Kamis, 18 Desember 2014

Seselan (sisipan / infiks)


Seselan yaiku sisipan tengah – tengah tembung, sisipan punika kayata: - um -, - in -, - el -, - er -. Tuladha: sebar + -um- = sumebar ; sewer + -el- = sliwer ; kelip + -er- = krelip.
1.      Rimbag bawa ma (seselan –um-)
      Bentuk bawa ma inggih menika asalipun saking tembung lingga angsal seselan –um-. Papanipun ing wingking huruf awal tembung, kayata: kenthus dados k – um – enthuse = kumenthus, kaki dados k – um – aki = kumaki (Purwadi, 2005: 77)
      Tembung lingga (kata dasar) menawi angsal seselam um, kadang – kadang bentukipun berubah, utaminipun huruf awal suku kata pertama, kayata:
a.      tembung lingga ingkang huruf awal p nalika angsal seselam um, huruf p kasebat luluh utawi digantisi kaliyan huruf k, umpaminipun : putung + -um- = mutung ; pati + -um- = mati ; panggang + -um- = kumanggang ; pinter + -um- = kuminter, lsp..
b.      ingkang awalan huruf b digantos dados g, umpaminipun: bobor + -um- = gumobor ; bagus + -um- = gumagus ; banter + -um- = gumanter.
c.       ingkang awalan huruf w digantos dados k, umpaminipun: wasis + -um- = kumasis ; waras + -um- = kumaras
d.      ingkang awalan huruf ha menawi angsal seselan um, huruf wiwitaning lingga (awal kata dasar) luluh, umpaminipun: ulung + -um- = umulung = mulung ; ulur + -um- = umulur = mulur ; udhun + -um- = umudhun = mudhun.
Arti tembung bawa ma, antawisipun:
§  nggadhahi kaanan / sifat kados kasebut ing lingganing tembung (bentuk dasarnya), kayata: kuminter – anggepe kaya pinter – pintera , sumugih – anggepe kaya sugih – sugiha.
§  Nggadhahi arti lagi nedheng – nedhenake, akyata: kumeruk – lagi kena dikeruk, kumanggang – lagi nedheng – nedhenge dipanggang.
§  Menawi lingganipun nggadhahi arti nirokake swara, uninipun kados kasebut ing lingganing tembung, kayata: jegur dados jumegur, dengkling dados cumengkling.
§  Nyektosaken kahanan, maju , minggah, mudhun, mundur, kayata; tumurun, tumangkar, tumular, lsp..
2.      Rimbag tanggap na (seselan –in-)
                  Tembung lingga ingkang angsal seselan (na) ingkang disebut tanggap na. Tembung tanggap na: “linangkung” asalipun saking tembung langkung angsal seselan na utawi (in). miturut Purwadi (2005:127) tanggap na, kaperang dados tiga:
a.       tanggap na wantah
tuladha: jupuk + -in- = jinupuk ; balang + -in- = binalang
b.      tanggap na – i
tuladha: resiki + -in- = rinesikan ; waca + -in- = wicanan
(panambang - i dados an)
c.       tanggap na – ke
tuladha: suwe + -in- + ke = sinuweake ; dadi + -in- + ke = dinadekake
3.      tembung lingga ingkang angsal seselan –er-, -el-       
                  seselan ing salahsawijining tembung dipapanake sesampunipun hurug pertama, umpaminipun: k (er) – elip = krelip, g (er) – andhul = grandhul, b (el) – eber = bleber.
            Tembung ingkang ngandhung huruf r, seselanipun sanes –er- nanging –el-. Tuladha: beber + el dados b + (el)eber = bleber ; gereng + el dados g + (el)ereng = glereng. Kamangka, tembung ingkang nggadhahi awalan aksara swara vocal, menawi angsal seselan er lan el, awalipun disertai huruf k. tuladha: abanger + -er- = krabang ; ogel + -er- = krugel ; ewer + -el- = klewer
            Tembung ingkang angsal seselan er lan el kajaba tembung kaanan (keadaan / sifat). Tembung kasebut nggadhahi arti kathah. Amargi punika sering disertai kalih tembung ‘pating’ ing ngajengipun. Kayata: woh – wohan iku pating grandhul.

MORFOLOGI (AFIKSASI BAHASA JAWA)



I           Pangertian Afiksasi
Wonten system morfologi basa Jawi, dhapuring tembung, tembung – tembung saged kaperang dados kalih kelompok inggih menika : tembung lingga (kata dasar) lan tembung ingkang sampun owah saking lingganipun. Tembung lingga inggih punika sekabehanipun tembung ingkang dereng owah saking asalipun, kayata: jaranan lingga – ipun jaran; kepaten lingga – ipun pati. Kamangka tembung kang sampun owah saking lingganipun (kata yang telah mengalami perubahan dari dasarnya) kaperang dados tiga: tembung andhahan (kata jadian) umpaminipun tembung lingga tekuk saged diubah dados ditekuk, panekuk, tinekuk, tekukan, lsp., tembung ingkang dipun rangkep (kata ulang) lan tembung camboran utawi wancahan (kata majemuk) (Purwadi, 2005: 71).
Afiksasi inggih punika proses penambahan afiks wonten salah satunggalipun dasar utawi bentuk dasar, kamangka afiks tegesipun bentuk / wujud ingkang mujudake morfem terikat ingkang ditambahaken kaliyan bentuk dasar wonten proses pembentukan tembung (Abdul Chaer, 2003)
Saking posisi melekatipun wonten bentuk dasar utawi tembung lingga dados andhahan, afiksasi kaperang dados: (a) diparingi ater – ater (awalan / prefiks); (b) Panambang (akhiran / sufiks); (c) seselan (sisipan / infiks); (d) ater – ater lan panambang (awalan dan akhiran / konfiks).

Fonoligi Basa Jawa




Fon : suara alat ucap manusia
Logi : ilmu
Fonologi menika ilmu inkang nyinauni babagan suanten.
Fonologi wonten 2 cabang ilmu :
1.Fonetik : Ngelmu babgan suanten basa ingkang mboten mbedaaken makna.
Tuladha : bapak, angin, klambi, sapi.
2.Fonemik : Ngelmu babagan suanten basa ingkang mbedakaken makna.
Thuladha : loro (2), lara (sakit).
Fonetik dipun bagi mali dados 3 :
1.Akustik : ngelmu ingkang nyinauni babagan gelombang suanten lan kados pundi gelombang suanten menika dipun pireng dening menungsa lan biasane sesambungan babgan ilmu fisika lan sifat suanten miturut fisika.
2.Auditorik : ngelmu ingkang nyinauni babagan suanten saged di tampi utawi dipun pireng dening menungsa lan dipun olah ing saklebete otak.
3.Artikulatoris : ngelmu ingkang nyinauni babagan perrangane awak ingkang dipun ginaaken kagem ngasilaken suanten basa.Ugi kados pundi suanten dipun asilaken saking alat ucap manungsa.
– Tuladhane auditoris : suanten ketokan.
Alofon : fariasi dari sebuah fonem yang tidak dapat membedakan makna, cth : i jejeg dan i miring.
Fonem : bunyi bahasa yang mandiri yang mampu membedakan makna.
1.Fonologi : bidang linguistik ingkang nyelidiki suanten basa mturut ginanipun.
2.Bunyi bilabial : bunyi eb (bunyi bibir yang menyatu)
Fonemik dipun bagi dados 3 :
1)Fonem : suanten bahasa ingkang mandiri lan saged mbedaaken makna.
2)Alofon : fariasi saking fonem dan mboten ngadhahi kemampuan kagem mbedaaken makna.
• Bunyi bahasa : bunyi yang dihasilkan oleh alat ucap manusia.
Tuladha fonem : bunyi vokal : a i u e o, bunyi konsonan : b, t, d, bunyi sengau : ng, n, ny, m.
I jejek = i
I miring = e
Thuladha alofon : i = i dan e
kendhang : alat musik (pepet)
kendhang : terhanyut (taling)

LEGENDA KOTA KUDUS




Kala rumiyin, Kudus arupi dhusun alit ing wewengkon kraton Majapahit. Salah sawijining dinten, wonten pedagang saking Cina asmanipun Sun Ging. Piyambakipun ahli ukir. Kawasisanipun sampun kawentar dumugi kraton Majapahit. Kalajeng dipuntimbali dening Sang Nata Kraton Majapahit kapurih ngukir rerenggan kraton. Kasilipun ngedap-edapi. Wusananipun, Sun Ging dipunparingi panggenan kangge ngedekaken perguruan ukir ing dhusun papan panggenanipun. Ing sakmangke, papanipun kasebat Sunggingan, tegesipun papanipun kaluarga Sun Ging. Ananging , carios sanes nyebataken bilih Sunggingan menika ateges ngukir/ nglukis. Juru sungging  ateges ahli nglukis/ ngukir. Ingkang nggadhahi menika Ling Sing pedagang saking Cina.
Sunggingan saya ngrembaka ekonominipun ngantos dumugi Kraton Islam Demak Bintoro ingkang langkung caket tinimbang Kraton Majapahit. Raden Patah minangka natanipun ngutus Syekh Jafar Shodiq, ulama ageng saking Persia kanthi ancas ngislamake Sunggingan. Syekh Jafar Shodiq kairing para santri dumugi gapura kanthi ornament Hindu warisan Majapahit. Ing gapura menika, Jafar Sodiq ngajak para warga sakkupengipun kapurih ngrasuk agami Islam. Caranipun ngajak kanthi alus. Gandheng para warga ngrasuk agami Hindu, Japar Sodiq ngasta lembu gapura kasebat. Masyarakat kepincut ndhatengi awit lembu menika minangka Dewanipun. Boten dangu, saperangan warga sampun ngrasuk agami Islam, kalebet Sun Ging/ ling Sing (sakmenika jalan Kyai Telingsing). Ing wasana, Jafar Sodiq ngedekaken masjid sakcelakipun gapura ing dhusun menika. Bangunan mesjid dipunrengga kanthi rerenggan lempengan sela cemeng (batu hitam ) saking Baitul Maqdis ing Yerussalem, Palestina. Saking nami Baitulmaqdis menika nami dados name Kudus  ingkang tegesipun suci. Saya dangu mesjid kasebat kawentar kanthi nami mesjid Kudus (mesjid ingkang karengga lempengan watu Al Kuds/ watu suci).
Kanthi wontenipun mesjid Al Kuds lan ngedekaken pesantren , saya kathah masyarakat njaban kitha ingkang nggadhahi ancas ngaji lan maneka warni pedamelan saya ngrembaka (dagang, tetanen, ngukir, lsp). Dhusun Sunggingan ingkang dipunrintis dening Ling Sing dados kitha lan pusat pesantren kawentar kanthi sebatan Kudus. Syekh Jafar Sodiq misuwur kanthi sebatan Sunan Kudus. Gapura ingkang kaginakaken syiar Islam dening Jafar Sodiq pranyata dados salah satunggaling ciri khas kitha Kudus inggih menika Menara Kudus.

SERAT WEDHATAMA




K a r y a : M a n g k u n e g a r a I V
PUPUH I
P A N G K U R
01
Mingkar-mingkuring ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining
kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah
Jawa, agama ageming aji.
02
Jinejer ing Weddhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi,mangka nadyan tuwa
pikun, yen tan mikani rasa, yekti sepi sepa lir sepah asamun,samasane
pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi.
03
Nggugu karsane priyangga, nora nganggo peparah lamun angling,lumuh ingaran
balilu, uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun
samudana, sesadoning adu manis .
04
Si pengung nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar
angendukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha
ngalah, ngalingi marang sipingging.
05
Mangkono ilmu kang nyata, sanyatane mung we reseping ati,bungah ingaran
cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan
sadina dina, aja mangkono wong urip.
06
Uripa sapisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung, sinerang ing
maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si mudha,
prandene paksa kumaki.
07
Kikisane mung sapala, palayune ngendelken yayah wibi, bangkit tur bangsaning luhur, lah
iya ingkang rama, balik sira sarawungan bae durung, mring atining tata krama, nggonanggon
agama suci.
08
Socaning jiwangganira, jer katara lamun pocapan pasthi, lumuh asor kudu unggul,
sumengah sesongaran,yen mangkono kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawiran,
nora enak iku kaki.
09
Kekerane ngelmu karang, kakarangan saking bangsaning gaib, iku boreh paminipun, tan
rumasuk ing jasad, amung aneng sajabaning daging kulup, Yen kapengkok pancabaya,
ubayane mbalenjani.
10
Marma ing sabisa-bisa, babasane muriha tyas basuki, puruitaa kang patut, lan traping
angganira. Ana uga angger ugering kaprabun, abon aboning panembah, kang kambah ing
siang ratri.
11
Iku kaki takokena, marang para sarjana kang martapi, mring tapaking tepa tulus, kawawa
nahen hawa, Wruhanira mungguh sanjataning ngelmu, tan mesthi neng janma wreda, tuwin
muda sudra kaki.
12
Sapantuk wahyuning Allah, gya dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh
mangukut, kukutaning Jiwangga, Yen mangkono kena sinebut wong sepuh, liring sepuh
sepi hawa, awas roroning ngatunggil.
13
Tan samar pamoring Sukma, sinukma ya winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu,
Pambukaning waana, tarlen saking liyep layaping ngaluyup, pindha pesating supena,
sumusuping rasa jati.
14
Sajatine kang mangkono, wus kakenan nugrahaning Hyang Widi, bali alaming ngasuwung,
tan karem karamean, ingkang sipat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira, mulane
wong anom sami.
PUPUH II
S I N O M
01
Nulada laku utama, tumrape wong Tanah Jawi, Wong Agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senopati, kepati amarsudi, sudane hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, tanapi
ing siyang ratri, amamangun karenak tyasing sesama.
02
Samangsane pesasmuan, mamangun martana martani, sinambi ing saben mangsa, kala
kalaning asepi, lelana teki-teki, nggayuh geyonganing kayun, kayungyun eninging tyas,
sanityasa pinrihatin, puguh panggah cegah dhahar, lawan nendra.
03
Saben nendra saking wisma, lelana laladan sepi, ngisep sepuhing supana, mrih pana
pranaweng kapti, titising tyas marsudi, mardawaning budya tulus, mese reh kasudarman,
neng tepining jala nidhi, sruning brata kataman wahyu dyatmika.
04
Wikan wengkoning samodra, kederan wus den ideri, kinemat kamot hing driya, rinegan
segegem dadi, dumadya angratoni, nenggih Kanjeng Ratu Kidul, ndedel nggayuh
nggegana, umara marak maripih, sor prabawa lan Wong Agung Ngeksiganda.
05
Dahat denira aminta, sinupeket pangkat kanci, jroning alam palimunan, ing pasaban saben
sepi, sumanggem anjanggemi, ing karsa kang wus tinamtu, pamrihe mung aminta,
supangate teki-teki, nora ketang teken janggut suku jaja.
06
Prajanjine abipraja, saturun-turun wuri, Mangkono trahing ngawirya, yen amasah mesu
budi, dumadya glis dumugi, iya ing sakarsanipun, wong agung Ngeksiganda, nugrahane
prapteng mangkin, trah tumerah darahe pada wibawa.
07
Ambawani tanah Jawa, kang padha jumeneng aji, satriya dibya sumbaga, tan lyan trahing
Senapati, pan iku pantes ugi, tinelad labetanipun, ing sakuwasanira, enake lan jaman
mangkin, sayektine tan bisa ngepleki kuna.
08
Luwung kalamun tinimbang, ngaurip tanpa prihatin, Nanging ta ing jaman mangkya, pra
mudha kang den karemi, manulad nelad Nabi, nayakeng rad Gusti Rasul, anggung ginawe
umbag, saben saba mapir masjid, ngajap-ajap mukjijat tibaning drajat.
09
Anggung anggubel sarengat, saringane tan den wruhi, dalil dalaning ijemak, kiyase nora
mikani, katungkul mungkul sami, bengkrakan neng masjid agung, kalamun maca kutbah,
lelagone dhandhanggendhis, swara arum ngumandhang cengkok palaran.
10
Lamun sira paksa nulad, Tuladhaning Kangjeng Nabi, O, ngger kadohan panjangkah,
wateke tak betah kaki, Rehne ta sira Jawi, satitik bae wus cukup, aja ngguru aleman, nelad
kas ngepleki pekih, Lamun pungkuh pangangkah yekti karamat.
11
Nanging enak ngupa boga, rehne ta tinitah langip, apa ta suwiteng Nata, tani tanapi agrami,
Mangkono mungguh mami, padune wong dhahat cubluk, durung wruh cara Arab, Jawaku
bae tan ngenting, parandene pari peksa mulang putra.
12
Saking duk maksih taruna, sadhela wus anglakoni, aberag marang agama, maguru
anggering kaji, sawadine tyas mami, banget wedine ing besuk, pranatan ngakir jaman, Tan
tutug kaselak ngabdi, nora kober sembahyang gya tininggalan.
13
Marang ingkang asung pangan, yen kasuwen den dukani, abubrah bawur tyas ingwang, lir
kiyamat saben hari, bot Allah apa gusti, tambuh-tambuh solah ingsun, lawas-lawas graita,
rehne ta suta priyayi, yen mamriha dadi kaum temah nista.
14
Tuwin ketib suragama, pan ingsun nora winaris, angur baya angantepana, pranatan
wajibing urip, lampahan angluluri, aluraning pra luluhur, kuna kumunanira, kongsi
tumekeng semangkin, Kikisane tan lyan among ngupa boga.
15
Bonggan kang tan mrelokena, mungguh ugering ngaurip, uripe tan tri prakara, wirya, arta,
tri winasis, kalamun kongsi sepi, saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati
aking, temah papa papariman ngulandara.
16
Kang wus waspada ing patrap, mangayut ayat winasis, wasana wosing Jiwangga, melok
tanpa aling-aling, kang ngalingi kaliling, wenganing rasa tumlawung, keksi saliring jaman,
angelangut tanpa tepi, yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma.
17
Mangkono janma utama, tuman tumanem ing sepi, ing saben rikala mangsa,masah
amemasuh budi, lahire den tetepi, ing reh kasatriyanipun, susila anor raga, wignya met
tyasing sesame, yeku aran wong barek berag agama.
18
Ing jaman mengko pan ora, arahe para turami, yen antuk tuduh kang nyata, nora pisan den
lakoni, banjur njujurken kapti, kakekne arsa winuruk, ngandelken gurunira, pandhitane
praja sidik, tur wus manggon pamucunge mring makrifat.
PUPUH III
P U C U N G
01
Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya
pangkese dur angkara.
02
Angkara gung, neng angga anggung gumulung, gogolonganira triloka, lekere kongsi,
yen den umbar ambabar dadi rubeda.
03
Beda lamun, kang wus sengsem reh ngasamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip,
sarwa sareh saking mardi marto tama.
04
Taman limut, durgameng tyas kang weh limput, kereming karamat, karana karohaning sih,
sihing Sukma ngreda sahardi gengira.
05
Yeku patut, tinulad-tulad tinurut, sapituduhira, aja kaya jaman mangkin, keh pramudha
mundhi dhiri lapel makna.
06
Durung pecus,kesusu kaselak besus, amaknani lapal, kaya sayid weton Mesir, pendhakpendhak
angendhak gunaning janma.
07
Kang kadyeku, kalebu wong ngaku-aku, akale alangka, elok Jawane denmohi, paksa
ngangkah langkah met kawruh ing Mekah.
08
Nora weruh, rosing rasa kang rinuruh, lumeketing angga, anggere padha marsudi, kanakene
kaanane nora beda.
09
Uger lugu, den ta mrih pralebdeng kalbu, yen kabul kabuka, ing drajat kajating urip, kaya
kang wus winahyeng sekar srinata.
10
Basa ngelmu, mupakate lan panemu, pasahe lan tapa, yen satriya tanah Jawi, kuna-kuna
kang ginilut triprakara.
11
Lila lamun, kelangan nora gegetun, trima yen kataman, sakserik sameng dumadi, trilegawa
nalangsa srahing Batara.
12
Batara gung, inguger graning jajantung, jenak Hayang Wisesa, sana paseneten Suci, nora
kaya si mudha mudhar angkara.
13
Nora uwus, kareme anguwus-uwus, uwose tan ana, mung janjine muring-muring, kaya
buta-buteng betah nganiaya.
14
Sakeh luput, ing angga tansah linimput, linimpet ing sabda, narka tan ana udani, lumuh ala
ardane ginawe gada.
15
Durung punjul, ing kawruh kaselak jujul, kaseselan hawa, cupet kapepetan pamrih, tangeh
nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.
PUPUH IV
G A M B U H
01
Samengko ingsun tutur, sembah catur: supaya lumuntur, dihin: raga, cipta, jiwa, rasa, kaki,
ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon.
02
Sembah raga puniku, pakartine wong amagang laku, susucine asarana saking warih, kang
wus lumrah limang wektu, wantu wataking wawaton.

03
Inguni-uni durung, sinarawung wulang kang sinerung, lagi iki bangsa kas ngetok-ken
anggit, mintoken kawignyanipun, sarengate elok-elok.
04
Thithik kaya santri Dul, gajeg kaya santri brahi kidul, saurute Pacitan pinggir pasisir, ewon
wong kang padha nggugu, anggere guru nyalemong.
05
Kasusu arsa weruh, cahyaning Hyang kinira yen karuh, ngarep-arep urup arsa den kurebi,
Tan wruh kang mangkoko iku, akale keliru enggon.
06
Yen ta jaman rumuhun, tata titi tumrah tumaruntun, bangsa srengat tan winor lan laku
batin, dadi ora gawe bingung, kang padha nembah Hyang Manon.
07
Lire sarengat iku, kena uga ingaranan laku, dihin ajeg kapindhone ataberi, pakolehe
putraningsun, nyenyeger badan mwih kaot.
08
Wong seger badanipun, otot daging kulit balung sungsum, tumrah ing rah memarah
antenging ati, antenging ati nunungku, angruwat ruweting batos.
09
Mangkono mungguh ingsun, ananging ta sarehne asnafun, beda-beda panduk panduming
dumadi, sayektine nora jumbuh, tekad kang padha linakon.
10
Nanging ta paksa tutur, rehning tuwa tuwase mung catur, bok lumuntur lantaraning reh
utami, sing sapa temen tinemu, nugraha geming Kaprabon.
11
Samengko sembah kalbu, yen lumintu uga dadi laku, laku agung kang kagungan Narapati,
patitis tetesing kawruh, meruhi marang kang momong.
12
Sucine tanpa banyu, mung nyenyuda mring hardaning kalbu, pambukane tata, titi, ngati-ati,
atetetp talaten atul, tuladhan marang waspaos.
13
Mring jatining pandulu, panduk ing ndon dedalan satuhu, lamun lugu leguting reh maligi,
lageane tumalawung, wenganing alam kinaot.
14
Yen wus kambah kadyeku, sarat sareh saniskareng laku, kalakone saka eneng, ening, eling,
Ilanging rasa tumlawung, kono adile Hyang Manon.
15
Gagare ngunggar kayun, tan kayungyun mring ayuning kayun, bangsa anggit yen ginigit
nora dadi, Marma den awas den emut, mring pamurunging lelakon.
16
Samengko kang tinutur, sembah katri kang sayekti katur, mring Hyang Sukma sukmanen
sehari-hari, arahen dipun kecakup, sembah ing Jiwa sutengong.
17
Sayekti luwih prelu, ingaranan pepuntoning laku, kalakuan kang tumrap bangsaning batin,
sucine lan Awas Emut, mring alame alam amot.
18
Ruktine ngangkah ngukut, ngiket ngrukut triloka kakukut, jagad agung gimulung lan jagad
cilik, Den kandel kumandel kulup, mring kelaping alam kono.
19
Keleme mawa limut, kalamatan jroning alam kanyut, sanyatane iku kanyatan kaki, Sajatine
yen tan emut, sayekti tan bisa awor.
20
Pamete saka luyut, sarwa sareh saliring panganyut, lamun yitna kayitnan kang mitayani,
tarlen mung pribadinipun, kang katon tinonton kono.
21
Nging aywa salah surup, kono ana sajatining Urub, yeku urup pangarep uriping Budi,
sumirat sirat narawung, kadya kartika katongton.
22
Yeku wenganing kalbu, kabukane kang wengku winengku, wewengkone wis kawengku
neng sireki, nging sira uga kawengku, mring kang pindha kartika byor.
23
Samengko ingsun tutur, gantya sembah ingkang kaping catur, sembah Rasa karasa rosing
dumadi, dadine wis tanpa tuduh, mung kalawan kasing Batos.
24
Kalamun durung lugu, aja pisan wani ngaku-aku, antuk siku kang mangkono iku kaki,
kena uga wenang muluk, kalamun wus pada melok.
25
Meloke ujar iku, yen wus ilang sumelang ing kalbu, amung kandel kumandel ngandel
mring takdir, iku den awas den emut, den memet yen arsa momot.
26
Pamoring ujar iku, kudu santosa ing budi teguh, sarta sabar tawekal legaweng ati, trima lila
ambeh sadu, weruh wekasing dumados.
27
Sabarang tindak-tanduk, tumindake lan sakadaripun, den ngaksama kasisipaning sesami,
sumimpanga ing laku dur, hardaning budi kang ngrodon.
28
Dadya wruh iya dudu, yeku minangka pandaming kalbu, inkang buka ing kijab bullah
agaib, sesengkeran kang sinerung, dumunung telenging batos.
29
Rasaning urip iku krana momor pamoring sawujud, wujuddullah sumrambah ngalam
sakalir, lir manis kalawan madu, endi arane ing kono.
30
Endi manis endi madu, yen wis bisa nuksmeng pasang semu, pasamaoning hebing kang
Maha Suci, kasikep ing tyas kacakup, kasat mata lair batos.
31
Ing batin tan keliru, kedhap kilap liniling ing kalbu, kang minangka colok celaking Hyang
Widi, widadaning budi sadu, pandak panduking liru nggon.
32
Nggonira mrih tulus, kalaksitaning reh kang rinuruh, ngayanira mrih wikal, warananing
gaib, paranta lamun tan weruh, sasmita jatining endhog.
33
Putih lan kuningpun, lamun arsa titah teka mangsul, dene nora mantra-mantra yen ing lair,
bisa aliru wujud, kadadeyane ing kono.
34
Istingarah tan metu, lawan istingarah tan lumebu, dene ing njro wekasane dadi njawi,
raksana kang tuwajuh, aja kongsi kabasturon.
35
Karana yen kebanjur, kajantaka tumekeng saumur, tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi, dadi
wong ina tan wruh, dhewekw den anggep dhayoh.
PUPUH V
K I N A N T H I
01
Mangka kantining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, wedi
weryaning dumadi, supadi niring sangsaya, yeku pangreksaning urip.
02
Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking
pambudi, bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami.
03
Pangasahe sepi samun, aywa esah ing salami, samangsa wis kawistara, lalandhepe mingismingis,
pasah wukir reksa muka, kekes srabedaning budi.
04
Dene awas tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning tunggal, kang atunggil
rina wengi, kang mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam sakalir.
05
Aywa sembrana ing kalbu, wawasen wuwus sireki, ing kono yekti karasa, dudu ucape
pribadi, marma den sembadeng sedya, wewesen praptaning uwis.
06
Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuda saka
satitik, pamotahing nafsu hawa, jinalantih mamrih titih.
07
Aywa mamatuh malutuh, tanpa tuwas tanpa kasil, kasalibuk ing srabeda, marma dipun
ngati-ati, urip keh rencananira, sambekala den kaliling.
08
Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati, lamun kurang ing pangarah, sayekti
karendet ing ri, apese kasandhung padhas, babak bundhas anemahi.
09
Lumrah bae yen kadyeku, atetamba yen wis bucik, duwea kawruh sabodag, yen ta nartani
ing kapti, dadi kawruhe kinarya, ngupaya kasil lan melik.
10
Meloke yen arsa muluk, muluk ujare lir wali, wola-wali nora nyata, anggepe pandhita
luwih, kaluwihane tan ana, kabeh tandha-tandha sepi.
11
Kawruhe mung ana wuwus, wuwuse gumaib baib, kasliring titik tan kena, mancereng alise
gatik, apa pandhita antige, kang mangkono iku kaki.
12
Mangka ta kang aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten nora
jail, tan njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih ening.
13
Kunanging budi luhung, bangkit ajur ajer kaki, yen mangkono bakal cikal, thukul wijining
utami, nadyan bener kawruhira, yen ana kang nyulayani.
14
Tur kang nyulayani iku, wus wruh yen kawruhe nempil, nanging laire angalah, katingala
angemori, mung ngenaki tyasing liyan, aywa esak aywa serik.
15
Yeku ilapating wahyu, yen yuwana ing salami, marga wimbuh ing nugraha, saking heb
kang Maha Suci, cinancang pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki.
16
Mangkono ingkang tinamtu, tampa nugrahaning Widhi, marma ta kulup den bisa, mbusuki
ujaring janmi, pakoleh lair batinnya, iyeku budi premati.
17
Pantes tinulad tinurut, laladane mrih utami, utama kembanging mulya, kamulyaning jiwa
dhiri, ora yen ta ngeplekana, lir leluhur nguni-uni.
18
Ananging ta kudu-kudu, sakadarira pribadi, aywa tinggal tutuladan, lamun tan mangkono
kaki, yekti tuna ing tumitah, poma kaestokna kaki.