Selasa, 16 Desember 2014

Nglajengaken Babagan Filsafat ing Tembang Macapat

Nglajengaken Babagan Filsafat Ing Tembang Macapat

6. Gambuh
Tembung iki biasane yen ditakoni tapi ora ngerti jawabe, Gambuh!!! (eh kleru, Lha mBuh!!).. ngguyu sik, ben ga sepaneng.
Awalaning ukara gambuh yaiku jumbuh / sawiji,dadi siji sing artine komitmen nyawijikake tresno ana ing kulawarga.
Gambuh iki salah sawijining tembang macapat sing paling akeh kanca-kancaku bisa. Isih eling karo tembang :
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur
Polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutur
Katutuh pan dadi awon
Tembang Gambuh mbok menawa pancèn kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manungsa supaya éling marang tumindak-tumindaké. Manungsa dielingaké yènta kabèh tingkah polah manungsa iku ana akibaté. Adigang, adigung, adiguna, bakal nyilakaké urip manungsa sing duwé patrap kaya mangkono iku
7. Dhandanggula
Gambaran urip kang wis mapan, manis, lan mulya. Cukup sandang, papan, lan pangan.  Dhandhanggula isine pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Akeh pitutur becik ono ing tembang iki. Salah sawijining tembang macapat sing paling disenengi almarhum bapak yaiku Dhandanggula. Aku isih kelingan bapakku ngajari aku tembang iki, kang cinipta dening Sunan Kalijaga  :
Ana kidung rumeksa ing wengi
teguh hayu luputa ing lara
luputa bilahi kabeh
jim setan datan purun
paneluhan tan ana wani
miwah panggawe ala
gunaning wong luput
geni atemahan tirta
maling adoh tan ana ngarah ing mami
guna duduk pan sirna
Dhandhanggula saben pada (bait) ana 10 gatra (larik).
  • 10-i
  • 10-a
  • 8 -é
  • 7 -u
  • 9 -i
  • 7 -a
  • 6 -u
  • 8 -a
  • 12-i
  • 7 -a
Pokoke tembang iki top markotop caahh!!! Liyer-liyer karo ngantuk-ngantuk .
8. Durma
Durma kuwi nggambarake kahanan kang wis mapan. Sakwise mapan, ojo lali nindakake Darma (Durma asale saka darma/sedhekah utawa derma). Saben pada (bait) ana 7 gatra (larik).
  • 12-a
  • 7 -i
  • 6 -a
  • 7 -a
  • 8 -i
  • 5 -a
  • 7 -i
9. Pangkur
Saka tembung mungkur, ngedohi awisanipun gusti ingkang maha kuwasa. Yen pangkur, macapat sing paling tak senengi.
jinejer neng Wedhatama
mrih tan kemba kembenganing pambudi
mangka nadyan tuwa pikun
yen tan mikani rasa
yekti sepi asepa lir sepah samun
samangsane pasamuwan
gonyak-ganyuk nglelingsemi
.
Tembang pangkur rinakit pitung gatra (larik) saben pada (bait)
  • 8 – a
  • 11- i
  • 8 – u
  • 7 – a
  • 12- u
  • 8 – a
  • 8 – i
10. Megatruh
Saka tembung Megat : pisah, Ruh : nyawa / roh. Nggambarake menungsa kang lagi sakaratul maut. Saka rahim, lahir, dewasa, lan urip mulya, ana ing pungkasaning cerita menungsa mesthi mati. (Serius lho cah… cerita Twilight saga, sing jarene ora mati-mati kuwi ngapusi cahh..!!)
Saben pada, tembang iki ana limang gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu :
12u, 8i, 8u, 8i, 8o.
Tembang iki mendayu-ndayu..
11. Pocung
Iki uga macapat kang paling akeh kanca-kancaku bisa nembangake. Lumrahe tembang pocung isine cangkriman (tebak-tebakan). Tembang iki nggambarake sak uwise menungsa mati banjur di-pocong (pocung : pocong, dikafani). “ Innaka Mayyitun Wainnahum Mayyituuna “, “ Sejatine kowe kabeh bakal mati lan wong liyane mati uga”. Ana uga tembang pocong kang isine pitedah becik, contone:
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
setya budya pangekesing dur angkara
Tembang macapat kuwi dudu tembang kaya tembang padha umume. Kowe lan aku uga bisa nggawe tembang macapat. Kang wigati, kudu manut karo guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu ana ing saben-saben tembang macapat mau. Muga-muga bisa kanggo renungan. Para leluhur ing tanah jawi nggawe tembang kang kebak ilmu, pituwuh, lan filsafat kang agung. Ayo dilestarikake lan diuri-uri kabudayane dhewe…
Cekap semanten, tulisan punika dipunsariaken saking kathah sumber. Mugi-mugi saget manfaat tumrap kula panjenengan sami… Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar