewi
Bleweh
lan ingkang pungkasan Dewi Lupitwati piyambak.
Sedaya
wanita ingkang sulistya ing rupi punika mbabar
cangkriman
ingkang kedah dipunbedhek dening Gatoloco. Lan
kawusananipun,
Gatoloco saget mbedhek sedaya
cangkrimanipun
para wanita ingkang dedunung ing
padhepokan
Cemarajamus punika.
Salajengipun
sedaya wanita ingkang sulistya ing rupi punika
pasrah
bongkokan dhateng Gatoloco, sedya dipundadosaken
punapa
kemawon dening Gatoloco. Dewi Mlenukgembuk,
Dewi
Dudulmendut, Dewi Rara Bawuk, Dewi Bleweh lan
pepundhenipun,
Dewi Lupitwati, sedaya pasrah kanthi
tulusing
manah sedya suwita dhateng Gatoloco minangka
sisihanipun.
Gatoloco
dados remen sanget. Punapa malih nalika mireng
ngendikanipun
Dewi Lupitwati ingkang nelakaken pasrah jiwa
raga
dhateng Gatoloco sasampunipun Gatoloco kasil mbedhek
sedaya
cangkriman ingkang dipunbabar para punggawanipun
lan
cangkriman ingkang dipunbabar piyambak. Anehipun,
sikep
umuk lan adigang, adigung tuwin adigunanipun
Gatoloco
lajeng luntur.
Pratingkahipun
mboten kadosdene Bratasena nalika nembe
mboten
karenan penggalihipun utawai kadosdene Wisanggeni
ingkang
nembe ngece lan pancakara kalawan para dewa.
Gatoloco
malih dados priya ingkang ageng pangaribawanipun.
Lan
ing kahanan kados makaten, Gatoloco nelakaken bilih
Dewi
Lupitwati lan sedaya wanita punggawanipun sampun
kaanggep
dados sisihanipun. Gatoloco nyuwun supados
sedaya
sami manut lan bekti dhumateng piyambakipun
minangka
tiyang kakung. Dene menawi mboten, Dewi
Lupitwati
lan sedaya punggawanipun badhe nemahi gesang
ingkang
mboten sekeca.
Suluk
Gatoloco (XIV/Cuthel)
Gatoloco
wangsul dhateng Cepekan
Gatoloco
ingkang ngaken dados lelananging jagad punika
lajeng
medhar piwulang tumrap Dewi Lupitwati lan sedaya
punggawaninpun
ingkang sampun pasrah bongkokan dados
sisihanipun
Gatoloco.
Padhepokan
Cemarajamus ingkang saderengipun kondhang
minangka
papan ingkang wingit, punapa malih tumrap para
priya,
sapunika sampun malik grembyang dados papan
ingkang
tinarbuka.
Inggih
mboten sanes Gatoloco ingkang nuwuhaken owahowahan
punika.
Sawetawis wulan Gatoloco dedunung ing
Cemarajamus,
kathah tiyang ingkang sami dumugi lan
wusana
dedunung ing tlatah Cemarajamus.
Kawusananipun
Padhepokan Cemarajamus ngrembaka dados
papan
kangge ngangsu kawruh. Sedaya sisihanipun Gatoloco,
inggih
Dewi Lupitwati tuwin punggawa-punggawanipun
rumaos
remen sanget. Sedaya rumaos ayem tentrem
dedunung
ing papan punika.
Ananging
mboten tumrap Gatoloco. Minangka gegambaran
watak
ingkang tansah mboten marem dhateng punapa
kemawon
ingkang sampun dipun gayuh, menawi lajeng lerem
ateges
pejah.
Ing
Suluk Gatoloco, kapribadenipun Gatoloco dados
gegambaran
sipat anti kemapanan. Ing satengahing swasana
ingkang
nuwuhaken raos ayem tentrem tumrap sedaya warga
Cemarajamus,
Gatoloco rumaos mboten tentrem.
Wusana,
Gatoloco pamit dhateng sedaya sisihanipun tuwin
sedaya
warga ingkang dedeunung ing Padhepokan
Cemarajamus.
Gatoloco nelakaken badhe kesah sawetawis
wekdal.
Sedyanipun badhe ningali para santri ingkang dipun
tilar
ing Pondhok Cepekan.
Ringkesing
cariyos, Gatoloco sampun dumugi ing Cepekan.
Ing
wekdal punika para santri ing Cepekan sami adreng lan
temen-temen
anggenipun sinau, ndhudhah sedaya ngelmu.
Nalika
Gatoloco dumugi ing pondhok, sedaya santri lajeng
mendel
saking pakaryan saha padamelanipun lan sami
nelakaken
raos remenipun dene Sang Guru sampun kondur.
Sasampunipun
mleber ing langgar, Gatoloco lajeng medhar
piwulang
babagan pangertosan makrifat, tauhid, martabat,
budi
pakerti, iman, nyawa, lan sanes-sanesipun ingkang
anjogipun
kawruh babagan sangkan paraning dumadi.
Ing
pungkasan wedharanipun, Gatoloco nyuwun supados
sedaya
santri ing Cepekan temen-temen anggenipun sinau.
Menawi
ngantos sembrono badhe mbilaheni ing tembe
wingkingipun.
Gatoloco
nandhesaken supados sedaya santri ing Cepekan
temen-temen
anggenipun ndhudhah werdinipun seratan.
Menawi
sampun mangertos werdinipun prayogi lajeng dipun
simpen ing
manah tuwin pikiran.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar