Tegese Saben 11 Tembang Macapat
Ing ngandhap punika sekedhik kangge pangertos.
1. Mijil
Mijil tegesipun miyos, mili utawi lair
Sekar mijil nggadhah pasemon bilih manungsa wiwit ngambah karamean utawi donya.
2. Maskumambang
Sekar maskumambang punika pasemon bayi, bayi punika taksih suci, sapari polahipun sarwa ngremeaken utawi nyengsemaken, ngantos mipisi utawi bobotan kemawon dipun anggap ngopahi.
3. Sinom
Sekar Sinom nggadahahi pasemon alam mudha mudhi kadewasan. Pramila tembang sinom ugi nggadhahi teges si-enom, liripun ingkang langkung ngremenaken utawi nyengsemaken.
4. Asmarandana
Tembung Asmarandana kadadosan sakin kalih tembung inggih punika Asmara lan dana. Asmara tegesipun katresnan dene dana tegesipun weweh. Liripun Sekar Asmarandana nggadahi pasemon alamin katresnan.
5. Gambuh
Gambuh punika tegesipun cocok, mathuk, gathuk utawi jumbuh. Liripun jumbuhing katresnan ing antawisipun putri lan kakung.
6. Kinanthi
Tembung Kinanthi lingganipun kanthi tegesipun gendheng. Kinanthi tegesipun kegendhengan utawi dipun gendheng. Pasemonipun sasampunipun kapetang jumbuhing katresnan ing antawisipun putri lan kakung tumunten kalajengaken alam para akrami.
7. Dhandhanggula
Sekar Dhandhanggula nggadahi watak luwes nyengsemaken. Pasemonipun tumrap gesanging manungsa anggambaraken suasana alaming balewisma.
8. Durma
Sekar Durma nggadahi pasemon bilih alaming bale wisma (rumah tangga), boten badhe uwal saking perkawis utawi masalah. Dangu utawi enggal, ageng utawi alit manungsa mesti badhe nyandhang.
9. Pangkur
Pasemonipun bilih tiyang gesang punika sasampunipun sepuh kedah mungkur utawi umal saking bebandaning pepenginan. Pramila sepuh ugi kawastanan tuwa, liripun tiyang sepuh punika wontenipun namung tutur-tutur, uwur-uwur, sembur-sembur dhumateng para anem.
10. Megatruh
Tembang Megatruh kadadosan saking kalih tembung inggih punika megat lan ruh (pegat lan ruh). Pasemonipun pisahing nyawa lan jasad utawi raga, liripun pejah/seda.
11. Pocung
Sekar Pocung nggadahi pasemon bilih pungkasaning gesang punika seda utawi pejah. Manut adat utawi tata cara saderengipun jenazah kapetak kedah dipun pocong.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar