I Pangertian Afiksasi
Wonten system morfologi basa Jawi, dhapuring tembung,
tembung – tembung saged kaperang dados kalih kelompok inggih menika : tembung
lingga (kata dasar) lan tembung ingkang sampun owah saking lingganipun. Tembung
lingga inggih punika sekabehanipun tembung ingkang dereng owah saking asalipun,
kayata: jaranan lingga – ipun jaran; kepaten lingga – ipun
pati. Kamangka tembung kang sampun owah saking lingganipun (kata yang
telah mengalami perubahan dari dasarnya) kaperang dados tiga: tembung andhahan
(kata jadian) umpaminipun tembung lingga tekuk saged diubah dados ditekuk,
panekuk, tinekuk, tekukan, lsp., tembung ingkang dipun
rangkep (kata ulang) lan tembung camboran utawi wancahan (kata majemuk)
(Purwadi, 2005: 71).
Afiksasi inggih punika proses penambahan afiks wonten salah
satunggalipun dasar utawi bentuk dasar, kamangka afiks tegesipun bentuk / wujud
ingkang mujudake morfem terikat ingkang ditambahaken kaliyan bentuk dasar wonten
proses pembentukan tembung (Abdul Chaer, 2003)
Saking posisi melekatipun wonten bentuk dasar utawi tembung
lingga dados andhahan, afiksasi kaperang dados: (a) diparingi ater – ater
(awalan / prefiks); (b) Panambang (akhiran / sufiks); (c) seselan (sisipan /
infiks); (d) ater – ater lan panambang (awalan dan akhiran / konfiks).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar