NOVEL “NGULANDARA”
Oto
ingkang mogok ning tengah bulak jam setengah enem, kang wonten ing oto yaiku
priyantun jaler umuripun udakawis seketan taun,lan priyantun estri umur tigang
dasa gangsalan taun menawi bojonipun,uga priyantun estri wetawis umur pitulasan
taun menawi anakipun. Mogokipun oto wau wonten tengah bulak kaprenah
sangandhaping dhusun kledhung,ing wayahe peteng,gremis,lan angin ngidit. Wonten
oto ingkang samburinipun lajeng sopir ingkang nduweni tatakrama jangkep mandap
saking oto lan mbenerake oto ingkang mogok wau,sasampunipun oto mboten mogok
malih priyantun jaler ngulungaken tangan ingkang sampun isi arta nanging sopir
wau mboten purun na,peni artanipun.
Oto ingkang sami bidhal, priyantun
tetiga wau bingah,anggenipun otonipn sampun dados lan gumun dhateng sopir
ingkang nulungi tetigi priyantun punika, ananging sopiripun mboten urun nampeni
arta saking priyantun jaler,lan sopiripun nggadahi tatakrama ingkang jangkep
dhateng priyantun punika.
Ing dinten Minggu,wetawis jam wolu
enjing Nonya Tiong Hoa dhateng ngasistenan,kala semanten Den Bei Asisten Wedana
saweg lenggahan kaliyan ingkang putrid kaliyan putranipun wonten ing gadri
wingking,sinambi ngunjuk wedang . sesampunipun lenggah sedaya , nyonyah Hien
Temanggung kaliyan Raden Ayu Asisten Wedana nglajengaken rembagipun. Saweg
rembagan, Raden Bei mangertosi anggenipun sopir ingkang nulungi sopiripun Nyah
Hien ,lajeng sopiripun dipun undhang lan ditakoni ing Raden Bei, menawi
Rapingun ingkang sampun nulungi raden Bei ing bulak , lan Nyonyah Hien gumun
sanget dene Rapingun milih tumut Raden Bei Asisten Wedana tinimbang tumut
Nyonyah Oen ingkang boten badhe ngewahaken pamedalipun .
Rapingun ingkang sampun nderek Raden
Bei nggadahi watek bagus banget,beda karo sopir liya-liyane. Samubarang di
tandangi,nganti ngresiki lan nata buku-buku ing kantore bapak. Raden Bei
nggadahi jaran ingkang apik nanging gemblung, wis ana panegar telu sing di
tekakke meksa ora sida nunggang, jaran punik uga sampun di tawarake, anggenipun
sinten kemawon inggkang gelem ngingu lan nganggo,ning ora ana sing gelem.
Lajeng Rapingun badhe nyobi ngrumat Hel niku nanging mboten purun dhateng Raden
Bei.
Dinten Minggu, Den Bei Asisten
Wedana sakaliyan putranipun medal dhateng margi ageng,Rapingun manahipun seneng
banget amargi Rapingun badhe nglatih Hel, jaran ingkang gemblung,Rapingun dipun
rewangi dhateng Kreta. Hel menika bigar lajeng badhe mbandhang, nanging mboten
saged jalaran dadhune kendhali lan witipun sami sentosa sanget,sareng meh
dumugi Ngadireja saking katebihan Rapingun sumerep Kreta mlajeng methukaken.
Raden Ayu Asisten Wedana mangertosi yen Rapingun numpaki kapal,Raden Ayu
kuwatir sanget dhateng Rapingun.
Amargi Raden Ayu Asisten Wedana
saweg radi puyeng,mangka Jeng Tien ingkang ngaturi serat dhateng Bu Mantri
Gudhang Magelang. Jeng Tien menika kepleset wektu mlebet dhateng oto lajeng
Raden Ajeng Tien lenggah ing ngajeng, Rapingun lajeng minggah ing bak ngajeng sisih
tengen, linggihipun mepet nengen amargi netepi tatakrama ananging Raden Ajeng
Tien mboten sekeca sumerep patrapipun Rapingun kados mekaten amargi ketingal
rekaos sanget. Sasampunipun di kandhani dhateng Raden Ajeng Tien, linggihipun
Rapingun mingser wonten ing sawingkingipun setir leres, ketingal sekeca kados
adat saben. Sareng ngancing kitha Magelang lan dumugi dhateng griyanipun Den
Bei Mantri Gudhang lajeng mandhap saking oto, mlebet teng griyo lajeng padha
lungguhan, lan sareng-sareng nonton peken malem ing Alun-alun.
Ing peken malem Raden Ajeng Tien
mboten mangertos dening Resi Brongsong, mangka ibunipun nyritani Raden Ajeng
Tien bab Resi Brongsong kanthi cetha. Ing ngriku Raden Ajeng Tien ningali
wonten jejaka kali, rambutipun sami madhul-madhul,linggihipun rogeh. Jejaka
kalih wau sakedhap-sakedhap ngulataken Raden Ajeng Tien, Raden Ajeng Tien saya
ketingal pucet,manahipun trataban,kringetipun kumyus wonten ing bathuk lan
gulu. Lajeng Raden Ajeng Tien, sedaya medal saking papan panggonanipun. Boten
dangu jejaka kalih wau ugi nututi mlebeting restoran ngriku, saweg radi tentrem
ing sajawining restoran wonten swanten pating glembor, ing ngriku Raden Nganten
Mantri kaget sumerep Raden Ajeng Tien ketingal pucet sanget, lajeng wangsul
dumugi griyanipun Raden Bei Mantri , nanging Raden Ajeng Tien mboten purun
ngaso amargi badhe langsung kondur teng griyanipun.
Lampahing dalan wonten piet montor
ingkang mbanteraken lampahipun yaiku jejaka kalih ingkang wonten peken
malem,kala wau piet montor kendel, Rapingun kapeksa ngendhekake otonipun, salah
sijine jejaka kalih wau yaiku Hardjana yaiku tiyang ingkang tresna dhateng
Raden Ajeng Tien semangsa sekolah nganti saprene. Wektu Rapingun badhe minggah
ing ot, saking wingking hardjana ngembat tosanipun gligen kaangkahaken ing
sirahipun Rapingun. Rapingun nanging oto mlampah mawon, nalika meh dumugi
pinggiring kitha Temanggung, lampahipun ndadak lajeng alon kemwon, minggir
mangiwa terus kendel. Badanipun Rapingn ketingal lemes, guwayanipun pucet,
mripatipun merem. Raden Ajeng Tien mangertosi yen Rapingun sumaput lajeng dipun
pijeti dening Raden Ajeng Tien, sasampunipun Rapingun melek tanganipun dipun
blebed dening Raden Ajeng Tien.
Rapingun ngayomi sanget dhateng bendaranipun, ing oto
Rapingun matur kalih Raden Ajeng Tien,menawi matur kalih Bapak saha Ibu bilih
tanganipun Rapingun kenging slinger. Dumugi Asistenan Raden Ajeng Tien mandhap,
oto lajeng kalebetaken ing kandhang,Rapingun terus dhateng patilemanipun. Raden
Ajeng Tien criyos dhateng Bapak menawi tanganipun Rapingun abuh kenging
slinger.Raden Bei Asisten sekaliyan kaget terus murugi kamaripun
rapingun.Samenika Rapingun kaliyan Raden Bei Asisten sakaliyan Raden Ajeng Tien
padha mrebes mili.
Seminggu Rapingun wonten griya
sakit, saweg dumugi griya sakit Raden Ajeng Tien miring Rapingun saweg
rengeng-rengeng dhandhanggula, rawuhipun Raden Ajeng Tien ngandhani Rapingun
badhe diajak Bapak dhateng Sala, nanging Rapingun mboten purun amargi Rapingun
purunipun Dhateng Semarang. Raden Ajeng Tien kraos aneh dhateng Rapingun,
criyos menawi ibu tampa layangng saka Bu Gedhe Sala kana ingkang lagi sekel
banget panggalihe, jalaran putrane siji tur kakung Raden mas Sutanta wis kurang
luwih pitung sasi iki lunga saking Sala tanpa pamit, nganti saprene ora ana
kabare, Raden Ajeng Tien lajeng menehi potrete Bapak lan Ibu Gedhe, ingkang
menika gadhahane rapingun. Lajeng Raden Ajeng Tien maosaken laying saking bu
gedhe kangge putranipun. Sasampunipun kandaan kalih Rapingun lajeng raden Ajeng
Tien menehi kalung lan mainan jantung kang asli saka kringet Raden Ajeng Tien,
sasampunipun kalung dipunanggekaken Rapingun lan Raden Ajeng Tien balik.
Tigang minggu Rapingun wonten griya
sakit, let setengah wulan sawangsulipun saking griya sakit,saya dangu susahipun
Rapingun ngrebda, sampun kalih dinten Raden bei Asisten sumerep Rapingun
suntrut pasemonipun, badanipun ketingal sajak lungkrah, kala punika Raden Ayu
Asisten Wedana tanpa subawa lajeng ngengakaken konten, terus mlebet dumugi
nglebet,kaget amargi Rapingun saweg linggih ing patileman,mangku
guling,tanganipun kiwa nyanggi pilinganipun,mripatipun ketingal abrit saking
wedaling luh ingkang sampun ragi dangu, lajeng rapingun dijak metu saking
kamar,di takeni dhateng Raden Bei Asisten Wedana, lajeng Rapingun sumahur
menawi Rapingun kengeten dhateng tiyang sepuhipun, sasampunipun crita Rapingun
di kongkon niliki sepuhipun teng griyane Rapingun, ing ngriku rapingun pamit
dhateng raden Bei Asisten Wedana.
Kesahipun Rapingun saking griya
asistenan ngadiraja dipun getuni dening tiyang sugriya. Sapinten getunipunDen
Bei Asisten Wedana sekaliyan tuwin putranipun dene anggenipun nyangoni mboten
dipun tampeni,naming kapendet sadasa rupiyah sampun jangkep sewulan,namung
Rapingun ngirin layang dhateng Den Bei Asisten Wedana lan Raden Ajeng Tien menawi
rapingun mboten dhateng Asisten Ngadireja, amangke raden Ayu Asisten Wedana
brebel-brebel ngedalaken luh, Raden Ajeng Tien maos kaliyang kaca-kaca.
Ing dinten Rapingun alias Raden Mas
Sutanta sowan dhateng griyanipun Mantri Guru, lajeng Raden Mas Sutanta
omong-omongan kaliyan Den Bei Mantri. Den Bei Mantri Guru pancen saged momong
kanca nem sepuh, tur jembar memanahipun , cucrut cecriosanipun. Raden Mas
Sutanta ngantos tigang jam wonten mriku,lajeng pamitan, saweg pamitan dhateng
priyantun putrid teng wingking, ing ngajeng onten oto mandeg, yaiku Raden Bei
Asisten Wedana sekaliyan sowan dhateng Den Bei Mantri Guru. Raden Mas Sutanta
medal saking dalem lajeng tetepangan kaliyan Den Bei Asisten wedana kaliyan
Raden Ajeng Tien, laajeng Raden Mas Sutanta dipun rangkul ananging Den Bei Guru
namung nylinguk-nylinguk ananging mboten mangertos punapa-punapa.
Ing dinten senen jam wolu enjing
wonten oto mlampah dumugi kawedanan ing kedhungwuni , oto kaenggokaken dhateng
plataran sakiwaning pandhapi, ing oto menika yaiku Raden Mas Sutanta lan ugi
Raden Ajeng tien. Den Bei methukaken dhateng plataran, samenika Raden Mas
Sutanta kaliyan Raden Ajeng Tien sampunu dados garwanipun,lan saniki Raden
Ajeng Tien saweg ngidam.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar